Ènsiklopédhi: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
c Éropah using AWB
Larik 4:
 
== Étimologi ==
Tembung 'ènsiklopédhi' dijupuk saka [[basa Yunani]]; ''enkyklios paideia'' ({{polytonic|ἐγκύκλιος παιδεία}}) sing tegesé sawijining bundheran utawa pangajaran sing pepak. Karepé iku ènsiklopédhi iku sawijing pendhidhikan paripurna sing ngamot kabèh bundheran ngèlmu sains.
 
Banjur tembung ‘bauwarna’ iku dijupuk saka [[basa Sangskreta]] lan sajatiné tembung majemuk saka tipe ''[[bahuvrihi]]''. Tembung iki dadi kasusun saka rong bagéyan: ‘bau’ utawa ‘bahu’ lan ‘warna’. Tembung ‘bau/bahu’ iku tegesé akèh lan tembung ‘warna’ iku tegesé ‘rupa’ utawa ‘wujud’. Dadi tegesé ‘akèh prakara’.
Larik 10:
Kerep konsèp ènsiklopédhi disalah-kaprahaké karo bausastra (kamus). Nanging prakara iki ora anèh amarga ènsiklopédhi-ènsiklopédhi awal pancèn mula-mulané disusun saka bausastra. Prabédan utama antara kamus lan ènsiklopédhi iku; sawijining kamus namung mènèhi katrangan définis saben entri utawa lemma sing dideleng saka sudhut pandhang linguistik utawa namung mènèhi sinonim-sinonim waé. Kamangka sawijining ènsiklopédhi kawedaraning sawijining entri luwih jero. Sawijining ènsiklopédhi iku nyoba mènèhi katrangan saben artikel arupa sawijining fénomèna. Utawa luwih cekak manèh; ènsiklopédhi iku daftar prakara kamangka kamus iku daftar tembung.
 
== Ènsiklopédhi nalika Jaman Klasik Antik ing EropahÉropah ==
Tembung ènsiklopédhi asalé saka [[basa Yunani]], dadi ora anèh yèn asalé uga saka Yunani kuna. Nanging ènsiklopédhi paling tuwa dudu saka Yunani nanging saka [[Kakaisaran Romawi]] lan ditulis déning [[Marcus Porcius Cato]] sing sugeng ing abad kaping-3 lan 2 [[SM|sadhurungé Maséhi]]. Nanging ènsiklopédhi sing isih ana nganti saiki lan sing tuwa dhéwé ditulis déning [[Plinius Senior|Caius Plinius Secundus]] ing abad Masehi kaping-1. Ènsiklopédhi Plinius iki kasusun saka 38 jilid.
 
Larik 26:
Saliyané ''Cantaka Parwa'', layang ''[[Canda Kirana]]'' sing asalé kurang luwih saka jaman sing padha uga pantes disebut nèng kéné. Nanging ''Canda Kirana'' sajatiné luwih akèh nudhuhi ciri-ciri khas [[kamus]] katimbang ènsiklopédhi. Layang ''Canda Kirana'' iki asalé saka budaya Buddha-Jawa.
 
Banjur ing jaman pasca-Hindhu utawa jaman [[Islam]] Jawa, antara [[abad kaping-16]] nganti [[abad kaping-18]], muncul akèh karya-karya sastra sing sajatiné dudu dikarepaké dadi ènsiklopédhi, nanging asifat ènsiklopédhik. Buku-buku sing dikarepaké iki yaiku ''[[Serat Centhini]]'' lan ''[[Serat Cabolang]]''.
 
Buku-buku iki isiné carita siswa lelana lan sinau ing ngendi-endi. Ing saben papan sing diampiri, siswa iki sinau prakara-prakara anyar. Buku-buku iki kerep kandelé nganti pirang-pirang jilid. Wiwitané pancèn ditengeri panglumpukan karya-karya bab kabèh jinis kawruh sing dirangké dadi siji.