DNA: Béda antara owahan

4 bèt wis ditambahake ,  4 taun kepungkur
c
éjaan, replaced: yaiku → ya iku (4) using AWB
c (→‎Pranala jaba: All info is kept in Wikidata, removed: {{Link FA|de}} (7) using AWB (10903))
c (éjaan, replaced: yaiku → ya iku (4) using AWB)
'''Asem déoksiribonukleat''', luwih ditepungi minangka '''DNA''' ([[basa Inggris]]: '''''d'''eoxyribo'''n'''ucleic '''a'''cid''), iku sajinis [[asam nukleat]] sing kagolong [[biomolekul]] utama panyusun [[bobot garing]] saben [[organisme]]. Ing [[sel (biologi)|sel]], DNA umumé ana ing [[inti sel]].
 
Peran DNA ing njeron sawijining sel iku minangka [[materi genetik]]; tegesé, DNA nyimpen cithak biru kanggo kabèh aktivitas sel. Iki lumaku umum kanggo saben [[organisme]]. Kejaba ing antarané sing nyolok yaikuya iku sapérangan jinis [[virus]] (lan virus ora kalebu organisme) kayata [[HIV]] (Human Immunodeficiency Virus).
 
== Struktur ==
DNA arupa [[polimèr]] sing kapérang saka telung komponèn utama, yaikuya iku gugus fosfat, gula deoksiribosa, lan basa nitrogen. Sawijining unit [[monomer]] DNA sing kapérang saka telung komponèn kasebut dijenengi [[nukleotida]], saéngga DNA kagolong minangka ''polinukleotida''.
 
Ranté DNA ambané 22–24 [[Ångström|Å]], sauntara dawané saunit nukleotida 3,3 Å<ref>{{cite journal | author = Mandelkern M, Elias J, Eden D, Crothers D | title = The dimensions of DNA in solution | journal = J Mol Biol | volume = 152 | issue = 1 | pages = 153-61 | year = 1981 | id = PMID 7338906}}</ref>. Sanajan unit monomèr iki cilik banget, DNA bisa duwé jutaan nukleotida sing karoncé kaya ranté. Contoné, kromosom paling gedhé ing manungsa kapérang saka 220 yuta nukleotida<ref>{{cite journal | author = Gregory S, ''et. al.'' | title = The DNA sequence and biological annotation of human chromosome 1 | journal = Nature | volume = 441 | issue = 7091 | pages = 315-21 | year = 2006 | id = PMID 16710414}}</ref>.
 
[[Gambar:DNA As Structure Formula (Indonesian).PNG|thumb|400px|Struktur roncé komplemèntèr DNA nedahaké pasangan basa (adenin karo timin lan guanin karo sitosin) sing mbentuk DNA roncèn dhobel.]]
Wrangka utama roncèn DNA kapérang saka gugus [[fosfat]] lan [[gula]] sing selang-seling. Gula ing DNA kuwi gula [[pentosa]] (nduwé karbon lima), yaikuya iku 2-deoksiribosa. Rong gugus gula kagandhèng karo fosfat liwat [[talènan fosfodiester]] antarané atom karbon angka telu ing cincin sawijining gula lan atom karbon angka lima ing gula liyané. Salah siji béda utama DNA lan RNA kuwi gula panyusuné; gula RNA iku [[ribosa]].
 
DNA kapérang saka rong ler lawé sing silih mluntu mbentuk struktur [[heliks|heliks dhobel]]. Ing struktur heliks dhobel, orièntasi ranté nukleotida ing lawé sijiné walikan karo orièntasi nukleotida lawé liyané. Iki disebut minangka ''antiparalel''. Saben lawé kapérang saka wrangka utama, minangka struktur utama, lan basa nitrogen, sing silih interaksi karo lawé DNA sijiné ing heliks. Rong ler lawé ing heliks dhobel DNA disawijikaké déning talènan hidrogen antarané basa-basa sing ana ing rong lawé kasebut. Papat basa sing ditemokaké ing DNA yaikuya iku [[adenin]] (dilambangaké A), [[sitosin]] (C, saka '''''c'''ytosine''), [[guanin]] (G), lan [[timin]] (T). Adenin tetalènan hidrogen karo timin, éwadéné guanin tetalènan karo sitosin.
 
== Fungsi biologis ==
18.000

besutan