'''''Hoé''''' ({{pronounced|hø~hwe}}) inggih menikapunika istilah umum ingkang dipunginakaken kanggé nyebat maneka jinis [[dhaharan Korea]] ingkang arupi tugelan [[iwak|ulam]] seger paling saé utawi daging ingkang boten dipunmasak. ''Saengseon hoe'' (생선회,生鮮膾) menikapunika irisan tipis daging ulam seger utawi dhaharan [[laut|segara]] sanèsipun (kados [[sashimi]]). ''[[Yukhoe]]'' (육회,肉膾) menikapunika [[daging sapi]] mentah ingkang dipunparingi bumbu kecap asin, [[gochujang]], [[minyak wijen]], lan [[arak]] beras. ''Gan hoe'' (간회,肝膾) menikapunika [[ati]] sapi mentah ingkang dipunparingi bumbu minyak wijen lan [[uyah|sarem]]. ''[[Hongeohoe]]'' (홍어회, 洪魚膾) menikapunika irisan daging [[iwak pari]] ingkang sadèrèngipun dipunsimpen wonten ing sajroning guci dumugi nglampahi fermentasi.
Saos cocol kanggé ''saengseon hoe'' ingkang dipunwastani ''chogochujang'' (초고추장) menikapunika dipundamel saking ''[[gochujang]]'' lan [[cuka]]. Sadèrèngipun dipundhahar, hoe saged dipunparingi [[wasabi]] utawi dipuncocol dhateng saos ''chogochujang'' utawi ''ssamjang'' (쌈장), lan dipunbungkus kalihan godhong [[perila]] utawi godhong [[selada]]. Nalika dipunsajekaken, hoe dipunsukakaken ing priring kanthi isi ''[[sohun|dangmyeon]]'' supados katingal langkung saé. Wonten ing griya dhahar nalika bibar dhahar ''saengseon hoe'', lajeng kathah tiyang ingkang mesen ''[[maeuntang]]'' (sup ulam ingkang dipundamel saking kepala ulam lan bagéyan ulam ingkang boten saged dipundamel ''hoe'') .
== Sajarah ==
Tradisi dhahar daging lan ulam mentah ing Semenanjung Korea dipunprakirakaken dipuntepangaken déning tiyang Cina nalika wiwitan periode [[Tiga Kerajaan Korea]] (57 SM—668 AD). Saking kitab [[Analek Konfusius|Analek]] karyanipun [[Kong Hu Cu (filsuf)|Kong Hu Cu]] asal abad kaping 1 SM dipunserat , "Ampun dhahar dumugi nelasaken ingkang alus. Ampun dhahar dumugi nelasaken tugelan ingkang paling saé ({{lang|zh|食不厭精,膾不厭細}}).<ref>http://www.confucius.org/lunyu/indonesian/indonesian_nd1008.htm Lun Yu Bab 10 Ayat 8</ref> Istilah ''[[kuai (dhaharan)|kuai]]'' (膾) wiwitanipun ateges irisan ulam mentah utawi irisan daging kados daging sapi lan daging wedhus. Ananging saking jaman [[Dinasti Qin]] lan [[Dinasti Han]], istilah menikapunika namung ateges ulam mentah. Bibar [[Buddhisme]] mekar wonten ing Korea wiwit saking periode tengahan Tiga Kerajaan Korea dumugi pungkasan [[Dinasti Goryeo]] (918–1392), mateni kéwan kanggé dipundamel dhaharan menikapunika kalebet pérangan ingkang kedah dipunsingkiri Awit saking menikapunika, rakyar nilaraken kabiasaan dhahar ''hoe'' sesarengan lan boten malih konsumsi daging. Dhaharan menikapunika dipunsajèkaken malih bibar lunturipun pengaruh Buddhisme ing pungkasan periode Goryeo. Nalika ing masa [[Dinasti Joseon]], kerajaan njunjung kanthi inggil piwulang [[Konfusianisme]], saéngga ''hoe'' kondhang malih minangka dhaharan tiyang Korea.<ref name="Hankyorye">{{cite news|url=http://h21.hani.co.kr/section-021087000/2003/07/021087000200307160468051.html |title=공자 사모님 힘드셨겠네 |publisher=[[The Hankyoreh]] |date=16 Juli 2003 |author=Kim Hak-min (김학민) |language=basa Korea}}</ref>