Asal Usul Keraton Pati Pesantenan: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Tanpa ringkesan besutan
Tanpa ringkesan besutan
Larik 2:
Kawiwitan saka pamarintahan [[R. Kembangjoyo]], sing bisa nggatukaké telung pamarintahan wektu kuwi yaiku pamarintahan [[Paranggaruda]], [[Carangsoka]], lan [[Mojosemi]]. Kadipatèn Paranggaruda wilayahé ana ing kidul kali [[Juwana]]. Panguasa kadipatèn Paranggaruda gelaré '''Adipati Yudapati'''. Wilayah kakuwasan kadipatèn Paranggaruda yaiku daérah sing saiki dadi kecamatan [[Batangan]], [[Jaken]], [[Jakenan]], [[Pucakwangi]], [[Winong]], [[Sukolilo]], [[Kayen]], [[Tambakromo]], [[Gabus]] lan separoné wilayah [[Rembang]]. Petilasan pusat pamarintahan Paranggaruda ana ing desa Goda kecamatan Winong. Kadipaten Carangsoka lan Mojosemi wilayahé ana ing daerah lor kali Juwana. Panguasa kadipatèn Carangsoka duwèni gelar '''Adipati Puspahandungjaya''', duwèni putra tunggal jenengé '''Dewi Rayungwulan'''. Wilayah kadipatèn Carangsoka yaiku daérah sing saiki kecamatan [[Trangkil]], Juwana, [[Pati]], [[Margorejo]], [[Tlogowungu]], [[Gembong]], [[Wedarijaksa]], [[Margoyoso]], [[Tayu]], [[Dukuhseti]], [[Gunungwungkal]], [[Cluwak]] lan separo ngliputi wilayah [[Jepara]] wétan. Petilasan pusat pamarintahan Carangsoka ana ing désa Sukoharjo kecamatan Wedarijaksa.
 
Wektu iku telung kadipatèn iku kapisahaké karodening segara / selat sing saiki dadi kali Juwana utawa jaman kaé dijenengi kali Silugonggo. Yen warga Pati saiki ngarani kali Ngantru.
 
Adipati Yudapati, penguasa kadipatèn Paranggaruda iku diréwangi karo Patih, yaiku '''Yuyurumpung''' sing duwèni prajurit kang diandalaké yaiku Sondong Majeruk lan diréwangi para bekel lan demang Gendolo, demang Semut, demang Gunungpati, demang Tlogomoyo, demang Jembangan. Adipati Yudapati duwé putra tunggal jenengé R. Bagus Menakjosari. Nanging rupané èlèk lan cacat ing tangan lan driji-drijiné. Adipati Yudopati duwèni angen-angen arep ngentukaké R. Josari karo Dèwi Rayungwulan putra tunggal R. Puspohandungjoyo. Nanging amarga duwèni rupa èlèk, cacat lan dhèwèkè krungu yèn R. Josari iku duwèni watek sombong, congkak, seneng foya-foya ngentèkaké dhuwit Negara, mula iku dhèwèké arep nolak lamaran saka R. Josari kanthi cara kang alus, dhèwèké gelem nikah yèn R. Josari nyanggupi syarat sing dijaluk, yaiku Dewi Rayungwulan njaluk pinangan seperangkat gamelan kang bisa muni dhéwé. Krungu kaya ngono R. Josari rainé abang, dhèwèké nganduk amarga syarat iku ora bakal bisa diwènèhaké, iku awujud penolakan alus.