Sumatra: Béda antara owahan

6 bèt wis ditambahake ,  6 taun kepungkur
c
éjaan, replaced: yaiku → ya iku (6) using AWB
c (mbenakaké éjaan using AWB)
c (éjaan, replaced: yaiku → ya iku (6) using AWB)
 
== Sajarah ==
Jeneng asli pulo Sumatra, kaya déné kacathet ing sumber-sumber sajarah lan carita-carita rakyat, yaikuya iku “Pulo Emas”. Istilah pulo ameh ditemoni ing carita Cindur Mata saka Minangkabau. Ing carita rakyat Lampung kacantum jeneng tanoh mas kanggo nyebut pulo sing gedhé iku. I-tsing (634-713) wong Cina sing mataun-taun netep ing Sriwijaya (Palembang saiki) ing abad kaping 7, nyebut pulo Sumatra kanthi jeneng chin-chou sing artiné “negeri emas”.
 
Ing sapérangan prasasti, pulo Sumatra disebut kanthi jeneng Sansekerta: Suwarnadwipa (“pulo emas”) utawa Suwarnabhumi (“lemah emas”). Jeneng-jeneng iki wis dipigunaaké ing naskah-naskah India sadurungé Masehi. Naskah Buddha sing kalebu paling tuwa, Kitab Jataka, nyritaaké pelaut-pelaut India nyeberang Teluk Benggala nuju Suwarnabhumi. Ing carita Ramayana dikisahké panggolèkan Dèwi Sinta, patutané Rama sing diculik Ravana, nganti Suwarnadwipa.
 
== Penduduk ==
Sacara umum, pulo Sumatra dipanggoni déning bangsa Melayu, sing kabagi dadi sapérangan suku. Suku-suku paling gedhé yaikuya iku [[Aceh]], [[Batak]], [[Melayu]], [[Minangkabau]], [[Lampung]], [[Palembang]] lan [[Rejang]]. Penduduk pulo Sumatra mung kakonsentrasi ing wilayah Sumatra Wétan lan dhataran dhuwur Minangkabau. Penduduk Sumatra sabagéan gedhé dadi petani, nelayan lan pedagang.
 
== Transportasi ==
Kutha-kutha ing pulo Sumatra digandhéngané déning telung ruas dalan lintas, yaikuya iku lintas tengah, lintas wétan, lan lintas kulon. Ing sapérangan bagéan pulo Sumatra, sepur dadi sarana transportasi alternatif. Ing bagéan kidul, jalur sepur kawiwitan saka pelabuhan Panjang ([[Lampung]]) tekan Lubuk Linggau ([[Sumatra Kidul]]). Ing tengah pulo Sumatra, jalur sepur mung ana ing [[Sumatra Kulon]]. Jalur iki ngubungaké kutha [[Padang]] kaliyan [[Sawah Lunto]] lan kutha Padang kaliyan kutha [[Pariaman]]. Samangsa kolonial Walanda tekan taun [[2001]], jalur Padang - Sawah Lunto dipigunaaké kanggo pangangkutan batu bara. Nanging nalika cadhangan batu bara ing Ombilin wiwit nipis, jalur iki ora dipigunaaké manèh. Wiwit akhir taun [[2006]], pamaréntah provinsi SumatraKulon, mengaktifaké maneh jalur iki minangka jalur sepur wisata.
Ing lor Sumatra, jalur sepur mbentang saka kutha [[Medan]] tekan kutha [[Tebing Tinggi]]. Ing jalur iki, kereta api dipigunaaké minangka sarana pangangkutan klapa sawit lan penumpang.
Kanggo kutha-kutha ing njaban pulo, dihubungaké kanthi bandhar udhara lan palabuhan laut sing ana ing saben ibu kutha propinsi. Bandhara Internasional mung ana ing Medan, Padang, lan Batam.
 
== Ékonomi ==
Pulo Sumatra arupa pulo sing sugih asil buminé. Saka limang propinsi sugih ing Indonésia, telung propinsi ana ing pulo Sumatra, yaikuya iku propinsi Nanggroe Aceh Darussalam, Riau lan Sumatra Kidul. Asil-asil utama pulo Sumatra yaikuya iku Klapa Sawit, Mbako (Tembakau), Lenga Bumi, Timah, Bauksit, Batu Bara lan Gas Alam. Asil-asil bumi kasebut sabagéan gedhé diolah déning perusahaan-perusahaan asing, kayata umpamané [[PT Caltex]] sing ngolah lenga bumi ing propinsi [[Riau]].
Papan-papan sing ngasilaké barang tambang yaikuya iku :
* Arun (NAD), ngasialké gas alam.
* Pangkalan Brandan (Sumatra Lor), ngasilaké lenga bumi
18.000

besutan