Alun-alun: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Tanpa ringkesan besutan
Tanpa ringkesan besutan
Larik 1:
{{kembangkan}}
Alun-alun yaiku panggonan rata lan amba sing adaté digunakaké kanggo acarané para bebrayan. Saben kutha ing tanah Jawi biasané nduwé alun-alun. Adaté alun-alun kuwi ditanduri wit [[wringin]] sing kembar. Wringin kembar mau pralambang [[gapura]]. Saben Kraton kaya ta [[Kraton Yogyakarta]] lan [[Kraton Surakarta]] nduwé alun-alun loro, Yaiku alun-alun [[lor]] lan alun-alun [[kidul]]. Ing antarané alun-alun lor lan kidul adaté ana [[kraton]]. Ing sisih kiwa utawa tengené, lumrahé ana pusat pamerintahan. Ora mung kuwi waé, uga ana [[masjid]] utawa [[pasar]]. Masjid lumrahé ana ing sisih kuloné alun-alun. Yèn pasar, adaté bisa ana ing sisih ngendi waé. Mesjid sing ana ing sacedhaké alun-alun adaté sinebut [[masjid agung]].
 
Ing kakawin Nāgarakrtāgama diwedharake yèn ana lapangan ing pusat Kutha Majapahit sing cedhak karo kumpulaning bangunan Keraton Rājasanagara sing diarani [[wanguntur]] lan [[ibuh ageng]]. Mpu Prapanca ngandharake bab wanguntur sing madhepé mengalor, dene papan lapangan (ibuh ageng) kuwi diandharake yen madhep mangulon, sakulon keraton. Ndelok satleraman apa sing diandharaké [[Mpu Prapanca]] ngélingaké yen menawa ana alun-alun kudu ana bangunan sainteré.
 
Kahanan bangunan istana sing madhep ngalor mring lapangan terus diugemi nganti wetune Islam mlebu ing tanah Jawa.