Éjaan Basa Jawa: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
c éjaan using AWB
c →‎Aksara kapital: éjaan using AWB
Larik 147:
# Aksara kapital dianggo minangka aksara pisanan ing jeneng taun, sasi, dina, wuku, dina riyaya lan prastawa sajarah. Tuladha: taun Alip, ; sasi Sura; dina Selasa; riyaya Paskah; wuku Sungsang; perang Bubad.
# Aksara kapital dianggo minangka aksara pisanan ing jeneng géografi. Tuladha: Asia Kidul; Gunung Semeru; Kali Brantas. Aksara kapital ora dianggo minangka aksara pisanan jeneng géografi sing dianggo minangka jeneng jinis. Tuladha: gula jawa; jambu bangkok; saté madura.
# Aksara kapital dianggo minangka aksara pisanan ing kabèh unsur jeneng nagara, lembaga pamaréntah, katatanagaraan sarta jeneng dhokumèn resmikajaba tembung tugasé (yèn ana). Tuladha: Balai Panelitèn Basa ing Yogyakarta; Undhang-Undhang Dhasar 1945. Aksara kapital ora dianggo minangka aksara pisanan tembung sing dudu jeneng resmi nagara, lembaga, pamarentah, ketatanagaraan, badan sarta jeneng dhokumen resmi. Tuladha: Bangsa Indonesia wis duweduwé undhang-undang dhasar; Iran wis dadi nagara republik.
# Aksara kapital dianggo minangka aksara pisanan saben unsur wangun ulang sampurna sing ana ing jeneng badan, lembaga pamaréntah, ketatanagaraan, sarta dhokumèn resmi. Tuladha: Perserikatan Bangsa-Bangsa; Undhang-Undhang Dhasar 1945.
# Aksara kapital dianggo minangka aksara pisanan ing kabèh tembung (klebu unsur tembung ulang sampurna) ing sajroning jeneng buku, kalawarti, koran, lan judhul karangan kajaba tembung tugasé (yèn ana). Tuladha: Kidung Wengi ing Gunung Gamping; Mekar Sari; Kedhaulatan Rakyat; Tunggak-Tunggak Jati.