CITES (Convention on International Trade in Endangered Species of Wild Fauna and Flora) utawa konvénsi dagan internasional tetuwuhan lan kéwan liyar spésies kaancam ya iku prajanjèn internasional antarnagara kang disusun kanthi dhasar résolusi sidhang anggota World Conservation Union (IUCN) taun 1963. Konvénsi iki duwé tujuan ngreksa tetuwuhan lan kéwan liyar saka perdagangan internasional spésimèn tetuwuhan lan kéwan liyar kang njalari kalestarèn spésies mau kaancam. Saliyané iku, CITES ngukuhaké manéka warna tataran protèksi kanggo punjul 33.000 spésies kaancam.

Ora ana siji waé spésies kaancam ing reksané CITES kang banjur cures wiwit CITES diberlakukan taun 1975 (pirsani uga [1][2]) Pamarèntah Indonésia ngratifikasi CITES kanthi Kaputusan Pamrèntah No. 43 Taun 1978.[3]

Latar belakang besut

CITES iku siji-sijiné prajanjèn global kanthi fokus pangreksan spésies tetuwuhan lan kéwan liyar. Pesertané sifaté sukaréla, lan nagara-nagara kang kaiket kaliyan konvénsi karan para pihak (parties). Éwadéné CITES ngiket para pihak kanthi hukum, CITES dudu pangganti hukum ing saben nagara. CITES mung wujud rangka kerja kang kudu dijunjung para pihak kang nggawé undang-undang kanggo implementasi CITES ing tingkat nasional. Asring, undang-undang pagreksan tetuwuhan lan kéwan liyar ing tingkat nasional isih durung ana (mligi para pihak kang durung ngratifikasi CITES), paukuman kang ora imbang karo tingkat kajahatan, lan kurangé panegakan hukum marang perdhagangan kéwan liyar.[4]. Ing taun 2002 mung ana 50% pihak kang bisa menuhi siji utawa luwih prasyaratan saka patang prasyaratan utama kang kudu dipenuhi: (1) kaann otoritas pangelola nasional lan otoritas kaèlmuan, (2) hukum kang nglarang perdhagangan tetuwuhan lan kéwan liyar kang direksa CITES, (3) sanksi hukum kanggo pelaku perdhagangan, lan (4) hukum kanggo panyitaan barang bukti.[5]

Naskah konvénsi disepakati tanggal 3 Maret 1973 ing partemon para wakil 80 nagara ing Washington, D.C.. Nagara peserta diwènèhi wektu nganti 31 Dhésèmber 1974 kanggo nandhatangani kasepakatan, lan CITES wiwit berlaku tanggal 1 Juli 1975. Sawisé ratifikasi, nampa, utawa nyarujuki konvénsi, nagara-nagara kang nandhatangani konvénsi karan para pihak (parties). Ing taun 2003, kabèh nagara panandha tangan CITES wus dadi para pihak. Nagara kang durung nandhatangani bisa turut sarta dadi para pihak kanthi nyarujuki CITES. Ing wulan Agustus 2006 kacathet ana 169 nagara wus dadi para pihak ing CITES.

Sekretariat CITES kantoré ing Geneva, Switserlan lan nyawisaké dhokumèn-dhokumèn asli ing basa Inggris, Prancis, lan Spanyol. Pendanaan kegiyatan sekretariat lan Konferénsi Para Pihak (COP) asalé saka dana perwalian kang wujud sumbangan para pihak. Dana perwalian ora bisa digunaaké para pihak kanggo ngundhakaké taraf implementasi utawa pelaksanaan CITES. Dana perwalian mung kanggo kegiyatan sekretariat, éwadéné para pihak sajeroning ngleksanaaké kegiyatan kang ana kaitané kaliyan CITES kudu golèk pendanaan eksternal (dilakokaké NGO lan dana bilateral).[5]

Apendiks CITES besut

CITES wujud kerjasama antar nagara anggota kanggo njamin perdhagangan tetuwuhan lan kéwan liyar dileksanakké sajalan kaliyan prajanjèn CITES. Ekspor, impor, reekspor, lan introduksi spésies kang kadaftar ing apendiks CITES kudu éntuk palilah otoritas panglola lan rékomendhasi otoritas kaèlmuan CITES ing nagara mau.

Para pihak anggota konvénsi kudu nunjuk siji utawa luwih otoritas panglola kang mènèhi palilah, lan siji utawa luwih otoritas ilmiah kang aji dhampak perdhagangan tumrap kalestarèn spésies mau. Departemen Kahutanan dhedhasar pasal 65 Peraturan Pamaréntah Nomer 8 taun 1999 ditunjuk minangka otoritas panelola konservasi tetuwuhan lan kéwan liyar ing Indonésia. Sabanjuré, Direktur Jendral Pangreksa Alas lan Konservasi Alam ditunjuk minangka otoritas panglola CITES ing Indonésia liwat Kaputusan Mantri Kahutanan Nomer 104/Kpts-II/2003 (minangka pangganti Kaputusan Mantri Kahutanan No.36/Kpts-II/1996).[6] Saliyané iku, Peraturan Pamaréntah No. 7 lan 8 Taun 1999 uga nunjuk Lembaga Èlmu Pangetauan Indonésia (LIPI) minangka otoritas kaèlmuan CITES.

Spesies kang diusulaké lumebu ing apendiks CITES dibahas ing Konferénsi Para Pihak (COP), kang konferénsi sabanjuré dianaaké wulan Juni 2007. Para pihak bisa ngusulaké sawijining spésies éwadéné habitat spésies mau ora ana ing wewengkon nagara pangusul. Usulan bisa disarujuki lumebu ing apendiks CITES asal dijurung swara mayoritas 2/3 saka para pihak, éwadéné ana para pihak kang kabotan.

Apendiks CITES isiné sakiwa-tengené 5.000 spésies kéwan lan 28.000 spésies tetuwuhan kang direksa saka eksploitasi gebangeten liwat perdhagangan internasional. Spesies kaancam diklompokaké ing apendiks CITES adhdhasar tingkat ancaman saka perdhagangan internasional, lan tindakan kang perlu dijupuk tumrp perdhagangan mau. Ing apendiks CITES, siji spésies bisa waé kadaftar ing punjul siji kategori. Kabèh populasi Gajah Afrika (Loxodonta africana) umpamané, dilebokaké ing Apendiks I, kejaba populasi ing Botswana, Namibia, Afrika Kidul, lan Zimbabwe kang kadaftar ing Apendiks II.

CITES kapérang dadi telung apendiks:

  • Apendiks I: pratélan kabèh spésies tetuwuhan lan kéwan liyar kang dilarang ing manéka warna wujud perdhagangan internasional
  • Apendiks II: pratélan spésies siyung ora kaancam kapunahan, nanging mungel kaancam cures yèn perdhagangan terus berlanjut tanpa anané pangaturan
  • Apendiks III: pratélan spésies tetuwuhan lan kéwan liyar kang direksa ing nagara tinentu ing wates-wates kawasan habitaté, lan sawijining wektu peringkaté bisa diunggahhaké ing Apendiks II utawa Apendiks I.

Apendiks I-sakiwa-tengené 800 spésies besut

Spesies kang dilebokaké ing kategori iki ya iku spésies kang kaancam cures yèn perdhagangan ora dindhegaké. Perdhagangan spésimèn saka spésies kang dicekel ing alam bébas iku ilegal (diidinaké mung ing kaanan luar biyasa).

Kéwan lan tetuwuhan kang kalebu ing pratélan Apendiks I, nanging wujud asil panangkaran utawa budidaya dianggep spésimèn saka Apendiks II kanthi sapérangan prasyaratan. Otoritas panglola saka nagara pangekspor kudu nglapuraké non-detriment finding wujud bukti manawa ekspor spésimèn saka spésies mau ora ngrugèkaké populasi ing alam bébas. Saben perdhagangan spésies ing Apendiks I merlokaké idin ekspor impor. Otoritas panglola saka nagara pangekspor dikudokaké mriksa idin impor kang diduwèni pedagang, lan mesthèaké nagara pangimpor bisa miara spésimèn mau kanthi layak.

Kéwan kang dilebokaké ing Apendiks I, umpamané gorila, simpanse, macan lan subspesiesé, singa Asia, macan tutul, jaguar cheetah, gajah Asia, sapérangan populasi gajah Afrika, lan kabèh spésies Warak (kejaba sapérangan subspesies ing Afrika Kidul)[1].

Apendiks II-sakiwa-tengené 32.500 spésies besut

Spesies ing Apendiks II ora segera kaancam kapunahan, nanging mungel kaancam cures yèn ora dilebokaké ing pratélan lan perdhagangan terus berlanjut. Saliyané iku, Apendiks II uga duwé isi spésies kang katon mèmper lan gampang klèru karo spésies kang didaftar ing Apendiks I. Otoritas panglola saka nagara pangekspor kudu nglapuraké bukti manawa ekspor spésimèn saka spésies mau ora ngrugèkké populasi ing alam bébas.[2]

Apendiks III-sakiwa-tengené 300 spésies besut

Spesies kang dilebokaké ing njeron Apendiks III ya iku spésies kang dilebokaké ing njeron pratélan sawisé salah siji nagara anggota njaluk bantuan para pihak CITES kanggo ngatur perdhagangan sawijining spésies. Spesies ora kaancam cures lan kabèh nagara anggota CITES mung éntuk nglakokaké perdhagangan kanthi idin ekspor kang sesuai lan Layang Katerangan Asal utawa Surat Keterangan Asal (SKA) utawa Certificate of Origin (COO).[3]

Amandhemén besut

Amandemen kudu dijurung mayoritas rong protelon para pihak lan bisa dilakokaké nalika sidang luar biyasa Konferénsi Para Pihak (COP), manawa saprotelon saka para pihak nelaaké sidang kudu dilakokaké. Amandemen Gaborone kang disarujuki ing Gaborone, Botswana, 30 April 1983 mungelaké forum kerjasama ékonomi regional kanggo mèlu partipasi ing CITES. Pertimbangan kabotan (Pasal XXIII Reservations[4]) nyangkut spésies tinentu bisa ditelaaké para pihak.

Réferènsi besut

  1. Hutton and Dickinson 2000 Endangered Species Threatened Convention: The Past, Present and Future of CITES. Africa Resources Trust, London.
  2. Stiles 2004 The Ivory Trade and Elephant Conservation Environmental Conservation 31 (4) 309-321.
  3. "Apa iku "CITES"?". Departemen Kehutanan Republik Indonesia. Diarsip saka sing asli ing 2007-09-27. Dibukak ing 12 Fèbruari 2007. {{cite web}}: Cite has empty unknown parameter: |4= (pitulung)
  4. Zimmerman 2003 The Black Market for Wildlife: Combating Transnational Organized Crime in the Illegal Wildlife Trade Vanderbilt Journal of Transnational Law 36 1657
  5. a b Reeve 2000 Policing International Trade in Endangered Species: the CITES Treaty and Compliance Earthscan: London
  6. Direktur Jendral Pangreksa Alas lan Konservasi Alam. "Pamanfaatan Tetuwuhan lan Kéwan Liyar". Departemen Kahutanan RI. Diarsip saka sing asli ing 2007-11-08. Dibukak ing 12 Fèbruari 2007. {{cite web}}: Cite has empty unknown parameter: |5= (pitulung)

Pranala njaba besut