Monumèn Nasional: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Arupako (parembugan | pasumbang)
c éjaan, replaced: yaiku → ya iku (6), Kabupaten → Kabupatèn using AWB
c éjaan using AWB
Larik 51:
 
==Sajarah==
Sawisé pusat pamréntahan Republik [[Indonèsia]] bali menyang [[Jakarta]] sawisé sadurungé manggon ing [[Yogyakarta]] ing taun [[1950]] disusul ''pengakuan kedaulatan'' Republik Indonesia déning pamréntah [[Belanda]] ing taun [[1949]], [[Presiden Sukarno]] mulai mikiraké pambangunan monumèn nasional kang arep padha karo [[Menara Eiffel]] ing lapangan sangarepé [[Istana Merdeka]]. Pambangunan tugu Monas nduwéninduwèni ancas kanggo ngenang lan nglestarikaké perjuangan bangsa Indonesia nalika jaman révolusi kamardhikan taun [[1945]], supaya bisa mènèhi inspirasi lan semangat patriotisme generasi saiki lan suk mbèn.
 
Ing tanggal [[17 Agustus]] [[1954]] komité nasional dibentuk lan sayembara perancangan monumèn nasional diwiwiti ing taun [[1955]]. Ana 51 karya kang mlebu, nanging mung 1 karya kang digawé déning [[Frederich Silaban]] kang mathuk karo kriteria kang ditemtokaké komité, antara liya nggambaraké karakter bangsa Indonesia lan bisa awèt nganti pirang-pirang abad. Sayembara kapindho dianakaké ing taun [[1960]] nanging ora siji-sijia saka 136 peserta kang mathuk karo kriteria. Ketua juri banjur njaluk Silaban supaya nguduhaké rancangané marang Sukarno. Nanging Sukarno kurang seneng karo rancangan iku lan kepingin monumèn iku awujud lingga yoni. Silaban banjur dijaluk supaya ngrancang monumèn kanthi téma iku, nanging rancangan kang diajukaké Silaban iku kapiken mulané prabéya kang kagedhèn ora mampu ditanggung karo anggaran nagara, apa manèh nalika iku ékonomi nagara isih durung apik. Silaban ora gelem ngrancang wangunan kang luwih cilik, lan mènèhi panyarué supaya pambangunan diundur ngentèni nganti tekan ékonomi Indonèsia dadi apik. Sukarno banjur njaluk arsitèk [[R.M. Soedarsono]] supaya nerusaké rancangan iku. Soedarsono mènèhi angka 17, 8 lan 45, kang nglambangaké 17 Agustus 1945 miwiti Proklamasi Kamardhikan Indonèsia, ing sajroning rancangan monumèn iku. Tugu Peringatan Nasional iki banjur dibangun ing panggonan kang ambané 80 héktar. Tugu iki diarsitèki déning Friedrich Silaban lan R. M. Soedarsono, dibangun wiwit tanggal 17 Agustus 1961.
Larik 57:
==Pambangunan==
[[gambar:MonasConstruction2.jpg|thumb|200px|left|Pembetonan tugu Monas kang rampung tanggal [[17 Agustus]] [[1963]] kang dhuwure kurang luwih 105.00 meter]]
Pambangunan kapérang saka telung tahap. Tahap kang pisanan, suwéné 1961/1962 - 1964/1965 diwiwiti kanthi resmi pambangunan ing tanggal [[17 Agustus]] [[1961]] deningdéning Sukarno kanthi cara seremonial nunclepake pasak beton kang pisanan. Total cacahe 284 pasak beton digunakake kanggo nggawé fondasi wangunan. Cacah 360 pasak bumi ditunclepaké kanggo fondasi musèum sejarah nasional. Pemancangan sakabéhing fondasi rampung ing sasi [[Maret]] [[1962]]. Témbok musèum ing ngisor wangunan rampung dibangun ing sasi [[Oktober]]. Pambangunan obèlisk banjur diwiwiti lan rerampungan ing sasi [[Agustus]] [[1963]]. Pambangunan tahap kapindho suwéné wiwit taun [[1966]] nganti tekan taun [[1968]] amarga anané [[Gerakan 30 September 1965]] (G-30-S/PKI) lan upaya kudéta. Tahap kang pungkasan dianakaké ing taun [[1969]]-[[1976]] kanthi nambahaké diorama ing musèum sajarah. Sanajan pambangunan wis rampung, isih waé ana perkakarané, antara liya bocoring [[banyu]] kang mbanjiri musèum. Musèum resmi dibuka kanggo umum lan diresmikaké ing tanggal [[12 Juli]] [[1975]] déning Prèsiden Rèpublik Indonèsia [[Soeharto]]. Panggonan pambangunan monumèn iki dikenal kanthi sesebutan ''Medan Merdeka''. Lapangan Monas wis ngalami ganti jeneng kaping lima, ya iku ''Lapangan Gambir'', ''Lapangan Ikada'', '' Lapangan Merdeka'', ''Lapangan Monas'', lan ''Taman Monas''. Ing sakupengé tugu ana tamané, rong kolam lan pirang-pirang lapangan kang kabuka kanggo panggonan ulah raga. Ing dina prèinan, Medan Merdeka dikebaki wong-wong kang plesiran kanggo rékréasi ndelok pasawangan Tugu Monas lan nglakoni aktivitas ing sajroning taman.
 
==Rancang Bangun Monumèn==