Burisrawa: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Addbot (parembugan | pasumbang)
c Bot: Migrating 3 interwiki links, now provided by Wikidata on d:q2724587 (translate me)
c mbenakaké éjaan using AWB
Larik 1:
[[Image:Burisrawa-kl.jpg|thumb|Burisrawa]]
Miturut layang [[Mahabharata]], '''Burisrawa''' iku saluguné putrané Prabu [[Sommadatta]] ing negara [[Baliha]]. Nanging yèn miturut pakem padhalangan, Burisrawa kuwiiku putrané Prabu Salya ([[Salyapati]]), ratu ing [[Mandaraka]] klawan [[Endang Pujawati]] iya [[Setyawati]] sing angka papat. Déné urutané mangkéné:
#Dèwi [[Erawati]], kagarwa Raden [[Kakrasana]] iya Prabu [[Baladéwa]] nata ing [[Mandura]], banjur peputra Raden [[Wisatha]] lan [[Wimuka]].
#Dèwi [[Surtikanthi]], kagarwa Adipati [[Karna]] (Suryatmaja) nata ing [[Awangga]], peputra [[Warsakusuma]], lan [[Warsasena]].
Larik 6:
#Raden Burisrawa, lenggah ing kasatriyan Cidhekembang, garwané asma Dèwi [[Kiswani]], atmajané Prabu [[Kiswamuka]], ratu ing negara [[Cedhisekar]]. Karo Dèwi Kiswani, peputra siji, [[Arya Kiswara]].
#Raden [[Rukmarata]], lenggah ing kasatriyan [[Pabutulan]].
Raden Burisrawa iku praupané awujud raseksa awit nurun eyangé Begawan [[Bagaspati]], kang ora liya pendhita raseksa. Amarga isin pinaringan wujud raseksa mula Burisrawa yasa papan kasebut tunutupan kere lan Burisrawa singidan ing mburine. Burisrawa sinebut uga satriya ing [[Madyapura]]. Sanajan kalebu satriya ananging tindak-tanduké kasar lan dhemen ngguyu.
 
==Burisrawa gandrung==
Larik 14:
Burisrawa iya banget sengit nginggit-inggit marang [[Setyaki]], amarga nalika nglamar Dèwi Wara Sembadra ing [[Dwarawati]], Burisrawa tau diajar Setyaki ing alun-alun nganti lémpé-lémpé, kamangka Burisrawa wis nyandhang cara temantén. Ya wiwit iku Burisrawa sengit kepati klawan Setyaki.
 
Ing lakon [[Sembadra Larung]], Burisrawa dicritakakédicaritakaké minta sraya marang Bathari [[Durga]] ing pasétran [[Gandamayin]] iya Dhandangmangoré supaya bisa sapatemon karo Sumbadra. Bathari Durga ngendikani, yèn Burisrawa bisa sapatemon karo Sumbadra, nanging ora bisa gepokan salira.
 
Nalika semana Arjuna pinuju grogol (mbebedhag kidang ing alas [[Winangsraya]]. Kanthi ancas nedya pepasihan (cumbana) karo Sumbadra, Burisrawa njujug taman [[Maduganda]], taman keputrén ing kasatriyan [[Madukara]]. Kanthi tetembungan manis manuhara, Burisrawa njaluk usadaning lara asmara marang Sumbadra. Amarga Sang Dèwi ora kersa nglanggati, Burisrawa banjur ngunus kerisé. Dewi Sumbadra diagar-agari keris, nanging tetep puguh ora gelem nuruti kekarepané Burisrawa. Kerisé sing diagar-agaraké iku malah banjur ditubruk wani déning Dèwi Sumbadra saéngga sirna margalayu. Burisrawa kamitenggengen. Jroné ora mobah lan ora mosik, ana aloké emban kang tumeka papan kono. Burisrawa gagé mlayu nggendring ninggalaké taman, mlebu ing tengah alas.
 
Kasatriyan Madukara dadi gègèr sawisé para emban nyumurupi kunarpan Dèwi Sumbadra. Saka pamrayogané Prabu [[Kresna]], Dèwi Sumbadra banjur dilarung ana [[Bengawan Gangga]] (Swilugangga), kanthi rineksa [[Gathutkaca]] saka gegana. Wusanané layoné Sumbadra diuripaké [[Antareja]] kang jumedhul saka [[Saptapratala]] nedya ngupadi sudhermané. Gathotkaca ngira yèn Antareja kuwiiku kang njalari patiné Dèwi Wara sumbadra. Tanpa ditakoni terus ditimblis saka dirgantara. Dadi perang ramé. Leloroné padha digdayané. Sabanjuré leloroné dipisah déning Wara Sumbadra. Sang Dèwi banjur nyritakaké lelakoné kang sanyatané. Ya merga lelakon iki, Antareja banjur bisa kepanggih marang ramané, yaiku Raden Bratasena iya [[Werkudara]].
 
==Patiné Burisrawa==
Larik 34:
* {{id}} [http://www.bausastra.com/main/index.php?do=view&id=46 Burisrawa ing Bausastra Javanese Dictionary], 25 Agustus 2008
 
[[categoryKategori:Paraga wayang]]
[[Kategori:Paraga Mahabharata]]