'''Evangelista Torricelli''' ([[1608]]-[[1647]]) mujudaké ahli saka [[Italia]], kang nemukaké [[barometer]] [[air raksa]].<ref name="Buku1">{{id}}[Latief, Abdul lan Rohandi. 2003. Geografi untuk Kelas 1 Sekolah Menengah Atas Kurikulum Berbasis Kompetensi. Jakarta:Yudhistira. Hal 117. ISBN 979-676-795-3]</ref> Torricelli lair ing [[Faenza]], Italia nalika tanggal 15 Oktober 1608.<ref name="Buku1"/> Nalika umur 22 taun, Torricelli sinau ing [[Roma]] marang [[Benedetto Castelli]], pandiri ilmu [[hidrolik]] lan ahli matematika muridé [[Galileo Galilei]].<ref name="Buku1"/>
Taun 1643 Torricelli nggawé parcobaan kang ndadékaké terkenal kanthi jeneng ''percobaan Torricelli''.<ref name="Buku1"/> Parcobaan iku dilakoni kanthi saran saka Galileo sadurungé Galiléo tilar donya.<ref name="Buku1"/> Ing parcobaan iku, Torricelli migunakaké tabung cilik dawane 1 [[meter]] lan air raksa.<ref name="Buku1"/> Tabung iku diisi air raksa nganti kebak banjur bolongané ditutup nganggo [[driji]].<ref name="Buku1"/> Tabung iku diwalik lan pucuké dicelupaké ing jero [[bejana]] kang uga kaisi air raksa.<ref name="Buku1"/> Driji kang nutupi tabung banjur diculaké.<ref name="Buku1"/> Air raksa ing jero tabung mudhun lan ndadékake ruang [[hampa udara]] kang banjur terkenal kanthi jeneng ''ruang hampa Torricelli''.<ref name="Buku1"/> Torricelli ngukur dhuwur air raksa ing bejana, yaikuya iku 76 cm.<ref name="Buku1"/> Sasuwèné iku dhuwuré air raksa ing jero tabung owah trus.<ref name="Buku1"/> Ing pungkasan, Torricelli mangerti yèn kaya mangkono iku disebabaké déning tekanan udhara.<ref name="Buku1"/> Tekanan air raksa kang dhuwuré 76 cm iku banjur sinebut tenanan 1 [[atmosfer]].<ref>{{en}}Aubert, André; Bombieri and Goldfeld, eds. (1989). "Prehistory of the Zeta-Function". Number Theory, Trace Formulas and Discrete Groups. Academic Press.</ref>
Torricelli séda ing [[Florènce]] nalika tanggal 25 [[Oktober]] 1647.<ref name="Buku1"/>