Évolusi: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
TracySurya (parembugan | pasumbang)
c Evolusi dipun-alihaken menyang Évolusi: pasang aksara
Tanpa ringkesan besutan
Larik 1:
'''Évolusi''' dhasaré nduweni teges prosès owah-owahan kang suwéné tinentu. Ing konteks biologi modhérn, évolusi tegesé owahé [[frekuensi]] gén ing sawijining [[populasi]]. Akumulasi owahé gen iki njalari dumadine owahé makhluk kang urip. Éwadéné teori evolusi mesthi diasosiasèké karo [[Charles Darwin]], nanging sanyatané gagasan téori évolusi wis berakar kawit jaman [[Aristoteles]]. Éwadéné mangkono, Darwin iku [[ilmuwan]] pisanan kang nyetusaké [[téori]] évolusi sing wis akèh kaboktèkaké mapan ngadhepi test-test ilmiah ("scientific testing"). Tekan saiki, téori évolusi Darwin kang dumadi amarga [[seleksi alam]], iku téori paling apik lan kemungkinan besar bakal tetep mengkono ing mangsa ngarep<ref> White, Michael & Gribbin, John: "Darwin: A Life in Science", Simon & Schuster, London, 1995.</ref>
 
==Tokoh Évolusi==
Larik 7:
[[Jean Baptiste de Lamarck]], sawijining naturalis saka [[Prancis]], kuwi ilmuwan pisanan sing ngajukaké gagasan dumadiné owah-owahan tumrap makhluk urip bebarengan karo wektu amarga seka pangaruh lingkungan.
 
[[Gregor Mendel]] iku pendeta lan ilmuwan saka [[Ceko]], kang nyinaoni èlmu keturunan. Kanthi ngobservasi/ utawi nliti kacang polong pirang-pirang taun suwené, Mendel njupuk kesimpulan menawa ana sawijining [[patron]] ning keturunan. Asil penyelidikan Mendel dadi dhasar èlmu [[genetika]].
 
[[Charles Darwin]] iku sawijining naturalis [[Inggris]] kang mèlu ekplorasi kapal ''HMS Beagle'' kanggo nggawé péta pelabuhan donya ing taun [[1831]]. Sakwéné perjalanan iku Darwin nliti kéwan werna-werna lan tetanduran kang ditemoni. Darwin ana ing [[Kapuloan Galapagos]] kurang luwih 2 sasi lan nglakoni macem-macem pangamatan tumrap macem-macem kéwan kang ana ing kapuloan terpencil iku. Seka pangamatan iki, lan uga macem-macem pangamatan terusané kang dilakoni sakjroné puluhan taun tumrap koléksi kéwan lan tetanduran kang dientuki kuwi Darwin nggawé embrio téori évolusi. Ing taun [[1859]], Darwin nerbitaké ''"On the Origin of Species by means of Natural Selection"'', kang nyajèkaké bukti-bukti kang nunjukaké menawa kauripan wis ngalami évolusi sakjrone sajarahé lan menawa mékanisme kang njalari dumadiné évolusi iku [[seleksi alam]].
 
[[Alfred Russel Wallace]] iku sawijining naturalis [[Inggris]] kang sugeng samangsa Darwin. [[Wallace]] sacara kapisah uga mikiraké téori évolusi idhentik kaliyan Darwin. Darwin lan [[Wallace]] cukupcekap suwé koréspondhensi sacara ilmiah. Wallace malah akèh ngirim spesies-spesies panemon anyar saka [[Asia]] tinuju Darwin supaya ditliti. Wallace téori bab évolusi, miturut dhèwèké, iku asil pamikiran kang tumeka sacara spontan. Ing pihak liya, téori évolusi Darwin iku asil pamikiran sacara métodis kan suwéné mataun-taun. Ironisé, Darwin dadi misuwur banget tinimbang Wallace dhéwé. Nanging, Wallace iku salah siji pambela Darwin lan téoriné ing mangsa kontrovérsial sawisé buku "[[The Origin of Species]]" katerbitaké.
 
Éwadéné gagasan évolusi (menawa makhuk urip malèh sacara berangsur-angsur) wis kadhiskusèkaké adoh sadurungé [[abad kaping 19]], Darwin lan Wallace iku kang ''pisanan'' nyetusaké ''kepriyé'' prosès évolusi kuwi dumadi.
Larik 24:
==Garis Besar==
[[Image:Darwin's_finches.jpeg|250px|thumb|right|Darwin Finches]]
Évolusi njelasaké sajarah makhluk urip, [[kewan]], [[tetanduran]], [[jamur]] (fungi), [[mikroba]]. Bukti panyengkuyungé akèh banget lan asalé saka manéka warna cabang biologi: hiérarki [[taksonomi]] kaya kang katemokaké Linnaeus''Linnaeu''s lan para ''panerusé'', fosil-fosil kang nunjukaké menawa kauripan ing mangsa biyèn béda wanguné karo kauripan mangsa saiki, nganti bukti génétika kang nunjukaké pepadhan antarané manéka warna makhluk urip. Saiki évolusi isa dikandhakaké wis dadi téori sentral ing biologi modhérn -- ora luput menawa ahli génétika [[Theodosius Dobzhansky]] ngendika, ''"Nothing in biology makes sense except in the light of evolution"''.
 
Cucuk manuk finch (sakjenis manuk manyar) dadi topik pamikiran [[Darwin]] kang ndhasari évolusi téoriné (priksani gambar)<ref>Bryson, B: "A Short History of Nearly Everything", Transworld, London, 2003.</ref>. Nalika manggon ing kapuloan [[Galapagos]], bagéyan saka ekspedhisi [[HMS Beagle]], Darwin mriksani menawa cucuk manuk finch béda-béda, gumantung saka pulo ngendi asalé. Iki salah sawijining conto kepriyé manuk finch nyesuèkaké dhiri karo kondhisi pulo kang béda-béda. Contoné, ing pulo sijiné, cucuk manuk finch kuat lan cendhak lan cocok kanggo mecah kulit kacang sing atos. Ing pulo liyané, cucuk manuk finch luwih dawa sithik lan luwih tipis, cocok kanggo ngisep jenis panganan kang ana ing pulo kuwi. Perkara iki njalari Darwin mikir sawijining kamungkinan menawa manuk finch ora kaciptaaké mangkono waé, ananging ngliwati prosès adhaptasi.