Kéwan nggayemi: Béda antara owahan

9 bèt wis dibusak ,  6 taun kepungkur
c
éjaan using AWB
(sithik)
c (éjaan using AWB)
[[Tragulidae]] {{br}}
}}
'''Kéwan nggayemi''' (''ruminansia'') inggih menikapunika klompok [[kéwan]] mamalia ingkang saged mamah panganan ping kalih, saéngga klompok kéwan menikapunika dipunwastani kéwan pemamah biak.<ref name="internet1">{{id}}[http://id.shvoong.com/exact-sciences/biology/2162354-sistem-pencernaan-makanan-pada-hewan/ Pencernaan hewan ruminansia](dipunundhuh 30 November 2012)</ref> Ing sistem klasifikasi manungsa kaliyan ruminansia menikapunika nggadhahi ciri ingkang sami saking sistem pencernaanipun.<ref name="internet1"/> Tuladhanipun kéwan pemamah biak inggih menikapunika [[sapi]], [[kebo]], [[kelinci]], [[kancil]], [[wedhus]], [[kidang]], [[bison]], lan [[jerapah]].<ref name="internet2">{{id}}[http://www.pojok-vet.com/Peternakan/sistem-dan-proses-pencernaan-pada-hewan-ruminansia.html Pencernaan Ruminansia](dipunundhuh 30 November 2012)</ref>
 
== Alat Pencernaan ==
 
Kéwan pemamah biak nggadhahi alat pencernaan, kadosta rongga lambé ([[untu]]), [[esophagus]], [[lambung]], kaliyan [[usus]].<ref name="internet1"/> Untu ruminansia wonten jinis untu geraham ingkang ageng. Untu menikapunika ginanipun kanggé nggiling kaliyan nggiles, sarta mamah sesuketan ingkang ngandhut [[selulosa]] ingkang awrat dipuncerna.<ref name="internet1"/>
 
Rantaman untu sapi :
 
3 3 0 0 0 0 0 0 Rahang inggil
M = molar = geraham wingking
 
Lambung ruminansia kawangun saking ''rumen'' ''(weteng ageng)'', ''retikulum'' ''(weteng gala)'', ''omasum'' ''(weteng lutab)'', kaliyan ''abomasum'' ''(weteng masam)''.<ref name="internet1"/> ''Abomasum'' menikapunika minangka ingkang dados lambung saéstunipun ingkang ugi dipungadhahi mamalia sanèsipun.<ref name="internet1"/> Ing lambung dipunkasilaken [[baktèri]] ingkang ngasilaken [[enzim]] selulase.<ref name="internet2"/> Enzim menikapunika ginanipun ngrombak selulosa dados [[asam lemak]]. Ananging, ing ''abomasum'' ingkang asifat asam baktèri boten saged gesang, saéngga baktèri menikapunika mati.<ref name="internet2"/> Lajeng dipuncerna dados sumber [[protein]] kanggé kéwan ruminansia. Dadosipun, kéwan ruminansia menikapunika ugi mbetahaken asam amino kados manungsa.<ref name="internet2"/> Asam lemak sarta protein menikapunika ingkang dados bahan baku kanggé mbentuk [[susu]] ing badan sapi.<ref name="internet2"/>
 
Usus ing sapi dawa sanget, usus alusipun saged ngantos 4 m.<ref name="internet2"/> Menika dipunprabawani dèning panganan ingkang kathahipun saking serat (selulosa).<ref name="internet2"/> Enzim selulase ingkang dipunkasilaken dèning baktèri menikapunika boten namung kanggé ncerna selulosa dados asam lemak, nanging ugi saged ngasilaken [[biogas]] ingkang arupi CH4 ingkang dipunginakaken sumber energi alternatif.<ref name="internet2"/>
 
== Mékanisme Pencernaan ==
 
Panganan ingkang arupi sesuketan ingkang sampun dimamah ing salebeting lambé lajeng mlebet ing ''rumen'' liwat esophagus.<ref name="internet1"/> Panganan kasebat disimpen sawatawis ing bagéyan ''rumen''.<ref name="internet1"/> Salajengipun, panganan menikapunika tumuju ''retikulum'' kaliyan dicerna ing selebetipun. Panganan ingkang sampun dicerna diwedalaken malih ing lambé.<ref name="internet1"/> Ing salebeting lambé dimamah malih lajeng dileg malih tumuju ''retikulum''. Prosès menikapunika dipunwastani '''memamah biak'''.<ref name="internet1"/> Lajeng panganan mlebet ing ''omasum'', ing mriki toya dipunserep. Panganan dipunlajengaken tumuju ''abomasum''.<ref name="internet1"/> Ing Abomasum panganan dipuncerna lajeng mlebet ing usus alus ingkang lajeng dipunserep sari-sari panganan.<ref name="internet1"/> Déné sisa panganan ingkang boten dipunserep dipunkirim tumuju usus ageng.<ref name="internet1"/> Sasampunipun toyanipun dipunserep, sisa panganan ingkang sampun arupi ampas lajeng dipunwedalaken liwat [[anus]].<ref name="internet1"/>
 
 
 
 
 
 
== Cathetan suku ==
{{reflist}}
 
 
 
[[Kategori:Biologi]]
63.849

besutan