Jawa Tengah: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
c sithik
mung mbenerake.
Larik 47:
Jawa Tengah iku papané ana ing satengahé [[Pulo Jawa]] lan kaapit déning provinsi [[Jawa Kulon]] lan [[Jawa Wétan]]. Ana perangan cilik ing sisih kidul dadi ''[[Daerah Istimewa Yogyakarta]]'' sing sacara sakabèhané diubengi déning Jawa Tengah. Ngayogyakarta iku yèn ditilik saka sajarah lan budaya sajatiné perangan saka Jawa Tengah senadyan saiki ngadeg dadi provinsi dhéwé. Ing sisih lor, Jawa Tengah winatesan déning [[Segara Jawa]] lan ing sisih kidul déning [[Samudra Hindia]]. Provinsi Jawa Tengah uga ngliputi sawetara pulo-pulo lepas panté: [[Karimunjawa, Jepara|Karimun Jawa]] ing lor lan [[Nusa Kambangan|Nusakambangan]] ing kidul-kulon.
 
Suhu temperatur ing Jawa Tengah iku antara 18–28 drajat Celsiuscelsius lan kadar lembab rélatif antara 73–94 persèn.<ref name="Jateng-Profil">http://www.jawatengah.go.id/framer.php?SUB=ttg_jateng&DATA=profil_jawa_tengah</ref> SementaraSawetawis kadar lembab dhuwur ana ing tlatah ngisor provinsi iki, curah udan cukup gedhé ing tlatah pagunungan.<ref name="Jateng-Profil"/> Kadar udan paling dhuwur 3.990&nbsp;mm karo 195 dina udan tau kacathet ing [[Salatiga]].<ref name="Jateng-Profil"/>
 
Géografi Jawa Tengah bisa kaanggep teratur karo jalur ciyut ''dataran rendah'' ing pasisir lor lan kidul mawa tlatah pagunungan ing tengah. Ing sisih kulon ana gunung geni aktif, [[Gunung Slamet]], banjur rada mangétan ana [[komplèks pagunungan Dièng]] ing ''dataran tinggi'' Dièng. Banjur sakidul-wétané ana latar Kedhu sing winatesan déning [[Gunung Merapi]] lan [[Gunung Merbabu]] ing sisih wétan. Sakiduling Semarang ana [[Gunung Ungaran]] lan sawétané ana [[Gunung Muria]]. Banjur ing sisih wétan, ing tlatah pawatesan karo provinsi Jawa Wétan ana [[Gunung Lawu]].
Larik 53:
Amerga déning sajarah vulkanik lan akibaté [[awu vulkanik]], Jawa Tengah iku sawijining papan sing subur banget kanggo tani. Pemandhangan [[sawah]] ana ing ngendi-endi, kejaba ing tlatah kidul-wétan saubenging [[Kabupaten Gunung Kidul|Gunung Kidul]] lan [[Kabupaten Wanagiri|Wanagiri]]. Sebabé lemahé akèh konsentrasiné [[gamping]] lan panggonané pancèn ing tlatah ayang-ayang udan.
 
Ana loro [[kali]] gedhé ing Jawa Tengah; [[Kali Serayu]] ing sisih kulon sing mili menyang [[Samodra Hindhia]] lan [[Bengawan Solo]] sing mili menyang [[Segara Jawa]], ngliwati Provinsi Jawa Wétan.
 
== Pamérangan administratif ==
Larik 83:
=== Jaman Kerajaan-Kerajaan ===
 
Udakara taun 78 M (?, kira-kira), miturut laporan sing ditulis Tim Peneliti Sejarah Galuh (1972), [[Krajan Galuh Purba]] wis wiwit dibangun, jeneng Kratonekratone yaiku Kerajaan Galuh Sindula (ana uga naskah sing njenengi Kerajaan Bojong Galuh). Punjering peprintahanpamarentahan ana ing Medang Gili lan dislirani Ratu Galuh (Ratu Pertamakapisan). Kira-kira taun iku uga wulangan [[Hindu]] wiwit mlebu ing Jawa Tengah.
 
Abad IV - V [[Karajan Kalingga]] ([[Budha]]) madeg ing sakiwo-tengene [[Jepara]] saiki. Abad V - VI Punjering [[Karajan Galuh Purba]] ana ing sak udhege [[Gunung Slamet]]. Taun 674 M, Karajan Kalingga (Budha) dipandhegani [[Ratu Sima]]. Abad VI Punjering Karajan Galuh Purba dipindahdipindhah ana ing sacedhake Garut - Ciamis lan yasa [[Karajan Galuh]] (Kawali}).
 
Taun 732 M (miturut [[Prasasti Canggah]]), KerajaanKarajan Kalingga (Budha) diubah dadi [[Karajan Mataram]] (Hindu), dipandhegani [[Raja Sanjaya]] utawa [[Raja Sanjaya|Rakai Mataram]] (wiwit Dinasti/wangsa Sanjaya), dene [[kutharaja]] ana ing Medang Kamulan. Candi-candi Siwa ing Banjarnegara (Dieng) digawe wektu iku. Nalika reh-kaprajan diasta dening [[Rakai Pikatan]] (wangsa Sanjaya), [[Candhi Rorojonggrang]] utawa [[Candhi Prambanan]] wiwit dibangun.
 
Taun 750-850 M, [[wangsa Syailendra]] (Budha) tekan Sriwijaya nguasaninguwasani Jawa Tengah. Wangsa Syailendra iki nggawe candi-candi: [[Candhi Barabudhur|Candhi Borobudur]], [[Candhi Sewu]], [[Candhi Kalasan]] lan liya-liyane. Kira-kira taun 800 M, Krajan Mataram Hindu ([[wangsa Sanjaya]]) wiwit kedheseg lan nyingkir neng arah wetan. Taun 925 M, punjering peprentahanpamarentahan krajan pindah ing [[Jawa Timur|Jawa Wétan]], Jawa Tengah ditinggal.
 
Sakwise [[Karajan Majapahit]] (Hindhu) ambruk (iku sekitar taun 1518 M), kerajaan-kerajaan Islam munculkaton ing Demak, wiwit iku [[Agama Islam]] disebarke ing Jawa Tengah bebarengan punjering kratonnkraton mbalik ing Jawa Tengah maneh.
 
Taun 1569 M, [[Kasultanan Demak]] ambruk, punjering Kraton Demak pindah mring Pajang cedhak [[Surakarta|Solo]], [[Jaka Tingkir]] (putra mantune Raja Demak [[Sultan Trenggana]]) dadi Ratu [[Kasultanan Pajang]] gelare [[Sultan Hadiwijaya]]. Wektu peprentahan Sultan Hadiwijaya akeh rerusuh, uga akeh sing mbalela. Perang sing paling gede yaiku antarane Sultan Hadiwijaya lawan [[Haryo Penangsang]]. Sultan Hadiwijaya ndawuhake Danang Sutawijaya supaya numpes Haryo Penangsang sing mbalela, lan kasil merjaya Harya Penangsang. Sultan Hadiwijaya maringi bebungah awujud lemah yokuwi bumi Alas Mentaok (=Mataram; Kotagede, Jogjakarta) mring Danang Sutawijaya. Taun 1575 M, Danang Sutawijaya (Putra Kyai Gede) jumeneng nata sing kapisanan ing Mataram (Islam) kanthi silih asma Kanjeng Gusti Panembahan Senopati Panatagama Kalifathollah Tanah Jawa.
Taun 1575 M, Danang Sutawijaya (Putra Kyai Gede) jumeneng nata sing kapisanan ing Mataram (Islam) kanthi silih asma Kanjeng Gusti Panembahan Senopati Panatagama Kalifathollah Tanah Jawa.
 
Taun 1582 M, Kasultanan Pajang dikepung Karajan Mataram. Taun 1586 M, punjering Kraton Pajang dipindhah ing Mataram. Taun 1613-1645 M, Reh kaprajan diasta dening Sultan Agung Hanyakrakusuma ing Pleret (saiki Kecamatan Pleret wilayah Kabupaten Bantul). Taun 1755 M, [[Prejanjèn Giyanti]], [[Surakarta Hadiningrat]] (Kraton Kasunanan) lan [[Yogyakarta|Ngayogyakarta Hadiningrat]] (Kraton Kasultanan) dijumenengake.
Taun 1582 M, Kasultanan Pajang dikepung Karajan Mataram.
Taun 1586 M, punjering Kraton Pajang dipindah ing Mataram.
Taun 1613-1645 M, Reh kaprajan diasta dening Sultan Agung Hanyakrakusuma ing Pleret (saiki Kecamatan Pleret wilayah Kabupaten Bantul)
Taun 1755 M, [[Prejanjèn Giyanti]], [[Surakarta Hadiningrat]] (Kraton Kasunanan) lan [[Yogyakarta|Ngayogyakarta Hadiningrat]] (Kraton Kasultanan) dijumenengake.
 
=== Jaman Walanda ===
 
Jawa Tengah duwé status [[Provinsi]] wiwit jaman [[Walanda]] sing katata jroning 5 dhaérah (gewesten) utawa [[Karesidhenan]] yaiku [[Eks. Karesidenan Semarang]], [[Eks. Karesidenan Pati]], [[Eks. Karesidenan Kedu]], [[Eks. Karesidenan Banyumas]], [[Eks. Karesidenan Pekalongan]] lan [[Eks. Karesidenan Surakarta]]. Sing dadi dhaerah swapraja (vorstenland) yaiku [[Kasunanan Surakarta|Kasunanan]] lan [[Kerajaan Mangkunagaran|Mangkunegaran]]. Masing-masing gewest iku ketatakatata maneh sakingsaka kabupaten-kabupaten.
 
=== Jaman Mardika ===
 
Taun 1946 pemerentahpamerentah [[Indonésia]] netapkenetepke daerah swapraja Kasunanan lan Mangkunegaran dadi [[karesidhenan]]. Taun 1950 liwat [[Undang-undang]] dhaerah-dhaerah kabupaten lan kotamadya ditetapke, penetapan Undangundhang-undangundhang iku saiki dièngeti minangka dina lair Provinsi Jawa Tengah, yaiku tanggal 15 Agustus 1950.
 
== Dhémografi ==
Baris 119 ⟶ 115:
Resminé, ing 1990 mayoritas populasi Jawa Tengah utawa kurang luwih 96%, iku agamané Islam. Sing paling gedhé kapindho iku agama Kristen Protèstan sing dilakoni déning 2% pedunung Jawa Tengah.<ref>Robert Cribb, ''Historical Atlas of Indonesia'' (2000:51)</ref> Sisané manut agama Katulik, Hindhu utawa Buddha.
 
SenadyanSanadyan mayoritas pedunung Jawa iku wong Muslim, uga akèh sing manut kapracayan [[Kejawèn]]. [[Clifford Geertz]], ing bukuné bab agama Jawa mbédakaké apa sing diarani wong [[santri]] lan [[abangan]].<ref>Clifford Geertz, ''The Religion of Java'' (1976:121-131), paperback edition</ref> Geertz nganggep yèn kaum santri iku wong Muslim taat lan wong abangan iku wong Jawa sing nominal sing uga nglakoni tradhisi asli luwih akèh.
 
Wong-wong Walanda uga nyebaraké agama Protèstan lan umaté lumayan akèh. Banjur misionaris Walanda Katholik saka ordo Yésuit, [[:id:Franciscus Georgius Josephus van Lith|F.G.C. van Lith]] uga olèh kasil lumayan suksès, utamané ing tlatah Jawa Tengah kidul lan Ngayogyakarta ing awalé [[abad ka-20]].<ref>http://www.kompas.com/kompas-cetak/0312/27/natal/768772.htm</ref> Van Lith disarèkaké ing pasaréyan Yésuit ing [[Munthilan]].
Baris 129 ⟶ 125:
: ''Uga pirsana [[Wong Jawa]]''
 
Mayoritas populasi ing Jawa Tengah iku wong Jawa. Cacahé kurang luwih 98% saka penduduk total.<!--<ref name="Ethnic-Java"></ref>--> Banjur saliyané wong Jawa, uga ana kanthong-kanthong komunitas Sundha ing [[Kabupaten|Kabupatèn]] [[Kabupaten Brebes|Brebes]] lan [[Kabupaten Cilacap|Cilacap]]. Toponimi Sundha ing tlatah kéné lumrah ditemokaké, kaya ta [[Dayeuhluhur, Cilacap|Dayeuhluhur]] ing Cilacap, [[Ciputih, Salem, Brebes|Ciputih]] lan [[Citimbang, Salem, Brebes|Citimbang]] ing Brebes lan malahan uga [[Cilongok, Banyumas|Cilongok]] sing papané wis cukup adoh ing Banyumas.<ref>Toponimi Sundha biasané diawali karo [[mofem]] ''ci-'', sing tegesé "kali" utawa "banyu" [http://earth-info.nga.mil/gns/html/Indonesia_Names_Standardization_Policy1.0.pdf]. ''Dayeuh'' uga sawijining tembung Sundha sing tegesé "tlatah", q.v. F.S. Eringa ''Soendaas-Nederlands woordenboek'' (1984)</ref>
 
Ing pusat-pusat urban, kaum minoritas kaya ta bangsa Tiong Hoa-Indonesia lan Arab-Indonésia uga akèh ditemokaké. Dhaérah panggonané wong Tiong Hoa diarani [[pecinan]] lan wong Arab akèh manggon ing [[Kampung Arab]]. Kampung Arab sing misuwur contoné ing [[Pasar Kliwon, Surakarta]], [[kutha]] [[Surakarta]].
 
=== Basa ===
Baris 146 ⟶ 142:
Pertanian minangka sektor utama perekonomian Jawa Tengah, dadi panguripan mèh separo saka penduduk Jawa Tengah.
 
Kawasan [[alas]] nyakup 20% wilayah provinsi, utamané ing tlatah lor lan kidul. Daerah Blora-Grobogan minangka pengasilpangasil kayu jati. Ing Jawa Tengah uga ana sawetara indhustri gedhé lan menengah. Dhaérah Semarang-Ungaran-Demak-Kudus minangka kawasan indhustri utama ing Jawa Tengah. Kudus dikenal minangka pusat indhustri [[rokok]]. Cilacap dadi tlatah indhustri [[semen]]. industri logam ana ing Ceper lan Tegal.
 
[[Blok Cepu]] ing pinggiran [[Kabupaten Blora]] (tapel wates Jawa Wétan lan Jawa Tengah) ana cadhangan [[lenga patra]] sing cukup gedhé, lan kawasan iki wiwit jaman [[Walanda]] wis dikenal minangka dhaerah tambang lenga.
 
Pusat perdagangan textiltekstil sing kondhang utamane bathik ana ing Pasar Klewer Surakarta, uga ana bathik corak pesisir yaiku ing Pekalongan lan Lasem.
 
Pusat jajanan lan panganan khas Jawa Tengah sing rasane mak nyus meh kabeh kuta ing Jawa Tengah nduweni ciri dhewe-dhewe. Kayata thengkleng Solo, jenang Kudus, sate Tegal, soto Pekalongan lan soto Bangkong ing Semarang.
Baris 161 ⟶ 157:
 
== Pendhidhikan ==
Ing provinsi Jawa Tengah akeh [[perguruan tinggi]] sing misuwur, utamane ing kutha [[Semarang]] lan [[Surakarta]]. Perguruan tinggi negeri antarane: [[Universitas Diponegoro]] (Undip), [[Universitas Negeri Semarang]] (Unnes), lan [[Sekolah Tinggi AgamaUniversitas Islam Negeri Walisongo]] ing Semarang; [[Universitas Negeri Surakarta]] (UNS) ing kutha Solo, uga [[Universitas Jenderal Soedirman]] (Unsoed) ing [[Purwokerto]].
 
[[Universitas]] swasta sing misuwur antarane [[Universitas Kristen Satya Wacana]] (UKSW) ing [[Salatiga]], Universitas Islam Sultan Agung (Unissula) lan Unika Soegijapranata ing Semarang, Universitas Muhammadiyah Surakarta, uga Universitas Panca Sakti ing [[Tegal]].