Wayang kulit: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Tanpa ringkesan besutan
Pras (parembugan | pasumbang)
+
Larik 11:
 
wayang kulit uga asring sinebut wayang purwa. sumber caritane yaiku saka kitab Mahabarata lan Ramayana kang ditulis dening mpu sedah, mpu panuluh, lan mpu kanwa.
 
==Karakteristik wayang<ref>Kolèksi Museum Ranggawarsito Semarang</ref>==
===Wangun irung:===
*Irung Walimiring: Katon kaya piso blathi cilik, kanggo nuduhaké alusing watak lan kabangsawanan, conto: Arjuna, Samba, Kresna.
*Irung Pelokan: Kaya wangun separo who pelem, nuduhaké pepadhan karo watak raseksa kasar lan kuwat. Conto: Buta Rotor, Bragolba, lan paraga buta liyane.
*Irung Pagotan: kanthi cangkem gusèn, nuduhaké watak galak lan kejem. Conto: Radèn Indrajit, Radèn Kongso.
*Irung Bentulan: Nuduhaké keprajuritan. Conto: Gatotkaca, Gandamana, Bratasena.
*Irung Bruton: Nuduhaké sipat lucu, conto:Bagong.
*Irung Sumpel: Nuduhaké sipat lucu, conto:Semar lan Limbuk.
*Irung Térong: Nuduhaké sipat bisa narik kawigatèn, kaya pelawak. Conto>Garèng
*Irung Cempaluk: Nuduhaké sipat konyol kaya badhut. Conto:Pétruk.
*Irung Pèsèkan: Nuduhaké lucu. Conto: Togog, Mbilung, Wanara.
 
===Lambé lan garis cangkem===
*Cangkem Domis: Wangun cangkem satriya, nuduhaké kaélokan lan watak sènsitif
*Cangkem Gusèn: Nggambaraké watak sok sarwa weruh, tanggung. Conto:Patih Sangkuni lan Kartomarmo
*Cangem Ngablak: Kabuka lan katon gusiné. Nggambaraké watak raseksa. Conto: Boma, Durmagati
 
===Tlapukan===
*Mata Gabahan: Awangun wulir beras. Matané para ksatriya.
*Mata Kedhelèn: Awangun wiji kacang, mata tokoh kaya Baladéwa, Setyaki
*Mata kedhondhongan: Awangun wiji kedhondhong, mata Patih Sengkuni lan Kartamarma
*Mata Pelengan: Nggambaraké karakter kejem, Indrajid lan Kongso
*Mata Penanggal 1: Awangun wulan tanggal sepisan, nggambaraké watak sing ora bisa dipercaya. Conto: Cakil lan Pendhita Durna.
*Mata Kolikan: Nggambaraké watak lucu kaya Semar.
*Mata Plolo: Nggambaraké watak bodho lan gampang dibodhoni. Conto: Bagong lan Togog
 
==Uba Rampe==