Serat Wulang Sunu: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Tanpa ringkesan besutan
c éjaan using AWB
Larik 1:
'''Serat Wulang Sunu''', kuwiiku salah siji karya sastra [[Jawa]] klasik tinggalan [[Paku Buwana IV]]( [[1768]] – [[1820]] ), arupa puisi tembang [[macapat]], jroning basa Jawa anyar kang tinulis ing taun [[1768]] nganti taun [[1820]] ing Kraton Kasunanan [[Surakarta]],<ref>[http://www.heritageofjava.com/art/sastra_jawa/Wulangsunu.htm Situs Heritage of Java]</ref> kang surasané yèn anak kuwiiku kudu ngabekti marang wong tuwa, kaya sing kagambaraké ana [[pupuh]] kapisan karya iki.
 
==Tèks==
Larik 9:
# Lamun sira mangke anglampahi, nganiaya ing wong tuwanira, ingukum dening [[Hyang Manon]], tembe yen lamun lampus, datan wurung pulang lan [[geni]], yen wong durakeng rena, sanget siksanipun, mulane wewekas ingwang, aja wani dhateng ibu rama kaki, prentahe lakonano.
# Parandene mangke sira iki, yen den wulang dhateng ibu rama, sok balawanan ucape, sumahir bali mungkur, iya iku cegahen kaki, tan becik temahira, donya keratipun, tan wurung kasurang-kasurang, tembe mati sinatru dening [[Hyang widhi]], siniksa ing Malekat.
# Yen wong [[anom]] ingkang anastiti, tan mangkanamangkono ing pamang gihira, den wulang ibu ramane, asilo anem ayun, wong tuwane kinaryo Gusti, lungo teko anembah iku budi luhung, serta bekti ing sukma, hiyo iku kang karyo pati lan [[urip]], miwah sandhang lan pangan.
# Kang wus kaprah nonoman samangke, anggulang polah, malang sumirang, ngisisaken ing wisese, andadar polah dlurung, mutingkrang polah mutingkring, matengkus polah tingkrak, kantara raganipun, lampahe same lelewa, yen gununggung sarirane anjenthit, ngorekken wong kathah.
# Poma aja na nglakoni, ing sabarang polah ingkang salah tan wurung weleh polahe, kasuluh solahipun, tan kuwama solah kang silip, semune ingeseman ing sasaminipun, mulaneta awakingwang, poma aja na polah kang silip, samya brongta ing lampah.
Larik 18:
# Wulang sunu kang digawé lagu, kang diwiwiti bab tata cara [[ngabekti]], marang wong tuwa, bèn kabèh nggatèkaké, [[pitutur]] kang tinulis, sapa kang ora gelem nurut, marang pituduh tinulis, niscaya bakal kesia-sia, niscaya donya akherat bakal oleh cilaka , sawisé mati mlebu [[neraka]].
#Yèn mengko awakmu nglakoni [[pituduh]] kang ana sajroning serat, mesthi apik tiba mburiné, ngabekti marang ibu bapa, nalika sepisanan dituduhaké lelaku apik lan ala, déning ibu bapa nalika awakmu isih bayi, ibumu luwih lara lan sengsara ngopèni awakmu.
#Ora énak [[mangan]] lan [[turu]], ibumu ngopèni awakmu senajan mung mangan [[sega]] [[uyah]], senajan mung nelesi tenggorokan, mangan [[klapa]] uga dilakoni, saben dina [[adus]] lan [[umbah-umbah]] ning [[kali]] kanthi rekasa kanggo ngopèni awakmu , rasakné bab kuwiiku mau.
#Kahanan pait getir|[[getir]] ibumu ngopèni awakmu, dèwèké turu mung sambilan senajan kebak banyu uyuh lan tinjamu, dilakoni yèn awakmu buang kotoran [[ditatur]] lan [[dipangku]], diresiki déning ibumu didusi|[[didusi]] saben esuk lan sore nganti resik, yèn awakmu ngelih [[didulang]].
#Nalika awakmu umur sangang sasi, wektu iku awakmu bisa [[mbrangkang]], gawéyan ibumu mung njaga senajan mung nganggo kain sambungan, ngopèni awakmu nalika awakmu isih cilik, yèn awakmu kurang mangan digolèkké nganti éntuk, mengko yèn awakmu uwis diwasa ora ana walesan liyané lelaku apik lan [[ngabekti]] marang wong tuwamu.
Larik 25:
#Kamangka bocah enom sing apik, pendapaté ora pati dididik ibu bapaké, lungguh [[sila]] ing ngarepé, wong tuwané kayadéné Pangèran, lunga lan mulih [[sujud]], iku budi kang [[luhur]] sarta [[ngabekti]] marang Gusti Pangèran kang Maha Urip, yaiku kang nyiptakaké [[mati]] lan [[urip]] sarta kang mènèhi [[sandang]] lan [[pangan]].
#Kang wis [[kaprah]] tumrap bocah enom, [[solah tingkah]] [[malang mégung]] manjaaké awak, solah tingkah sing kliwatan lungguh sakepénaké lan ora ngerti kasopanan, alaku [[congkak]], seneng mamèraké awaké, kelakuané ora duwé arah, yèn awaké kesénggol [[njingkat]] lan pijer agawé [[onar]] marang wong akèh.
#Éling-éling aja ana sing anglakoni, kabèh lalaku sing salah, tingkahé mesthi bakal konangan, dhèwèké bakal kesuluh lan ora kuwat nandang, kaya-kaya kabèh wong mung mèsem, mulané kuwiiku anakku, élinga aja ana sing nglakoni salah bèn uripmu ora ngalami kasusahan.
#Ana manèh [[pitutur]]ku anakku, yèn awakmu nduwé karep aja nganti ngabotaké awak, , jaganen awakmu, yèn drajatmu cilik, aja ngrasa [[pesimis]], yèn awakmu dadi wong [[luhur]], jejegna pikirmu, [[sabar]] kanthi kaalusan, [[budi]], yakuwiyaiku laku kang utama.
#Mula saka kuwiiku kaum muda|[[muda]] saiki sing sabar, wewanuhan karo wong tuwa, gatèkaké pituturé sing apik, saka lair tekan bathin, lair kanthi [[tatakrama]], batiné kanthi [[ngabekti]] marang wong tuwa, yakuwiyaiku pituturku kanggo kabèh anak putu cicitku, bèn uripmu ora ngalami kasusahan.
 
==Referensi==
Larik 39:
* [http://heritageofjava.com/log/?p=67 Situs Heritage of Java]
 
{{sastra-stub}}
[[Kategori:Jawa]]
[[Kategori:Budaya Jawa]]
[[Kategori:Sastra Jawa Anyar|Wulangsunu]]
 
 
{{sastra-stub}}