Alfabèt Yunani

Alfabèt Yunani wis dianggo nulis basa Yunani kawit abad angka 8 SM.[2] Aksara iki tumurun saka alfabèt Finikiya wiwitan[3] lan dadi aksara alfabètis kapisan sing mbédakaké huruf kanggo swara lan wyanjana. Aksara iki baboning aksara Latin lan Kiril.[4] Saliyané kanggo nulisaké basa Yunani, sarana aksara cara kuna utawa cara anyar, aksara Yunani ing wektu iki uga minangka sumbering lambang-lambang lan panenger-panenger tèknis ing babagan kawruh pétung, kawruh alam, lsp.

Alfabèt Yunani
Jinis
BasaYunani
Kala
u. 800 SM – saiki[1]
Aksara babon
Aksara turunan
Arah nulisKiwa manengen
ISO 15924Grek, 200
Jeneng Unicode
Greek
Larik Unicode

Susunan kuna lan anyar aksara iki dumadi 24 huruf, sing urut saka alfa tekan oméga. Kaya déné aksara Latin lan Kiril, aksara Yunani asliné saben hurufé mung tunggal wujud. Aksara iki nuli dikembangaké saperlu mbédakaké jinis hurufé antaraning rupa huruf gedhé lan huruf cilik, sairib karo aksara Latin, tembé ing jaman modhèren.

Uni lan transkripsi konvènsional sawenèh huruf béda ing antaraning basa Yunani Kuna lan Yunani Anyar krana pangucaping basa Yunani wis akèh owahé kawit abad angka 5 SM tekan sapréné. Basa Yunani Kuna lan Anyar nganggo dhiakritik sing béda. Ing ortografi tradhisional, sing dianggo nulisaké basa Yunani Kuna lan kala-kala uga basa Yunani Anyar, ana akèh dhiakritik sing dianggo, kaya ta tandha aksèn kanggo nandhani aksèn laras ("politonik"), tandha prana kanggo nandhani ana orané uni /h/ sing miwiti tembung, lan subskrip iota kanggo nandhani uni kuna /i/ ing wekasan tembung. Ing éjaan Yunani Anyar sing baku, ortografiné wis digawé prasaja kanthi sistim monotonik sing mung nganggo rong dhiakritik: aksèn akut lan dhirésis.

Huruf besut

Huruf Jeneng Uni
Kuna[5] Anyar[6]
Α α alpha, άλφα [a] [] [a]
Β β beta, βήτα [b] [v]
Γ γ gamma, γάμμα [ɡ], [ŋ][7] [ɣ] ~ [ʝ],
[ŋ][8] ~ [ɲ][9]
Δ δ dèlta, δέλτα [d] [ð]
Ε ε epsilon, έψιλον [e] [e]
Ζ ζ zeta, ζήτα [zd]A [z]
Η η eta, ήτα [ɛː] [i]
Θ θ theta, θήτα [] [θ]
Ι ι iota, ιώτα [i] [] [i], [ʝ],[10] [ɲ][11]
Κ κ kappa, κάππα [k] [k] ~ [c]
Λ λ lambda, λάμδα [l] [l]
Μ μ mu, μυ [m] [m]
 A [dz].[12]
Huruf Jeneng Uni
Kuna[5] Anyar[6]
Ν ν nu, νυ [n] [n]
Ξ ξ xi, ξι [ks] [ks]
Ο ο omikron, όμικρον [o] [o]
Π π pi, πι [p] [p]
Ρ ρ rho, ρώ [r] [r]
Σ σ/ς[13] sigma, σίγμα [s] [s] ~ [z]
Τ τ tau, ταυ [t] [t]
Υ υ upsilon, ύψιλον [y] [] [i]
Φ φ phi, φι [] [f]
Χ χ chi, χι [] [x] ~ [ç]
Ψ ψ psi, ψι [ps] [ps]
Ω ω omega, ωμέγα [ɔː] [o]

Rujukan besut

  1. Swiggers 1996.
  2. Cook 1987, kc. 9.
  3. The Development of the Greek Alphabet within the Chronology of the ANE (2009), Cuplikan: "Naveh wènèh patang alesan pokok kena ngapa padha sarujuk yèn aksara Yunani iku tumurun saka aksara Finikiya.
    1 Miturut Hérodutus “Wong Finikiya sing teka karo Cadmus... nggawa sarta aksarané lumebu Héllas, sing nalika ika wong Yunani durung weruh, pikirku.”
    2 Huruf Yunani, alpha, beta, gimmel ora ana surasané ing basa Yunani nanging ana tegesé ing aksara-aksara Semit pasangané.
  4. Coulmas 1996.
  5. a b Woodard 2008, kc. 15–17
  6. a b Holton, Mackridge & Philippaki-Warburton 1998, kc. 31
  7. Contoné ἀγκών.
  8. Contoné εγγραφή.
  9. Contoné εγγεγραμμένος.
  10. Contoné βια.
  11. Contoné μια.
  12. Hinge 2001, kc. 212–234
  13. Huruf sigma ⟨Σ⟩ duwé rong warna huruf cilik, ⟨σ⟩ lan ⟨ς⟩. Sing ⟨ς⟩ dianggo ing pungkasaning tembung lan sing ⟨σ⟩ ing saliyané. (Ing sawenèh rupa huruf abad angka 19, ⟨ς⟩ uga dianggo ing tengahing tembung ing pungkasaning morfem camboran, contoné "δυςκατανοήτων", nedya nandhani watesing morfem antara "δυς-κατανοήτων" (tegesé "angèl dingertèni"). Ing praktèk baku cara anyar, "δυσκατανοήτων" ora diéja nganggo sigma pungkasan.) Nicholas, Nick (2004). "Sigma: final versus non-final". Diarsip saka sing asli ing 2012-01-29. Dibukak ing 2012-07-15.

Bibliografi besut

  • Cook, B. F. (1987). Greek inscriptions. University of California Press/British Museum.
  • Coulmas, Florian (1996). The Blackwell Encyclopedia of Writing Systems. Oxford: Blackwell Publishers Ltd. ISBN 0-631-21481-X.
  • Hinge, George (2001). Die Sprache Alkmans: Textgeschichte und Sprachgeschichte (Ph.D.). University of Aarhus.
  • Holton, David; Mackridge, Peter; Philippaki-Warburton, Irini (1998). Grammatiki tis ellinikis glossas. Athens: Pataki.
  • Swiggers, Pierre (1996). "Transmission of the Phoenician Script to the West". Ing Daniels; Bright (èd.). The World's Writing Systems. Oxford: University Press. kc. 261–270.
  • Woodard, Roger D. (2008). "Attic Greek". Ing Woodard, Roger D. (èd.). The ancient languages of Europe. Cambridge: University Press. kc. 14–49.