Le Havre: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Tanpa ringkesan besutan
Larik 61:
 
==Rekonstruksi==
Kitha plabuhan Le Havre kenging risak ingkang parah ing sadangunipun kènging memala nalika kadadosan Perang dunya kaping kalih<ref name="buku2"/>. Kados kitha-kitha pesisir sanèsipun ing Prancis, plabuhan Le Havre saged dipunrebat lan dipunkuaosi déning negara [[Jerman]] ing taun [[1940]]<ref name="buku2"/>. Èwunan masarakat sami ngungsi dhateng pos-pos pengungsèn, dhateng kitha-kitha ing sakéring tengenipun lan ing papan pengungsen samantara ing sadangunipun wekdal punika<ref name="buku2"/>. Sapérangan ageng pendhudhuk milih kanggé ngungsi ing wekdal énjing mumun kanthi mlampah, mawi pit onthel utawi nganggé grobak, lan namung purun wangsul ing wekdal siyang sasampunipun pihak Sekutu ngebom dhaérah kasebut saking udhara<ref name="buku2"/>. Anggènipun ngancuraken kitha Le Havre, puncakipun inggih nalika wonten pertepuran Normandia<ref name="buku2"/>. Ing tanggal 5 lan 6 Desember [[1944]], pasukan Sekuti miwiti seranganipun kanggé mbébasaken kitha<ref name="buku2"/>. Sapérangan ageng, saking 132 bom dipunjeblugaken wonten ing kitha punika ing salebeting perang, lan kahanan punika asring dipungambaraken minangka pajeblug wesi lan geni<ref name="buku2"/>. Ing pungkasanipun, kitha punika saged dipunbebasaken saking jajahanipun Jerman ing tanggal [[12 Desember]] [[1944]]<ref name="buku12buku2"/>.
 
Le Havre ingkang minangka kitha plabuhan ingkang paling ageng nomer kalih ing Prancis, kénging risak ingkang ageng tinimbang kitha sanes ing negara punika<ref name="buku3"/>. Langkung saking 90% saking kitha punika inggih ancur tumemen ingkang kasisa namung runtuhan bangunannipun<ref name="buku3"/>. Sedaya bangunan publik ingkang wigati ing punjering administrasi kalebet bursa saham, bale kitha, lan [[kantor pos]], saha [[gréja]], kalih griya sakit, sekolah, toko-toko, lan perumahan ugi sami remuk<ref name="buku3"/>. Plabuhan punika inggih sampun boten saged dipunginakaken malih amargi bangké kapal kasebar mblokir saluranipun lan ugi boten wonten akses tumuju dhateng dermaga<ref name="buku3"/>. Kebakaran ingkang ageng njeblug ing kitha punika ing dinten-dinten salajengipun, ngancuraken punapa sekedhik ingkang kasisakaken saking makna sujarahipun<ref name="buku3"/>. Listik saha toya ing kitha punika sampun dipunicalaken amargi dipunbom déning RAF, saéngga tugas kanggé nyirnakaken geni ingkang mburap-mburap boten saged dipuntindakaken<ref name="buku3"/>. Ing pungkasaning perang, cacahipun warga sipil ingkang tiwas inggih dumugi 500 tiyang, 12.500 bangunan ancur lan 80.000 tiyang boten gadhah papan dumunung<ref name="buku3"/>. Sapérangan ageng wosing bumi punika ugi dipunkeruk ngantos telas, margi ingkang asli dipunbusak saking memori fisik<ref name="buku3"/>. Sapérangan ageng saham perumahan ing pinggiran sisih lor lan wetan Aplemont lan Graville sampun sedaya dipunbubrah lan dpunremuk<ref name="buku3"/>. Tugas kanggé ndandosi malih lan ngrekonstruksi kitha punika badhé mbetahaken rencana ingkang ageng, saé niku saking pihak lokal utawi saking pihak Paris piyambak<ref name="buku3"/>. Lan sak punika inggih sampun dumugi tahap ngrencanakaken lan damel kabijakan kanggé ndandosi kitha Le Havre ingkang risak<ref name="buku3"/>.
Larik 68:
 
Satunggaling pamanggih lan rencana kanggé ndandani kitha Le Havre supados tatanan ruang kithanipun langkung saé inggih sampun dipunsamektakaken tebih-tebih dinten sadèrèngipun wonten peran dunya kaping kalih<ref name="buku4"/>. Pamarèntah Prancis sampun netepaken bilih saben kitha ingkang cacahipun pendhudhuk langkung saking 10.000 tiyang kedah dipunwontenaken satunggaling rencana kanggé ndandosi lan ngrembakakaken kitha punika supados langkung saé malih<ref name="buku14"/>. Kalebet ugi plabuhan Le Havre punika ingkang kedah tumemen rekaos njangkepi sedaya kekirangan ingkang taksih kathah ing kitha-kitha ing Éropa ing wekdal punika<ref name="buku4"/>. Sasampunipun zaman [[revolusi indhustri]] ing abad kaping sangalas, gunggungipun pendhudhuk kitha punika tambah langkung kathah tanpa manggihaken kahanan kitha ingkang nembé dipuntata malih<ref name="buku4"/>. Wontenipun standar ingkang radi medèni bab resikipun lingkungan lan kahanan gesangipun warga ingkang wonten, ndadosaken latar ing sangajenging griya langkung ciyut, kathah polusi udhara, lan ''basement'' ing sakitering lingkungan perumahanipun warga kènging banjir<ref name="buku4"/>. Anggènipun ngrencanakaken kanggé nata kitha adhedhasar wontenipun spekulasi properti ingkang ngasilaken kualitas konstruksi andhap saking bangunan-bangunan lan mergi ing kitha punika<ref name="buku4"/>. Wonten sekedhik pangrembakan ingkang kadadosan nalika perang inggih punika kanthi wontenipun pamanggih lan panyaruwé wontenipun rencana kanggé nindakaken sanitasi ingkang badhé dipunsamektakaken déning pihak swasta<ref name="buku4"/>. Pamarèntah Vichy ugi ngawontenaken malih ''master plan'' ing sadangunipun perang kanggé mbangun mali kitha ingkang sapun risak ing taun [[1941]] ing sak ngandhapipun lembaga CRI kanggé ngrekonsruksi kitha punika, déné ingkang dipuntunjuk kanggé mandhegani lampahing perkawis kanggé nata kitha punika inggih [[Felix Brunau]]<ref name="buku4"/>. Amargi kitha Le Havre punika sampun risak lan bubrah total, mila rencana ingkang sampun dipunsusun punika lajeng dipunsimpen malih dumugi tanggal [[16 Desember]] [[1944]], nalika pamarèntah Prancis mbentuk kamentrian rekonstruksi lan perncanaan (MRU) kanggé ndandosi kitha ingkang sampun risak parah punika<ref name="buku4"/>. Perkawis ingkang medal salajengipun inggih punika bab kanggé damel perumahan samentara ing tanah pribadinipun ingkang lajeng badhé dipunpadosi dalan tengahipun kanthi medal saking pamarèntahan lan kedah ngurbanaken negara kanggé nguaosi sedaya perkawis ingkang wonten<ref name="buku14"/>.
Auguste Perret (1874–1954), satunggaling arsitek formatif ingkang ugi minangka ingkang dados designer tata rancang kitha dipunparingi tugas kanggé ngawasi rekontruksi punjering kitha lan ngrampungaken anggènipun nata kitha ing sasi [[Januari]] [[1945]] déning Raoul Dautry saking MRU.<ref name="buku2">(Kuhl, Lowis & Thiel-Siling 2008, p.&nbsp;61)</ref> Dewan kitha Le Havre nyuwun supados Brunau damel bagéyan perencanaan ing tim ingkang ngrancang kanggé nata kitha punika, ananging lajeng sapérangan wekdal candhakipun malah nilar tugasipun amargi piyambakipun gadhah perkawis babagan idé kreatif kanggé nata kitha kaliyan Perret.<ref name="buku3">(UNESCO 2005, p.&nbsp;5)</ref> Kanthi tradhisional dipunbangun wonten ing sak nginggiling siti ingkang minangka tilas rawa-rawa, déné grid énggal Le Havre ingkang dipunangen-angen déning Perret inggih badhé dipunangkat déning beton ingkang kandelipun 3,5 meter.<ref name="buku4">(Collins 2004, p.&nbsp;273)</ref> Sanajan ta rencana punika boten saged dipunkasilaken amargi wragad ingkang dipunbetahaken ageng sanget lan ugi bahan ingkang dipunginakaken kanggé mbangun kitha punika kira, mila tilasing ambruking bangunan ing kitha punika lajeng dipunginakaken kanggé ningkataken punjering kitha<ref name="buku4"/>. Anggènipun ngginakaken beton kanggé lulangipun sedaya bangunan ing kitha punika lajeng perkawis punika ingkang meksakaken kekiyataning karakter lan dominasi plabuhan<ref name="buku4"/>. Kanthi akses relatif bebas kanggé siti lan ruanganipun, Perret lan tim ipun ingkang kapérang saking 60 arsitek lan perencana kitha gadhah kaprigelan kanggé napsiraken turahan ambanipun kitha kados ingkang dipunbetahaken kémawon<ref name="buku4"/>.
 
==Papan Administratif==