Kumbakarna: Béda antara owahan
Konten dihapus Konten ditambahkan
c bot Menambah: en, id, ja, te, th |
Tanpa ringkesan besutan |
||
Larik 1:
''Kumbakarna'' iku putrané [[Begawan Wisrawa]]
Wujude Kumbakarna iku buta gedhe nganggo makutha. Gedhe dhuwur ora ana kang madhani lan kathon nggirisi. Wujuding kupinge kaya kumba (kwali utawa kendhi), mulane sinung aran Kimbakarna.
Nalika Dasamuka mertapa ing Gunung Gohkarna, Kumbakarna ora kari. Sajrone mertapa, uripe Kumbakarna mung sarana banyu, necep sarining bun. Awit saka genturing tapane, Kumbakarna karawuhan Bathara Guru, Kumbakarna kaparengake darbe panyuwun, lan panyuwune bakal diijabahi.
Satemene para dewa kang nderek tindhake Bathara Guru padha ora nyarujuki yen Kumbakarna kaparingan nugraha, awit Kumbakarna doyan mangan manungsa. Wus akeh manungsa, brahmana, resi, widadara, widodari dalasan para dewa pisan kang dimangsa dening Kumbakarna.
Bathara Guru nuli dhawuh marang Dewi Uma supaya manjing ing tutuke Kumbakarna, dumunung ing pucuking ilate, supaya ature raseksa iku ora padha karo sing dikarepake. Mula nalika ditari nyuwun nugraha apa, Kumbakarna nyuwun supaya: bisa turu kepati nganti atusan taun, kuwat mangan lan ngombe kang akehe kagila-gila, bisagawe kekese mungsuh.
Kumbakarna kaparingan aji Cirakalasupta, aji Gedhongsanga, lan aji Petak gelap sakethi. Dayaning aji Cirakalasupta yen wus kawateg, njalari Kumbakarna bisa turu kepati atusan taun tanpa nglilir. Dayaning aji Gedhongmenga, Kumbakarna kuwawa mangan lan ngombe kang kehe kagila-gila, yaiku kang mahanani teguh-santosane salirar. Saben mentas mangan lan ngombe kang kehe nganthi ngundhung-undhung kaya gunung, lumrahe Kumbakarna banjur turu kepati pirang-pirang sasi lawase. Dayaning aji Petak Gelap Sakethi njalari Kumbakarna yen petak swarane kaya gelap ngampar, agawe kekesing atine para mungsuhe.
Ana ing Alengka, kalungguhane Kumbakarna iku dadi senopatining wadyabala.
Kumbakarna sendyan asipat diyu (buta) nanging pambegane satriya. Marang watake Dasamuka kang banget angkara murka, Kumbakarna benget nyeda (nyacat), Dasamuka ndhusta Dewi Sinta garwane Ramawijaya banget cineda dening Kumbakarna. Miturut panemune ngalap bojoning liyan sarana dinustha, iku panggaw nistha, dudu pakartine satriya. Yen miturut watake satriya ngalap rabine liyan iku kudu sarana perang. Kumbakarna wola-wali asung pamrayoga marang Dasamuka supaya Dewi Sinta dibalekake dhisik marang Rama. Sawise mangkono menawa Dasamuka kepingin nggarwa dheweke, Kumbakarna saguh ngrebut kanthi sarana taker ludhira (bandayuda) mungsuh Rama.
Nalika Alengka rinabasa wadyabala wanara nganti tumekane Patih Prahasta mengsah yudha, Kumbakarna isih kepati nendra. Bareng Prahasta mati dikepruk tugu watu karo Anila, Dasamuka lagi dhawuh wadya supaya nggugah Kumbakarna. Angel ing panggugahe Kumbakarna agawe gumune wadyabala kang dinuta. Sanadyan awake nganti wola-wali giniles kreta apangirit turangga utawa diidak-idak gajah, parandene Kumbakarna isih tetep turu kepati. Bareng wulu-puhune (cumbu)-ne dibedhol, Kumbakarna sanalika gregah tangi.
Wis dadi padatane Kumbakarna saben mentas turu kudu mangan lan ngombe. Salebare mangan-ngombe kang ora karuwan akehe, Kumbakarna banjur ngadhep kadange wreda. Sawise diwartani rusaking wadyabala Alengka nganti tekan sedhane Patih Prahasta, Kumbakarna banjur didawuhi madeg senopati mbrastha wadyabala wanara, balane Prabu rama.
Kumbakarna wegah maju perang. Akeh-akeh ature marang Dasamuka kang wose nyalahake tumindhake kangmase. Biyen wis dielikake supaya mbalekake Dewi Sinta marang Rama. Bareng saiki Alengka katekan bebaya, negarane rusak, saiki mbingungi.
Dasamuka nesu banget, nganti kawetu ucape bab pangan sing dipangan Kumbakarna iku wuluwetu bumi Alengka, geneya gelem mangan asil bumine teka ora gelem mbelani bumi wutah getihe kang wektu saiki diidak-idak mungush.
Kumbakarna panas atine. Kabeh panganan lan omben-omben sing mlebu wetenge sigra diwutahake maneh ana ngarepe Dasamuka. Pasewakan agung kraton Alengka dadi kembeng (banjir) bayu utah-utahane Kumbakarna. Gandane ora enak, marahi muleg-muleh neng weteng. Dasamuka sangsaya nesu, Kumbakarna diunek-unekake sakatoke.
Tanpa pamit, Kumbakarna maju ana ing paprangan. Sedyane ora nglabuhi angkara murkane Dasamuka, nanging nedya mbelani lan ngrungkepi bumi wutah getihe kaya kang digambarake ana ing Serat Tripama yasane pujangga Mangkunegara IV kae. Wusanane Kumbakarna gugur ana paprangan. Irunge grumpung lan talingane pagas merga dicokot lan disempal dening Sugriwa. Tangane loro lan sikile loro tugel kajemparing dening Rama. Senadyan kari gembung isih bisa ngamuk, nggulung-nggulung. Wusana jemparing pamungkase Rama tumanen uing dadane Kumbakarna saengga palastra.
Patine Kumbakarna kanthi perangane awak kang dipreteli mbaka siji iku minangka piwalese Ditya Jambumangli kang duk ing uni uga mati kanthi awak dipreteli dening Resi Wisrawa, keng ramane Kumbakarna. Nalika semana ya Jambumangli iku kang dadi jago, ngadhani sayembara perang ngadhepi para satriya kang bakal ngayunake Dewi Sukesi, klebu Resi Wisrawa.
{{Stub}}
|