Ènsiklopédhi: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
MerlIwBot (parembugan | pasumbang)
cTanpa ringkesan besutan
Larik 15:
Ing jaman modhèrn tembung ènsiklopédhi kaping pisan dienggo déning [[Paul Scalich]], sawijining panulis [[Jerman|Jèrman]] ing taun [[1559]]. Banjur filsuf [[Inggris]] [[Francis Bacon]] ing awal abad kaping-17 nganggo tembung iki ing teges modhèrn.
 
Nanging konsèp tembung ènsiklopédhi lagi dienggo ing pangertèn kaya saiki sawisé ditepungaké déning [[Denis Diderot]], sawijining panulis lan filsuf [[Prancis]] uga nganggo tembung iki kanggo mènèhi jeneng proyèk sing lagi digarap digarap karo dhèwèké.
 
Proyèké sing uga bisa diarani proyèk abad kaping-18 iki suwéné ana 30 taun, saka taun [[1750]] – [[1780]]. Don proyèk iki kanggo nulis ''secara'' sistèmatis kabèh kawruh sing dingertèni kabèh umat [[manungsa]].
Ing [[basa Prancis]] ènsiklopédhi Diderot iki diarani: ''Encyclopédie ou Dictionnaire raisonné des sciences, des arts et des métiers''. Tegesé ing basa IndonesiaJaw iku “Ènsiklopédhi utawa Kamus sing ana catetané prakara sains, seni, lan pakaryan”.
 
== Ènsiklopédhi Jaman Klasik ing Tanah Jawa ==
Larik 29:
Buku-buku iki isiné carita siswa lelana lan sinau ing ngendi-endi. Ing saben papan sing diampiri, siswa iki sinau prakara-prakara anyar. Buku-buku iki kerep kandelé nganti pirang-pirang jilid. Wiwitané pancèn ditengeri panglumpukan karya-karya bab kabèh jinis kawruh sing dirangké dadi siji.
 
Banjur ing tengahé [[abad kaping-19]], sang [[pujangga]] [[Kasunanan Surakarta]]; Ki [[Ranggawarsita]] nulis sawijining karya sastra sing diparingi jeneng layang ''[[Pustaka Raja Purwa]]''. Akèh wong sing nggandrungi buku iki. Isiné perkara werna-werna carita bab sejarah ratu-ratu jaman kuna lan liya-liyané. Carita-carita iki ditulis miturut cara [[kronologi]]s déning Ki Ranggawarsita. Malahan sawisé Ki Ranggawarsita ora nerusaké carita iki, ana wong-wong liya sing nerusaké. di
 
Kurang luwih waktuné padha karo Ranggawarsita, ana uga sawijining karya sing asifat ènsiklopédhik ing [[Surakarta]] déning Ki [[Padma Susastra]] (Wira Pustaka). Kitab iki déning Ki Padma Susastra diparingi jeneng ''[[Bauwarna (Padma Susastra)|Bauwarna]]''. Karyané iki wis asifat modhèrn, amarga bahan-bahan sing dibahas lan dimot ing bukuné disusun miturut abjad. Mula karo kitab Bauwarna iki, awaké dhéwé wis tekan ing éra modhèrn lan nutup éra klasik.