Angkor: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Pambangunan Angkor Wat
nambah ukara
Larik 34:
 
Sasampunipun, nglajengaken posisi politikipun lumantar serangan militer, diplomasi, lan administrasi domestik ingkang teges, Suryawarman miwiti pambangunan [[Angkor Wat]] minangka [[Candhi]] pribadinipun ugi minangka kuil lan pasareyan papan piyambakipun dipunsarekaken. Piyambakipun medhot tradhisi raja-raja Khmer saderengipun ingkang langkung nengenaken muja Dewa [[Shiwa]] saperlu muja Dewa [[Wishnu]] wonten ing [[India]]. Piyambakipun nyebut candhi punika minangka ''Vishnuloka''. Kanthi tembok ingkang panjangipun 2,4 kilometer wonten ing saben sisihipun, Angkor Wat kanthi megah nggambaraken [[kosmologi Hindu]], kanthi menara utama ingkang nglamabangaken gunung [[Meru]], papan dunungipun para Dewa; tembok njawinipun nglambangaken pegunungan ingkang ngubengi donya; saha parit ageng ingkang nglambangaken samudra ingkang wiyar. Tema tradisionalipun inggih punika ''ngidentifikasi'' dewa-raja Kamboja kaliyan dewa [[Hindu]], lan papan dunungipun inggih punika kerajaan langit (swargaloka) ingkang katingakl saking sedaya perwujudan lan pralambang candhi agung punika. Ukuran candhi punika piyambak kagungan teges kosmologis ingkang nglamnbangaken alam semesta.<ref>Chandler, ''A History of Cambodia'', p.50 f.</ref> Suryawarman paring dhawuh tembok candhi punika dipunhias kanthi [[bas relief]] ingkang kejawi nedahaken adegan wonten ing mitologi, ugi wonten ing pagesangan saben dinten ing kerajaan. Salah satungggaling adeganipun nggambaraken sang raja kanthi ukuran ageng saweg lenggah sila wonten ing singgasana inggil wonten ing tengah saweg mimpin rapat kerajaan, dene para dayang-dayang lan pangiringipin sami ngipasi lan mayungi raja.
 
=== Jayavarman VII ===
[[Gambar:Guimet IMG 6009 Jayavarman7.JPG|thumb|left|upright|Arca perwujudan Jayavarman&nbsp;VII ingkang kapajang wonten ing [[Musee Guimet]], [[Paris]]]]
 
Samsampunipun raja Suryavarman tilar donya udakawis taun [[1150]] masehi, kerajaan dados rebutan wonten ing negari punika. Negeri [[Champa]] ing sisih wetan (sakmenika [[Vietnam]] Selatan) migunakaken kahanan punika kanthi nyerang Angkor nalika taun 1177, lewat [[laut]] lajeng nglewati [[Kali Mekong]] lan nyabrang danau [[Tonlé Sap]]. Balatentara Champa saged ngasoraken ibu kota Khmer wonten ing [[Yasodharapura]] lan ngasoraken raja ingkang madeg nata. Ananging salah satunggaling pangeran Khmer ingkang salajangeipun dados [[Jayawarman VII]] ngemapalaken bala tentara lan rakyatipun, saengga saged ngasoraken tentara Champa wonten ing danau lan ing daratan. Rikala taun [[1181]], Jayavarman madeg nata dados ratu. Piyambakipun lajeng dados raja Khmer Angkor ingkang paling agung.<ref>Higham, ''The Civilization of Angkor'', pp.120 ff.</ref> Wonten ing sisa - sisa kota Yasodharapura, Jayawarman mbiyangun kota kanthi benteng [[Angkor Thom]], ingkang dipunjangkepi kanthi pusat spiritual inggih punika [[candhi]] [[Bayon]]. Bas-relief wonten ing Bayon nggambaraken boten namung adegan paprangan sang Nata ingkang ngasoraken prajurit Champa, ananging ugi maneka adegan pagesangan saben dintenipun rakyat Khmer, inggih rakyat ingkang gesang wonten ing desa punapa dene pagesangan kaum bangsawan ing karaton.
 
Minangka tambahan, Jayawarman mbiyangun candhi-candhi ingkang misuwur sanesipun, kadosta [[Ta Prohm]] lan [[Preah Khan]], ingkang katujokaken kangge kekalih tiyang sepuhipun Jayawarman VII. Proyek pambangunan ageng punika sesarengan kaliyan pralihan agama kerajaan saking [[Hinduisme]] dados [[Buddha Mahayana]], dipuntambah malih Jayavarman piyambak ugi mlebet agama Buddha Mahayana. Nalika masa pamarentahan Jayavarman VII, candhi-candhi [[Hindu]] fungsinipun gantos dados candhi [[Buddha]] kanthi nambahaken [[arca]] [[Buddha]] wonten ing salebeting candhikasebut, Angkor Wat sawetawis gantos fungsi dados candhi Buddha. Sasampunipun Jayavarman VII tilar donya, agama Hindu bangkit malih, lan medal gerakan mbangsulaken kawibawan agama Hindu kanthi aksi ngrisak arca buddha lan mbangsulaken fungsi candhi Hindu, gerakan punika kadadosan dumugi abad kaping 14 nalika Buddha aliran [[Theravada]] dados agama dominan wonten ing Kamboja.<ref>Higham, ''The Civilization of Angkor'', p.116.</ref>