Trunajaya: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Tanpa ringkesan besutan
Tanpa ringkesan besutan
Larik 16:
'''Kawon Dening VOC'''
Sasampunipun upaya damai mboten kasil, VOC ingkang dipun pandhegani [[Gubernur Jendral Cornelis Speelman]] pungkasanipun musataken kekiyatan kagem mengsah Trunajaya. Wonten segara, VOC nglempakaken wadya bala [[Bugis]] ingkang dipun pandhegani dening [[Aru Palakka]] saking [[Bone]] kagem nyengkuyung paperangan wonten ing segara mengsah wadya bala Karaeng Galesong lan ngedalaken wadya bala [[Maluku]] ingkang dipun pandhegani [[Kapitan Jonker]] kagem nindakaken panyerangan darat kanthi ageng agengan kaliyan wadya bala Amangkurat II.
Wonten ing April 1677, Speelman sarta wadya bala VOC bidhal kagem hanyerang Surabaya lan kasil nguaosi. [[Speelman]] ingkang mandhegani wadya bala gabungan kanthi kekiyatan kirang langkung 1.500 tiyang kasil ndesek Trunajaya. Benten Trunajaya sekedik mbaka sekedik saget dipun kuaosi dening Voc. Pungkasanipun Trunajaya saget kakepung, lan nyerah wonten ing wukir Kelud ing surya 27 Desember 1679 dhateng Kapitan Jonker. Trunajaya salajengipun dipun pasrahaken dhateng Amangkurat II ingkang wonten in Payak, Bantul. Wonten ing Surya 2 Januari 1680 Amangkurat II ngukum pejah Trunajaya.
'''Kawontenan Sasampunipun'''
Kanthi leremipun kraman Trunajaya, Amangkurat II mindhahaken keraton [[Plered]] ingkang sampun ambruk dhateng Kartasura. Mataram gadhah utang ragat peperangan ingkang mekaten agengipun dhateng VOC, sahingga pungkasanipun kitha-kitha wonten ing [[Pesisir Lor Jawi]] dipun pasrahaken dhateng VOC. Cakraningrat ugi kaangkat malih dening VOC minangka panguaos wonten ing Madura, lan wiwit wekdal punika VOC ugi ndherek nemtokaken suksesi lan panguaos wonten ing Madura.