Sèl (biologi): Béda antara owahan

76 bèt wis ditambahake ,  9 taun kepungkur
tanpa ringkesan besutan
c (r2.7.1) (bot Mengubah: stq:Sälle (Biologie))
-->
[[Gambar:Cork Micrographia Hooke.png|right|300px|thumb|Gambar struktur sèl gabus tutup gendul sing didelok nganggo mikroskop déning [[Robert Hooke]] saka buku [[Micrographia]] sing dadi mula bukané tembung '''sèl''' dipigunaaké kanggo ndhèskripsikaké unit paling cilik organisme urip]]
'''Sèl''' iku unit organisasi paling cilik sing dadi dhasar kauripan ing pangertèn [[biologi]]s. Kabèh fungsi kauripan diatur lan dumadi ing njeron sel|sèl. Amarga kuwi, sel bisa nduwé fungsi sacara autonom yèh kabèh kabutuhan uripe||uripé kecukupan.
Makluk urip (organisme) kasusun saka siji sèl tunggal (''uniselular'', umpamané [[baktèri]], [[Archaea]], sarta sapérangan [[fungi]] lan [[Protozoa]]) utawa saka sèl akèh (''multiselular''). Ing organisme multiselular dumadi pambagéan tugas marang sel-sel panyusuné, sing dadi dhasar kanggo [[hirarki urip]].
 
== Sajarah panemon sèl ==
 
Wiwitané sèl digambaraké ing taun 1665|[[1665]] déning sawijining èlmuwan Inggris|[[Inggris]] [[Robert Hooke]] sing wus nliti irisan tipis [[gabus]] nganggo [[mikroskop]] sing dirancang dhéwé. Tembung ''sèl'' asalé saka tembung [[basa Latin|Latin]] ''cellulae'' sing tegesé 'kamar-kamar cilik'. [[Anton van Leeuwenhoek]] nglakokaké akèh pangamatan marang benda-benda lan jasad-jasad renik lan nedahaké sepisanan marang donya yèn ana "kauripan ing donya liya" sing durung tau dideleng déning manungsa. Karyané dadi dhasar kanggo cawang [[biologi]] sing wigati saiki yaiku [[mikrobiologi]].
 
Perkembangan mikroskop suwéné mèh 200 taun sabanjuré wis mènèhi kasempatan marang para ahli kanggo nliti susunan awak makluk urip. Sarangkéyan panlitèn wis dilakokaké déning rong èlmuwan saka [[Jerman]] yaiku [[Matthias Schleiden]] (ahli tetenduran, [[1804]]-[[1881]]) lan [[Theodor Schwann]] (ahli kéwan, [[1810]]-[[1882]]). Loro èlmuwan mau nyimpulaké yèn saben makluk urip kasusun saka sèl. Sabanjuré ing taun [[1885]] sawijining èlmuwan Jerman, [[Rudolf Virchow]], ngamati yèn sèl bisa milah dhiri lan mbentuk sèl-sèl anyar.
* [[inti sel]] utawa nukleus.
 
Sitoplasma|[[Sitoplasma]] lan nukleus|[[nukleus]] sacara bebarengan nyusun [[protoplasma]]. Ing njero sitoplasma ana manéka warna [[organel]]. Sel tetanduran, [[ganggang|alga]] lan prokariota|[[prokariota]] ngembangaké [[dinding sel]] sauntara sèl kéwan ora. Sapérangan organisme nduwé [[flagelum|flagella]] ing sèlé kanggo nggampangaké anggoné obah.
 
=== Membran sél ===