Muslim bin al-Hajjaj: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
c éjaan using AWB
Arupako (parembugan | pasumbang)
c →‎top: éjaan, replaced: yaiku → ya iku (2) using AWB
Larik 21:
'''Al-Imam Abul Husain Muslim bin al-Hajjaj al-Qusyairi an-Naisaburi'''({{lang-ar|أبو الحسين مسلم بن الحجاج القشيري النيشابوري}}), utawa dikenal minangka Imam Muslim ([[821]]-[[875]]) dilairaké ing taun 204 Hijriah lan séda ping wayah soré dina Ahad sasi Rajab taun 261 Hijriah lan disarèkaké ing [[Naisaburi]].
 
Imam Muslim wis sinau [[hadits]] wiwit cilik kaya [[Imam Bukhari]] lan naté krungu saka guru-guru Al Bukhari lan ulama liya. Wong sing nampa Hadits saka Imam Muslim iki, kalebu tokoh-tokoh ulama jroning jamané. Imam Muslim uga wis nyusun sawetara karangan sing mutu lan mupangati. Sing paling mupangat yaikuya iku kitab Shahih sing dikenal kanthi istilah '''Shahih Muslim'''. Kitab iki disusun luwih sistematis saka Shahih Bukhari. Kaloro kitab hadits shahih iki; Shahih Bukhari lan Shahih Muslim biasa disebut kanthi sebutan ''Ash Shahihain''. Kaloro tokoh hadits iki biasa disebut Asy Syaikhani utawa Asy Syaikhaini, sing maknané loro wong tuwa sing maksudé loro tokoh ulama ahli Hadits. [[Al-Ghazali|Imam Al-Ghazali]] jroning kitab ''Ihya Ulumuddin'' ana istilah ''akhraja hu'' sing tegesé wong loro iku ngriwayataké.
 
Imam Muslim sinanu hadits wiwit isih jroning yuswa timur, yaikuya iku wiwit taun 218 H. Panjenengané tindak menyang [[Hijaz]], [[Irak]], [[Syam]], [[Mesir]] lan negara-negara liyané.
 
Ing [[Khurasan]], panjenengané meguru marang [[Yahya bin Yahya]] lan [[Ishaq bin Rahawaih]]; ing Ray meguru marang [[Muhammad bin Mahran]] lan [[Abu `Ansan]]. Ing Irak panjenengané sinau hadits marang [[Imam Ahmad]] lan [[Abdullah bin Maslamah]]; ing Hijaz sinau marang [[Sa`id bin Mansur]] lan [[Abu Mas`Abuzar]]; ing Mesir meguru marang [[`Amr bin Sawad]] lan [[Harmalah bin Yahya]], lan marang ulama ahli hadits liyané.