Pananggalan Hijriyah: Béda antara owahan

6 bèt wis dibusak ,  4 taun kepungkur
c
éjaan using AWB
c (mbenakaké éjaan using AWB)
c (éjaan using AWB)
{{Islam}}
'''Pananggalan Hijriyah''' utawa '''Kalèndher Hijriyah''' utawa '''Kalèndher Islam''' ([[Basa Arab]]: التقويم الهجري; ''at-taqwim al-hijri''), iku [[kalèndher]] sing dipigunakaké déning umat [[Islam]], klebu jroning nemtokaké tanggal utawa [[wulan]] sing magepokan karo ibadah, utawa dina-dina wigati liyané. Ing nagara-nagara sing pedunungépadunungé mayoritas [[Islam]], Kalèndher Hijriyah uga dipigunakaké minangka sistem penanggalan sadina-dina. Kalèndher Hijriyah migunakaké sistem kalèndher lunar (komariyah).
 
Pananggalan iki dijenengaké Pananggalan Hijriyah, amarga ing taun pisanan kalèndher iki iku [[taun]] dumadiné prastawa [[Hijrah]] Nabi [[Muhammad]] saka [[Makkah]] menyang [[Madinah]], yakni ing taun [[622]] M.
Pananggalan Hijriyah dibangun miturut rata-rata silkus sinodik wulan [[pananggalan lunar]] (qomariyah), nduwèni 12 [[Wulan (wektu)|wulan]] jroning setahun. Kanthi migunakaké siklus sinodik wulan, wilangan [[dina]] jroning sataun ana (12 x 29,53059 dina = 354,36708 dina).Bab iki sing njelasaké 1 taun Pananggalan Hijriah luwih cendhak watara 11 dina tinimbang 1 taun Pananggalan Masèhi.
 
Faktané, siklus sinodik wulan nduwèni variasi. Cacahing dina jroning sak wulan jroning Pananggalan Hijriah gumantung ing posisi [[rembulan]], bumi lan srengéngé. Umur rembulan sing ngancik 30 dina trep karo dumadiné rembulan anyar (new moon) ing [[titik apooge]], yaiku jarak paling adoh antara rembulan lan bumi, lan ing wektu sing bebarengan, bumi dumunung ing let paling cedhak karo srengéngé [[(perihelion)]]. Sauntara kuwiiku, sak wulan sing lumangsung 29 dina trep karo wektu dumadiné rembulan anyar ing [[perige]] (let paling cedhak rembulan karo bumi) kanthi bumi dumunung ing titik paling adoh saka srengéngé (aphelion). Ing kéné katon yèn umur wulan ora tetep nanging owah-owah (29 - 30 dina) miturut karo kedhudhukan katelu ''benda langit'' kasebut ([[rembulan]], [[Bumi]] lan [[Srengéngé]])
 
Panentuan awal wulan (''new moon'') ditandani déning munculé penampakan (visibilitas) Rembulan Sabit pisanan (''hilal'') sawisé wulan anyar (konjungsi utawa ''ijtimak''). Ing fase iki, rembulan angslup sawetara wektu sawisé angslupé srengéngé, saéngga posisi hilal dumunung ing ufuk kulon. Yèn hilal ora bisa dideleng ing dina ka-29, cacahing dina ing wulan kasebut dibulatna dadi 30 dina. Ora ana aturan khusus wulan-wulan ngendi waé sing nduwèni 29 dina, lan ngendi sing nduwèni 30 dina. Kabèh gumantung marang penampakan hilal.
 
== Sajarah ==
Kapan diwiwiti taun '''1 Hijriah''' yakuwiyaiku 6 taun sawisé wafat Nabi [[Muhammad]]. Senadyan mangkono, sistem sing ndhasari Pananggalan Hijriah wis ana wiwit jaman pra-Islam, lan sistem iki direvisi ing taun ka-9 periode Madinah.
 
=== Sistem kalèndher pra-Islam ing Arab ===
Sadurungé tekaning Islam, ing tanah Arab dikenal sistem pananggalan mawa basis campuran antara [[rembulan]] (komariyah) lan [[Srengéngé]] (syamsiyah). Ubengé rembulan dipigunakaké, lan kanggo nyinkronaké karo mangsa diayahi penambahan cacahing dina ([[interkalasi]]).
 
Ing wektu itu, durung dikenal penomoran taun. Sawijining taun dikenal kanthi jeneng prastawa sing cukup wigati ing taun kasebut. Upamané, taun nalika [[Muhammad]] lair, dikenal kanthi sebutan "Taun Gajah", amarga ing wektu iku, kedadéyan panyerbuan Ka'bah ing Mekkah déning pasukan gajah sing dipimpin déning Abrahah, Gubernur Yaman (salah siji provinsi Krajaan [[Aksum]], saiki klebu wilayahwewengkon [[Etiopia]]).
 
=== Revisi penanggalan ===
Sawisé wafat Nabi Muhammad, diusulaké kapan diwiwiti Taun 1 [[Kalèndher]] Islam. Ana sing ngusulaké taun kelairan Muhammad minangka awal patokan penanggalan Islam. Ana sing ngusulaké uga wiwitan pathokan penanggalan Islam arupa taun wafaté Nabi Muhammad.
 
Pungkasané, ing taun 638 M (17 H), khalifah [[Umar bin Khatab]] netepaké wiwitan pathokan pananggalan Islam yakuwiyaiku taun hijrahé Nabi Muhammad saka Mekkah menyang Madinah. Panentuan wiwitan pathokan iki diayahi sawisé ngilangaké kabèh wulan-wulan tambahan (interkalasi) jroning periode 9 taun. Tanggal 1 Muharam Taun 1 Hijriah trep karo tanggal [[16 Juli]] [[622]], lan tanggal iki dudu tanggal hijrahé Nabi Muhammad. Prastawa hijrahé Nabi Muhammad kedadéyan wulan September 622. Dhokumèn paling tuwa sing migunakaké sistem Kalèndher Hijriah yakuwiyaiku [[papirus]] ing [[Mesir]] ing taun 22 H, PERF 558.
 
== Tanggal-tanggal wigati ==
Tanggal-tanggal wigati jroning Pananggalan Hijriyah yakuwiyaiku:
* '''1 Muharram''': [[Taun Anyar Hijriyah]]
* '''10 Muharram''': [[Dina Asyura]]. Dina iki dipèngeti déning kaum [[Syi'ah]] kanggo mèngeti sédané Imam [[Husain bin Ali]]
 
== Hisab lan Rukyat ==
'''Rukyat''' iku aktivitas ngamati visibilitas hilal, yakuwiyaiku ngamati penampakan rembulan sabit sing pisanan katon sawisé wulan anyar ('''ijtima'''). Rukyat bisa dilakukan nganggo mata wuda, utawa nganggo alat bantu optik kaya [[teleskop]]. Yèn hilal katon, ing soré kasebut wis mlebu tanggal 1.
 
Déné '''hisab''' iku ngayahi pétungan kanggo nemtokaké posisi wulan sacara matematis lan astronomis. Hisab minangka alat bantu kanggo meruhi kapan lan ing ngendi hilal (rembulan sabit pisanan sawisé wulan anyar) bisa katon. Hisab kerep diayahi kanggo mbantu sadurungé rukyat.
 
Panentuan awal [[wulan]] dadi signifikan kanggo wulan-wulan sing magepokan karo ibadah, kaya wulan [[Ramadan]] (yakuwiyaiku umat Islam nglakoni pasa Ramadan sesasi suwéné), [[Syawal]] (yakuwiyaiku umat Islam ngrayakaké Dina Riyaya [[Idul Fitri]]), sarta [[Dzulhijjah]] (ana tanggal sing magepokan karo ibadah [[Haji]] lan Dina Riyaya [[Idul Adha]]). Panentuan kapan hilal bisa katon, dadi motivasi umat Islam jroning babagan [[astronomi]]. Iki dadi salah siji panyurung saéngga Islam dadi salah siji pangembang awal ilmu astronomi minangka sains, sajabaning [[astrologi]] ing [[Abad Tengahan]].
 
Béda karo Kalèndher Hijriah sing murni migunakaké visibilitas [[rembulan]] (''moon visibility'') ing panentuan awal [[wulan]] (''first month''), [[kalèndher Jawa]] wis netepaké cacahing dina jroning saben wulan.
62.958

besutan