Abu al-Hasan al-Asy'ari

Abu al-Hasan al-Asy'ari (Basa Arab ابو الحسن بن إسماعيل اﻷشعري) (lair: 873- séda: 935) ya iku ulama gedhé ing èlmu Usuluddin, kang ngrumusaké lan kang mbéla faham Ahlussunnah wal Jama’ah, ya iku faham Nabi, sahabat-sahabat lan tabi’in. Dhèwèké iku ulamané atusan yuta umat Islam wiwit mbiyèn nganti dina iki, amarga panjenengané dadi Imam kaum Ahlussunnah wal Jama’ah dadi lawan saka kaum Mu’tazilah, kaum Syi’ah, kaum Mujassimah, lan firqah liya kang dianggep sesat.[1]

Asma jangkepe ya iku ‘Ali bin Isma’il bin Abi Bisyr Ishaq bin Salim bin Ismail bin Abdullah bin Musa bin Bilal bin Abi Burdah Amir bin Abu Musa Abdullah bin Qais al Asy’ari.[2] Panjenengane biyasa diundang Abu al-Hasan.[3]

Panjenengane lair taun 250 H. ing Basrah (Irak). Abu al-Hasan al-Asy'ari sinau maca, nulis, lan ngapalake al-Qur'an saka wong tuwané, kang kebeneran séda nalika dhèwèké isih cilik. Panjenengane banjur sinau marang ulama Hadits, Fiqh, Tapsir lan basa antarané kaya al-Saji, Abu Khalifah al-Jumhi, Sahal Ibn Nuh, Muhammad Ibn Ya'kub, Abdur Rahman Ibn Khalf dan lain-lain. Sakmono uga panjenengané sinau Fiqih Syafi'i marang sawijining faqih: Abu Ishak al-Maruzi (w. 340 H./951 M.) -sawijining tokoh Mu'tazilah ing Bashrah. Tekan umur 40 taun dhèwèké asring bareng ustaz al-Juba'i, sarta mèlu ngregengaké ajaran-ajaran Mu'tazilah.

Ing furu’ syari’at dhèwèké nganut Madzhab Syafi’i. Sinau fiqih marang Abu Ishaq al Marwadzi, kaya kang dikandhakaké Ustadz Abu Bakar bin Furak kang ngarang kitab Tabaqatul Mutakallimin, lan semono uga kang dikandakake Ustadz Abu Ishaq al Arfaraini kang yang katulis déning Syeikh Abu Muhammad al Junaidi ing kitab Syarah Risalah. Sanajan panjenengané sawijining Imam gedhé ing babagan usuluddin, nanging ing sajeroning furu’ syari’at dhèwèké nganut lan ngukuhaké Madzhab Syafi’i Rahimahullah.[4]

Kitab-kitab besut

kitab-kitab kang ditulis:

  1. Maqalat al-Islamiyyin[5], karangan kapisan babagan kapitayan Islam. Buku iki dadi sumber wigati, amarga katliten lan kajujuran penulise. Buku iki ana 3 pérangan:
    • Tinjauan babagan golongan-golongan ing Islam
    • Aqidah ilèn Ashhab al-Hadits lan Ahl al-Sunat, lan
    • Pirang-pirang persoalan ngèlmu Kalam.
  2. Al-Ibanah 'an Ushul al-Diyanah[5], isiné babagan kapitayan Ahl al-Sunat lan tetélan penghargaane kanggo persoalan-persoalan kang akèh lan wigati. Ing buku iki dhèwèké nyerang ilèn Mu'tazilah kanthi sengit.
  3. Kitab al-Luma' fi al-Radd 'ala ahl al-Zaigh wa al-bida', isiné pandelengane tumrap lawan-lawanne ing babagan ngèlmu Kalam.

Guru-guruné besut

Tilar donya besut

Dhèwèké séda ing Bagdad taun 324 H./935 M.

Cathetan suku besut

  1. [1][pranala mati permanèn], diaksés tanggal 19 Juli 2011.
  2. [Ramli, Muhammad Idrus. 2011. Pengantar Sajarah Ahlussunnah Wal jamaah. Surabaya:Khalista (kaca:85)], dipunwaos tanggal 21 Mèi 2013.
  3. [2], diaksés tanggal 20 Juli 2011.
  4. [3] Archived 2011-12-04 at the Wayback Machine., diaksés tanggal 20 Juli 2011.
  5. a b [M.Firman, dkk. 2006. Belajar Efektif PAI untuk Siswa Kelas VIII. Jakarta:Intimedia Ciptanusantara kaca 132 ]
  6. [Ramli, Muhammad Idrus. 2011. Pengantar Sajarah Ahlussunnah Wal jamaah. Surabaya:Khalista (kaca:88-91)], dipunwaos tanggal 21 Mèi 2013.