Gajah Mada: Béda antara owahan

Gedhéné ora owah ,  4 taun kepungkur
c
éjaan using AWB
c (mbenakaké éjaan using AWB)
c (éjaan using AWB)
}}
 
'''Gajah Mada''' (séda k. 1364) inggih menikapunika satunggalipun mahapatih saking krajaan [[Krajan Majapait|Majapahit]], tiyang ingkang saged damel manunggalipun bumi nuswantara.<ref name="internet5"/><ref name="buku2"/> Nanging, ngantos dumugi samenikasapunika misteri asal-usulipun Gajah Mada déréng wonten ingkang mangertos.<ref name="internet5"/> Miturut criyos [[Bali]], Gajah Mada boten nggadhahi rama lan ibu, ananging asalipun saking uwoh [[klapa|krambil]] minangka panjelmaanipun Sang Hyang Narayana ing ngatasipun donya.<ref name="internet3"/> Menawi criyos menikapunika leres, Gajah Mada miyosipun ing pulo [[Bali]].<ref name="internet3"/> Ananging amargi ing Kutha [[Malang]] ([[Karajan Singhasari|Singasari]]) wiwit rumiyin saged dipunpanggihi tandha-tandha mengeti Gajah Mada, saéngga wonten pamanggih menawi Gajah Mada miyosipun ing [[Lepen Brantas|Kali Brantas]], kinten-kinten taun [[1300]].<ref name="internet3">[http://www.mail-archive.com/keluarga-sejahtera@yahoogroups.com/msg00390.html Seri Pahlawan (1) Gadjah Mada Pahlawan Persatuan Nusantara] (dipununduh tanggal 25 April 2011)</ref>
 
Gajah Mada misuwur kanthi sumpahipun, ingkang dipunsebat [[Sumpah Palapa]], sampun kaserat wonten ing [[kitab]] [[Pararaton]].<ref name="buku1">{{id}}[Poesponegoro & Notosusanto (ed.). 1990. ''Sejarah Nasional Indonesia Jilid II''. Jakarta: Balai Pustaka]</ref> Panjenenganipun mratelakaken boten badhe dhahar [[palapa]] sadéréngipun damel manunggalipun bumi [[nuswantara]].<ref name="internet6"/> Ing wekdal samenikasapunika, [[Indonésia]] sampun ndadosaken Gajah Mada minangka salah satunggalipun [[Pahlawan Nasional]] lan dados simbol [[nasionalisme]]<ref name="internet6">{{id}}[http://www.eastjava.com/books/majapahit/html/gajah.html ''Memory of Majapahit: Gajah Mada''] dipunundhuh tanggal 6 Juli 2011)</ref> lan manunggalipun nuswantara.<ref name="buku2">{{id}}[Yamin, Muhammad. 1945. Gadjah Mada, pahlawan persatoean Noesantara. Jakarta:Balai Poestaka]</ref>
 
== Wiwit Karieripun ==
[[Gambar:Gajah-Mada.jpg|right|200px|thumb|Salah satunggalipun reca ingkang nggambaraken Gajah Mada. SamenikaSapunika dipunsimpen ing muséum [[Trowulan]], [[Kutha Majakerta|Mojokerto]].]]
[[Gambar:Ratan Gajah Mada.jpg|right|200px|thumb|Satunggalipun margi kanthi asma Gajah Mada.]]
 
Miturut sumber [[mitologi]], [[kitab]], lan [[prasasti]] saking jaman [[Jawa Kuno]], Gajah Mada miwiti kariéripun ing taun [[1313]]. Kariéripun Gajah Mada dados saya inggil sasampunipun prastawa pamberontakan [[Ra Kuti]] nalika wekdal kakuwasaanipun [[Jayanagara|Sri Jayanagara]], nalika Gajah Mada nglenggahi jabatan [[patih]].<ref name="buku2">{{en}}[Pigeaud. 1975. Javanese and Balinese manuscripts and some codices written in related idioms spoken in Java and Bali: descriptive catalogue, with examples of Javanese script, introductory chapters, a general index of names and subjects. isbn=3515019642]</ref> Gajah Mada dados Mahapatih ([[Mentri|Mentri Ageng]]) ing wekdal [[Tribhuwana Wijayatunggadewi|Ratu Tribhuwanatunggadewi]]. Ing wekdal salajengipun Gajah Mada nglenggahi jabatan minangka Amangkubumi (Perdana Mentri) ingkang saged ndadosaken [[Majapahit]] minangka krajaan ingkang jaya.<ref name="buku3">{{de}}[J.L.A. Brandes, 1902, ''Nāgarakrětāgama; Lofdicht van Prapanjtja op koning Radjasanagara, Hajam Wuruk, van Madjapahit, naar het eenige daarvan bekende handschrift, aangetroffen in de puri te Tjakranagara op Lombok'']</ref>
Gajah Mada wiwit misuwur nalikanipun saged ngalahaken [[Sadéng]] lan [[Kéta]] ([[1331]]) ingkang mbaléla.<ref name="internet2"/> Sasampunipun menikapunika Gajah Mada ngungelaken sumpah ingkang kawentar, inggih menikapunika Gajah Mada boten badhé ''amukti palapa'' sadérengipun saged nelukaken nuswantara kadosta Gurun (ing [[Kalimantan]]), [[Seram]],([[Maluku]]), [[Pahang]] ([[Malaysia]]), [[Dompo]] ([[Sumbawa]]), Bali, [[Sunda]] ([[Jawa Kulon|Jawi Kilèn]]), [[Kutha Palembang|Palémbang]] ([[Sumatera]]), lan [[Tumasik]] ([[Singapura]]).<ref name="internet2"/>
 
== Sumpah Palapa ==
Ing taun [[1334]], Ratu Putri Sri [[Tribhuwana Wijayatunggadewi|Tribhuana Tunggadéwi Maharajasa Jayawisnuwardhani]] nglantik Gajah Mada dados Mapatih Amangkubumi nggantos [[Arya Tadah]] ingkang pensiun.<ref name="internet4"/> Ing wekdal menikapunika, Sang Mapatih ngungelaken janji bektinipun kanthi ngacungkaken kerisipun ingkang nami [[Surya Panuluh]] ingkang sadéréngipun menikapunika kagunganipun Dyah Kertarajasa Jayawardhana, Raja Pendiri Kerajaan Majapahit.<ref name="internet4"/> Gajah Mada ngikraraken sumpah ingkang sampun misuwur ingkang dipunwastani Sumpah Palapa.<ref name="internet1"/> Serat [[Pararaton]] ngamot Sumpah Palapa ingkang dipunaturaken wonten ing ngajengipun [[Tribhuwana Wijayatunggadewi|Ratu Tribhuwana Tunggadéwi]] ingkang ungelipun kados menikapunika:<ref name="internet1">[http://www.gudangmateri.com/2010/03/biografi-pati-gadjah-mada.html Biografi Patih Gadjah Mada] (dipununduh tanggal 25 April 2011)</ref>
 
{{cquote2|''Lamun huwus kalah nusantara isun amukti palapa, lamun kalah ring Gurun, ring Seram, Tanjungpura, ring Haru, Pahang, Dompo, ring Bali, Sunda, Palémbang, Tumasik, samana isun amukti palapa''}}
tegesipun:
 
{{cquote2|''Menawi nuswantara sampun kalah, kula nembé badhé lérén, menawi Gurun sampun kalah, lajeng ugi Seram, Tanjungpura, Haru, Pahang, Dompo, Bali, Sunda, Palémbang, Tumasik, wekdal menikapunika kula nembé badhé lérén''}}
 
Kanthi ''konsép'' persatuan menikapunika, Gajah Mada saged nyegah paperangan antawisipun krajaan-krajaan kasebat ingkang wiwitanipun tansah n saged mbudidaya nguwasani.<ref name="internet4"/> Awit saking pangayomanipun Majapahit kanthi semboyan ''Bhinneka tunggal ika, tan hana dharma mangrwa'', krajaan-krajaan kalawau saged damel rakyatipun sami tentrem.<ref name="internet4"/> Sanésipun menikapunika Gajah Mada saged damel krajaanipun kiyat lan saged nyegah saking penjajahanipun krajaan manca utaminipun krajaan [[Tiongkok]]/Tartar.<ref name="internet4">[http://www.jaist.ac.jp/~rac/pub/kanigara/id/Home/gajahmada.htm Mahapatih Gadah Mada] (dipununduh tanggal 25 April 2011)</ref>
 
== ''Dhiléma'' ==
Sang Mahapatih Gajah Mada pikantuk ujian ingkang awrat nalikanipun [[Perang Bubat]].<ref name="internet4"/> Sasampunipun dados krajaan ingkang sampun kiyat, Majapahit sejatosipun saged nelukaken [[Krajaan Sunda]] ([[Pakuan]] [[Pajajaran]]), ananging Gajah Mada langkung milih nyegah paperangan.<ref name="internet4"/> Sang Dyah Hayam Wuruk Sri Rajasanagara (Raden Tetep) ingkang nembe mawon dados raja Majapahit ingkang enggal ugi nggadhahi kajeng ndadosaken Putri Raja Sunda ingkang nami [[Dyah Pitaloka]] minangka permaésurinipun.<ref name="internet4"/>
Persatuan antawisipun Majapahit kaliyan Krajaan Sunda kanthi tali palakrami menikapunika dipunkajengaken saged dipunwujudaken.<ref name="internet4"/> Ing wiwitanipun rencana menikapunika saged dipuntampi kanthi saé déning Kerajaan Sunda, ananging nalika ing wewengkon [[Bubat]], rombongan saking Krajaan Sunda ngajukaken syarat supados Sang Raja majapahit kedah majeng piyambak dhateng calon pengantén putri lan rombongan ing wewengkon kasebat.<ref name="internet4"/> Gajah Mada dados ''dhiléma'' (bingung anggénipun mundhut pamanggih), nampi utawi boten syarat menikapunika, amargi mbebayani tumrapipun persatuanipun nuswantara ingkang sampun dipunwangun kanthi sisah.<ref name="internet4"/> Gajah Mada tansah mbudidaya saged ngrembag perkawis menikapunika kaliyan Raja [[Sunda]] supados saged dipuntampi lan dipunsarujuki, ananging nalikanipun wangsul dhateng [[Kotaraja]], Gajah Mada mireng menawi Krajaan Sunda jejeg kaliyan pamanggih utawi pendhirianipun, ngantos Patih Anepaken saking [[Krajaan Sunda]] sampun siap sumadya kanthi tamtamanipun menawi syaratipun boten saged dipuntampi dening Gajah Mada.<ref name="internet4"/> Pungkasanipun perang dados ''solusi'' akhir, ngantos Raja Sunda saged dipunperjaya, lajeng putrinipun Raja Sunda ingkang nami Dyah Pitaloka milih lampus dhiri (''bunuh diri'') amargi mangertos ramanipun sampun dipunperjaya dèning Majapahit.<ref name="internet4"/>
 
== Perang Bubat ==
 
== Tilar Donya ==
Ngantos dumugi samenikasapunika sababipun Gajah Mada tilar donya déréng wonten ingkang mangertos, kados pundi lan wonten pundi makamipun ugi déréng wonten ingkang mangertosi.<ref name="internet5">[http://sejarah.kompasiana.com/2010/05/24/misteri-gajah-mada/ ''Misteri Gajah Mada''] (dipununduh tanggal 27 April 2011)</ref>
 
== Cathetan suku ==
63.080

besutan