Wayang: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
MerlIwBot (parembugan | pasumbang)
Larik 9:
Wayang iki ora mung sumebar ing Jawa waé, nanging uga ing tlatah liya ing [[Nuswantara]]. Pagelaran wayang wis diakoni déning '''UNESCO''' ing tanggal [[7 November]] [[2003]], dadi karya kabudayan kang édi péni ing babagan crita dongéng lan warisan sing berharga banget ''(Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity).'' Suwaliké, UNESCO nyuwun supaya Indonesia njaga (''preserve'') warisan kuwi.<ref>[http://www.unesco.org/culture/ich/index.php?RL=00039 Indonesian Wayang Inscribed in 2003 on the Representative List of the Intangible Cultural Heritage of Humanity]</ref>.
==Sajarah==
Para ahli durung ana kang bisa mesthèkakémasthèkaké kapan wayang wiwit ana ing [[Indonésia]]. Nanging yèn ndeleng [[prasasti]] lan tinggalan jaman kepungkur, wayang kira-kira wis ana sadurungé agama [[Hindu]] mlebu. Nalika kuwi lakon wayang durung nganggo crita-crita kang dijupuk sekasaka India. Pagelaran iki dienggo sranasarana nyembah marang roh leluhur.
 
Sawetara anggitan sastra jaman Mataram anyar akèh kang nulis perkara sajarah wayang. Nanging, para ahli sajarah ora sarujuk marang apa kang tinulis ing kono amarga ora cocok marang cathetan lan tinggalan sajarah kang wis ana.
Larik 15:
Prasasti paling kuno ana ing [[abad kaping IV]] [[Masehi]]. Prasasti ngemot ukara ''mawayang'' kanggo pagelaran pahargyan [[sima]] utawa bumi perdhikan. Katrangan kang luwih trewaca ing prasasti [[Balitung]], udakara 907 Masehi. Ing kono tinulis ''si galigi mawayang bwat Hyang macarita bimma ya kumara''. Artiné kira-kira: Si Galigi ndhalang kanggo Hyang kanthi lakon Bimma Sang Kumara."
 
Agama Hindu kang mlebu ing [[Nusantara]] gawé crita wayang béda karo asliné. Crita [[Ramayana]] lan [[Mahabharata]] wiwit dienggo kanggo dakwah agama. Ing panguwasaning [[Dharmawangsa Teguh]] (991-1016), akèh crita sekasaka India kang mlebu lan digawé gagrag jawané. Wayang wiwit nyebar ing ngendi-ngendi nalika [[Majapahit ]] nguwasani Nusantara.
 
Crita-crita kang asliné sekasaka India iku pungkasané wis geseh karo maunésadurunge. Para pujangga Jawa gawé crita dhéwé kanggo mepaki apa kang wis ana. Ing Pedhalangan, crita-crita iki sinebut ''lakon carangan''.
 
Jaman [[Islam]] mlebu, [[Walisanga]] uga nganggo wayang ing panyebarané. Ing jaman iki wiwit ana [[Wayang Menak]]. Gagrag-gagrag tambah akèh ngepasi [[Mataram anyar]]. Walanda kang digdaya gawé kraton [[Surakarta]] ngracik akèh crita wayang kanggo nglelipur ati.