'''Babad''' iku critacarita rekan (fiksi) kang adhedhasar prastawa sajarah. Tembung ''babad'' iku uga digunakaké ing kasusatran [[Sundha]], [[Bali]], [[Lombok]], lan [[Madura]]. Manut [[Amir Rochkyatmo]] ing bebukane buku salin basa [[Babad Tanah Jawi]], tembung ''babad'' asliné nduwé teges ''ngethok'' utawa ''nrabas alas''.<ref name="Babad Tanah Jawi">Babad Tanah Jawi, [[Sapardi Djoko Damono]] dkk, 2004, Penerbit Lontar</ref> Mula saka kuwiiku, babad ana sesambungané karo mula bukané sawijining panggonan kang mauné alas. Saka panggonan anyar iku banjur sumrambah dadi wong akèh kang dadi garis turun-temurun kaluwarga. Panulisan babad nduwé pangajab nulis asal-usul, tuwuhing, lan sumrambahing wong-wong sing manggon ing tlatah tinamtu.<ref name="Pengantar Sejarah">Pengantar Sejarah Sastra Indonesia, [[Yudiono K.S.]], Grasindo</ref>
Lelaku wektu agawé tembung ''babad'' dadi sawijining buku [[sastra]] kang magepokan marang [[sajarah]]. Irah-irahan (judhul) lakon babad bisa sesambungan uga karo critanécaritané manungsa utawa prastawa tartamtu.
== Panulisan babad ==
Babad umumé tinulis ing [[kraton]], mula ora anèh yèn kang kacipta uga prastawa-prastawa kang magepokan karo kraton. Crita kang karipta mau dicampur antarané garis turun-temurun kulawarga, [[mitologi]],[[legenda]], critacarita wong suci, ramalan, impèn, lan wangsit. Naskah iki umumé nganggo tembang [[macapat]].
Amarga babad digawé ing kraton, ora anèh yèn critacarita babad ngagung-agungaké panguwasa. Malah ana kalané garis turun sinambungaké marang [[Nabi|nabi-nabi]] utawa paraga [[wayang]].