Dhialèk Banyumasan: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Pras (parembugan | pasumbang)
typo
Tanpa ringkesan besutan
Larik 1:
'''Dhialek [[Banyumasan]]''' dituturke ing tlatah Banyumasan, kasebar mulai [[Kebumèn, Cilacap, Banyumas, Purbalingga, Banjarnegara, Pemalang, Tegal, Brebes nganthi tlatah Pasundan, molai Cirebon - Indramayu lan Banten lor]].
Dhialèk Banyumasan dianggep minangka logat [[Basa Jawa]] sing paling tuwa. Bab iki ditandhani kanthi anané sawetara tembung jroning Basa kawi/sanksekerta sing arupa asal’e basa jawa sing isih dianggo ing dhialèk Banyumasan kayata tembung rika (jw = kowé, ind = kamu), uga tembung inyong sing asal saka ingong sarta pangucapan vokal a sing utuh ora kaya å (waca a tipis / miring) sing dadi pocapan dhialèk Banyumasan kayadéné [[basa sangskerta]]. Sadurungé kena prabaw saka kraton/krajaan, basa jawa amèh ora ana prabédan antara krama inggil lan ngoko. Sawisé mangsa krajaan-krajaan jawa, basa jawa ngalami pangalusan, yaiku basa sing dianggo déning rakyat biasa lan sing dianggo déning kulawarga krajaan dibédakaké pocapané senadyan maknané padha.
Basa Banyumasan nduwèni ciri khas ya iku arupa pocapan ing vokal a sing dipocapaké utuh ora å (waca a tipis) kaya ing logat basa jawa. Logat iki nduwèni panekanan aksara-aksara luwih cetha utawa luwih kandel, kayata [[aksara]] k ing pungkasan tembung diwaca nyedhaki uni g, aksara p nyedhaki b,panambang ki dadi ti lan aksara l sing pocapané kandel, uga ana sawetara partikel tambahan sing bisa didadèkaké ciri logat banyumasan kayadéné lah, yuh, la, thok, baén, géh, gyéh, baé, tuli, teli, acan lll.