Situasi Tutur: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Kaca énggal: '''Situasi Tutur''', inggih punika situasi ingkang nuwuhaken tuturan. Tuturan punika minangka akibat, situasi tutur punika minangka sebabipun. Ing salabetipun pacelathon boten wonte...
(Ora ana béda)

Révisi kala 18 Novèmber 2012 01.13

Situasi Tutur, inggih punika situasi ingkang nuwuhaken tuturan. Tuturan punika minangka akibat, situasi tutur punika minangka sebabipun. Ing salabetipun pacelathon boten wonten tuturan tanpa situasi tutur, maksud tuturan ingkang saleresipun namung saged kaidentifikaseaken lumantar situasi tutur ingkang nyengkuyung.[1] Leech (1983) njlèntrèhaken aspek/komponen ingkang nyengkuyung situasi tutur inggih punika:

Penutur lan lawan tutur

Aspek ingkang wonten gegayutanipun kaliyan panutur lan lawan tutur inggih punika yuswa, latar belakang social ekonomi, jenis kelamin, lan tingkat keakraban.

Konteks tuturan

Konteks tuturan panilitèn linguistik inggih punika kontèks ing salebetipun sedaya aspèk fisik utawi setting social ingkang rèlevan saking tuturan ingkang gegayutan. Kontèks ingkang gadhah sipat fisik lazim inggih punika dipunsebat kotèks (cotext), konteks setting social dipunsebat kontèks.

Ancas tuturan

Inggih punika perkawis ingkang badhé dipungayuh déning panutur kanthi nindakaken tumindakan tutur. Ancas tuturan inggih punika perkawis ingkang nglelandhesi tuturan dan sedaya tuturan ingkang tiyang normal gadhahi ancas.

Tuturan minangka wujud tumindak utawi aktivitas

Tegesipun tuturan minangka wujud tumindak utawi aktivitas inggih punika tindak tutur punika minangka tumindak ugi. Nuturaken salah satunggalipun tuturan saged dipuntingali dados numindakaken tumindak (act) (Austin 1962, Gunarwan 1994, lan aswanti Purwo 1990). Wonten ngriki tuturan boten arupi entitas abstrak kados tata basa, wonten ngriki tuturan inggih punika dados éntitas ingkang konkret jelas panutur lan lawan tuturipun, sarta wekdal lan papan pangutaraanipun.[2]

Tuturan dados produk tindak verbal

Tumindak manungsa kapérang dados kalih, inggih punika tumindak verbal lan tumindak nonverbal. Mlampah punika kamasuk tumindak nonverbal. Micara punikia kamasuk tumindak verbal. Tumindak verbal inggih punika tumindak ngèkspresekaken tembung – tembung utawi basa

Wekdal lan papantuturan sami saged benten ing wekdal lan papan sanes

Cathetan Sikil

  1. Lubis, A. Hamid Hasan. 1993. Analisis Wacana Pragmatik. Bandung: Angkasa.
  2. Yule, George. 2006. Pragmatik. Yogyakarta: Pustaka Pelajar.