Kakawin Arjunawiwāha: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Tanpa ringkesan besutan
Larik 8:
Ing jaman saiki karo wong Jawa kakawin iki sakala-kala diarani ''Serat Mintaraga'' utawa ''Serat Wiwaha Kawi''.
 
==Ringkesan caritaCarita==
[[Gambar:Arjunawiwaha canto 5.jpg|thumb|512px|Rong lempir lontar Arjunawiwaha]]
Tèks iki nyritakaké sang [[Arjuna]] nalika mbangun tapa ing [[gunung]] [[Mahameru]]. Banjur Arjuna digodha Jawata, dhèwèké banjur dikirim pitung widadari. Para widadari iki didhawuhi nggodha Arjuna. Jeneng widadari sing misuwur iku [[Suprabhā]] lan [[Tilottamā]].
 
Sedaya puji tumrap panjenengane ingkang wicaksana (paramārtha-paņḍita). Niwātakawaca, satungaling rasaksa (ditya) siyap-siyap badhe nyerang lan ngancurake suwarga, Kerajaan Indra. Raksasa mau sekti mandraguna lan ora bisa dikalahake dening Dewa lan raksasa, mangka Indra milih kanggo nyuwun pitulung tumrap manungsa. Boten angel lan dangu ingkang dipunpilih inggih punika [[Arjuna]] ingkang saweg tapa brata ing Gunung Indrakīla , ananging kedah dipuncoba ketabahanipun anggene yoga, sebab prakara iki bisa dadi jaminan supados panjenengane temen anggene nulungi lan dados asil ingkang dipunkersakake. Wonten widadari cacahe pitu kang ayu sanget praupane sebab dipunciptakake dening Brahmā migunakaken sekawan rai lan Indra sewu mata, ing antarane [[Tilottamā]] lan [[Suorabhā]]. dipunutus kagem nemuni [[Arjuna]] lan migunakaken keelokan praupane kagem ngrayu [[Arjuna]].
Para widadari iki ora bisa nggodha Arjuna, mula Bathara [[Indra]] rawuh dhéwé mindha dadi [[brahmana]] sepuh. Banjur loro-loroné guneman lan dhiskusi prakara [[agama]] lan Bathara Indra ngwedaraké jati dhiriné lan sakwisé tindhak.
 
Nalika para widadari tumuju ing Gunung Indrakīla katon kaendahan alaming gunung iku. Ditambah maneh rasa kasmaran para widadari macak lan ngrembukaken kepiye carane supados ingkang dipuntuju kagayuh. Satekaneng Goa kang diagem dening [[Arjuna]] kanggo semadi, lajeng para widadari maringi ngertos kaendahan paraupanipun tumrap [[Arjuna]] lan migunakaken akal kang bisa digunakaken kagem nggoda [[Arjuna]], ananging sia-sia belaka. Kanthi rasa kuciwa para widadari mbalik ing suwarga. lan ngatur panglipuran tumrap [[Batara Indra]]. Ananging iku mau ndadosaken bungah ing manahing para Dewa, sebab iku bisa dadi bukti kasektenaning [[Arjuna]]. Namung siji kang dados raguning panjenengane, apa tujuaning [[Arjuna]] tapa brata namung kanggo golek kabahagiyan lan kakuwasaan tumrap [[Arjuna]], saenggo [[Arjuna]] ora perduli tumrap kaselamataning wong liya ? Kagem madosi kapesten, [[Batara Indra]] nemuni [[Arjuna]] kanthi njelma dados tiyang sepuh wicaksana. Panjenengane dipunsambut kanthi sae lan ing dialog kababar babagan kekuwasaan lan kenikmatan kanthi makna kang sejati. Ing sekabehing wujud, kabahagayaning suwarga, kanikmatan lan kakuwasaan ing donya iku semu lan ilusi;sebab namung sawetara lan ora mutlak, mangka tetep tebih saking kang Maha Mutlak. Sapa wong kang pengin nggayuh kasempurnaan lan pelepasan terakhir, kudu nglewati donya ujud lan wewayangan kang nyesataken, sampun ngantos kabendung. Niki wau ingkang dipunjlentrekahen dening [[Arjuna]]. Panjenengane negesake, dene tapa bratane hanamung ngalampahi kawajiban kșatriya sarta mbiyantu kangmasipun, [[Yudhișțhira]] kagem mundhut malih kerajaan lan kesejahteraan donya. [[Batara Indra]] remen sanget, lan maringi ngertos sinten sejatine panjenengane lan bgramalaken, dene [[Śiwa]] bahde pepanggihan kaliya [[Arjuna]], lajeng panjenengane kondur. [[Arjuna]] nerasaken anggene tapa-brata.
Banjur sawisé ana sawijining cèlèng buta gedhé sing mara lan ngamuk. Arjuna terus njupuk gandhéwané lan babiné dipanah mati. Nanging ing nalika barengan karo Arjuna ing wektu sing padha, ana sawijining juru bedhog tuwa sing mara lan mèlu panah. Banjur loro-loroné padha garejegan sapa sing luwih disik manah. Tibaké juru bedhog iki Bathara Siwa.
 
Raja para Raksasa sampun ngertos babagan perkawis kang kedaeyan ing Gunung Indrakīla. Panjenengane ngutus satunggaling raksasa, Mūka kagem mateni [[Arjuna]]. Awujud babi alas rasaksa mau ngrusak alas. [[Arjuna]] kaget, nyiyapaken pusakaning lan medal saking gowa. Nalika samanten, [[Śiwa]] sampun mireng dene [[Arjuna]] ngalampahi tapa-brata kanthi sae. Dugi arupi pemburu saking wong kaasing, yaiku wong Kirāṫa.
Sawisé iku Arjuna diparingi tugas didhawuhi matèni [[Niwatakawaca]], sawijining buta sing ngrusuhi [[kahyangan]].
 
==Manggala==