Kakawin Arjunawiwāha: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
JV01157EKO (parembugan | pasumbang)
cTanpa ringkesan besutan
Larik 17:
Raja para Raksasa sampun ngertos babagan perkawis kang kedadéyan ing Gunung Indrakīla. Panjenenganè ngutus satunggaling raksasa, Mūka kagem matèni [[Arjuna]]. Awujud celeng alas rasaksa mau ngrusak alas. [[Arjuna]] kagèt, nyiyapaken pusakaning lan medal saking gowa. Nalika samanten, [[Bathara Śiwa]] sampun mireng déné [[Arjuna]] ngalampahi tapa-brata kanthi saé. Dugi arupi pemburu saking wong kaasing, yaiku wong Kirāṫa. Antarané [[Arjuna]] lan jalmaning [[Bathara Śiwa]] ngésotaké panah bebarengan, lan cèlèng mau mati. Jebulé panah loro mau iku nyawiji, lan nybabaken [[Arjuna]] lan jalmaning [[Bathara Śiwa]] tandhing sapa kang bisa nuntut kéwan mau. Ora namung tandhing nanging ditambahi padu kang gawé hawané sansaya panas. Sakabehing panah-panah [[Bathara Śiwa]] disotké kekuwatané lan akhiré ajur. Panjenengané padha dados tandhing awak. Nalika [[Arjuna]] arep kalah, panjenengané nyekeli sukuning lawané nanging [[Bathara Śiwa]] mbalik saka jalmaning. Lan njalma awujud ardhanarīśwara (separo lanang, separo wadon) ing dhuwuring sekar padma. Lajeng [[Arjuna]] muja panjennegané kanthi sekabehing wujud kang mujud ing kabèh banda. [[Bathara Śiwa]] maringi hadiah marang [[Arjuna]] sawijining panah sakti mandraguna kang aran panah Paśupati. Sarta cara migunakaken panah mau. Lajeng panjenengané ngilang.
 
Nalika [[Arjuna]] bingung milih antarané balik apa tetep tapa-brata, ana rong apsara (makhluk separo déwa separo manungsa) teka gawa layang saking [[Bathara Indra]]:panjenengané nyuwun supados [[Arjuna]] madep, mbiyantu para Déwa ing rencana kanggo matèni [[Niwātakawaca]]. [[Arjuna]] ragu, sebab ndadosaken langkung suwé anggèné panjenengané pisah kaliyan kulawarga lan sedèrèkipun, nanging panjenengané sarujuk. Panjenengané migunakaken rasukan lan [[sandhal]] ingkang dipunaturaken dening ''aspara'', lajeng minggah tumuju ing swarga, dalemipun [[Bathara Indra]]. Swarga dados ramé, para widodari seneng. [[Bathara Indra]] njlentrehaken kahanan ingkang boten sae tumrap para Dewa sebab gawèané [[Niwātakawaca]]. Patineng rasaksa mau namung bisa kedaden dening setunggaling tiyang.
 
==Manggala==