Adityawarman punika tokoh ingkang kalebet pawaris Dinasti Mauli ingkang dados panguwaosipun Karajan Malayu ingkang nalika samanten punjeripun ing Kutha Dharmasraya, lan saking manuskrip pangukuhanipun panjenenganipun dados panguwaosipun Malayapura utawi Kanakamedini ing warsa 1347 kanthi gelar Maharajadiraja Srīmat Srī Udayādityawarma Pratāpaparākrama Rājendra Maulimāli Warmadewa, ingkang salajengipun punjering karajan punika gantos dhateng pedalaman (Minang).[1]

Patung Adityawarman

Asal-usulipun besut

Adhedhasar Prasasti Kuburajo, Adityawarman inggih punika putranipun Adwayawarman.[2] Sanèsipun punika, saking Prasasti Bukit Gombak dipunpratélakaken bilih Adityawarman punika putranipun Adwayadwaja.[3] Asma ramanipun Adityawarman punika meh sami kaliyan satunggalipun punggawa (punggawa) ing Karajan Singhasari (Rakryān Mahāmantri Dyah Adwayabrahma) ingkang nalika warsa 1286 ngater Arca Amoghapasa kanggé dipundamel (kanthi dipuntatah) ing Dharmasraya minangka bebungah saking Kertanagara ratu Singhasari dhumateng Srimat Tribhuwanaraja Mauli Warmadewa ratu Malayu.[3]

Wonten ing kitab Pararaton lan Kidung Panji Wijayakrama dipunsebataken kanthi asma Gusti Janaka ingkang gelaripun Mantrolot Warmadewa.[4] Ibunipun gadhah asma Dara Jingga putri Karajan Malayu ing Dharmasraya.[4] Dara Jingga kaliyan rayinipun, Dara Petak, ndhèrèk kaliyan tim èkspèdhisi Pamalayu ingkang kondur dhateng Jawa ing taun 1293.[4] Ahli waris Kertanagara ingkang namanipun Radèn Wijaya mendhet Dara Petak minangka permaisurinipun lan bilih Dara Jingga sira alaki déwa, gadhah garwa satunggalipun "déwa" (bangsawan).[4]

 
Prasasti Kuburajo

Cathetan suku besut

  1. (ing basa Walanda)[Kern, J.H.C., (1907), De wij-inscriptie op het Amoghapāça-beeld van Padang Candhi(Batang Hari-districten); 1269 Çaka, Tijdschrift voor Indische Taal-, Land-, en Volkenkunde.]
  2. (ing basa Walanda)[Kern, J.H.C., (1913), Grafsteenopschrift van Koeboer Radja, Bijdragen tot de Taal-, Land- en Volkenkunde van Nederlands-Indië, p. 401–404.]
  3. a b [Djafar, Hasan, (1992), Prasasti-Prasasti Masa Karajan Malayu Kuno dan Permasalahannya, Seminar Sajarah Malayu Kuno, Jambi, 7-8 Dhésèmber 1992. Jambi: Pamaréntah Laladan Tingkat I Jambi bekerjasama dengan Kantor Wewengkon Departemen Wiyata dan Kebudayaan Jambi.]
  4. a b c d [Mangkudimedja, R.M., (1979), Serat Pararaton. Alih aksara lan alih basa Hardjana HP. Jakarta, Departemen P dan K, Proyek Penerbitan Buku Sastra Indonésia dan Laladan.]

Pranala njawi besut