Citraksa iku, salah sijining para Korawa satus. Jenengé diarani ing layang gancaran Adiparwa, kitab pratamané Mahabharata.

Citraksa miturut pawayangan Jawa

Radèn Citraksa iku satriya kurawa putrane Adipati Dhestharastra lan Dewi Gendari. Dadi iya isih Adhine Prabu Duryudana, pembarepe para Kuraw kae. Ning dhèwèké iku kadang Kurawa kang nomer pira, ora kena dipesthekake, jajaran saka manéka-warna versi carita wayang, kerep ana béda-bedane.Sing wis kelumrah, ing antaraning kadang kurawa kang cacahé udakara ratusan iku, pancen ana sawatara sinh jeneng-jenenge mawa citra. Ana Citraksa, Citraksi, Citrakala, Citrasandha:Upacitra, Carucitra, Citradarma, Citrakae, Citraiki, Citraiku,Citraanu, ning iku yèn pas dhalange lali.Ing antaraning kadang Kurawa kang sinandhangan jeneng. Citra kang kondhang dhéwé pancen ya Citraksa iki, sinusul Citraksi.Ning Citraksa lan Citraksi iku kembar apa ora, iya ora pati ngerti genah. Sing luwih genah, rupané wayange meh padha. Kaya yèn kembar ngono kae. Praenane padha-padha olèhé nglangak. Irunge padha-padha olèhé njengat. Yèn ngomong padha-padha olèhé kamisosolen,Pekukak-pekukuk kaya pitik klelengen, swarane kerep ora genah jluntrunge.Padha-padha ngalangak, irung jengat, lan kamisosolen, Citraksa béda karo seduluré.

Citraksa digambarake ora mung mripaté baé kang ijo, nanging raine barang uga ijo. Kira-kira baé saliyané kemaki lan seneng umuk, ya doyanan dhuwit. Sipate kang menjila liyané, yaiuku olèhé seneng misuh. Dadiarta bab yèn jaman saiki anan dhalang kang disuwurake pinter misuh lan akèh wong seneng misuh, iku ngono sejatine wis dudu reputasi anyar, wong wis kalah dhisik karo reputasine Citraksa.Ing pangelaran-pagelaran wayang purwa, Citraksa-Citraksi racaké metu ing adegan paseban njaba. Mapag tekane Patih Sengkuni, bebarengan ngancani muncule Dursasana, Kartamarma, Durmagati, astawama, lan Jayadrata. Citraksa-Citraksi kanthi saur-manuk, kanthi kamisosolen nungsu warta bab wigating rembug ing pasewakan agung.Yèn wadyabala Astina budhalan,

Citraksa kang mandhegani prajurit kanoman, budhale numpak jarab dhawuk.Lenggut-lenggut ginarubyuk lakuning prampongan. Lan yèn wis numpak jaran lenggat-lenggut ngono iku, praene kang nglangkak saya katon nglangak, irunge tambah katon njengat.Yèn perang ora tau menang. Embuh yèn mung k aro bala sebarangan, wayang kang klambine lorek-lorek ngono kae. Empere iya isih sok setimbang. Terus padha simpangan dalan,banjur perange iku racaké karan perang gagal.Selanjutane gada utawa bindi.Citraksa wayang kulit gagrag Jogja, mripat telengen, nganggo jamang kanthi garudha mungkur, kalungan patran kanthi bandhul wulan tumanggal. Nganggo gelang pontoh lan kroncong, clanane cindhe.

Rai warna ijo, sajake uga minangka gegambaran utawa pratandha nenawa sartiya iki duwé sipat jirih. Anggoné kemaki lan seneng umuk iku paling-paling rang mung kanggo ngimbangi kanyatan yeh sejatine dhèwèké iku ora duwé kasekten apa-apa. Ora kaya Kartamarma, Dursasana, Astawatama, lan Jayadrata kang kasatriane mesthi disebutake yèn ing Bayutinalang, Banjarjumput, Padhanyangan, lan Banakeling, kesatriyane Citraksa-Citraksi iku ing endi, kurang kondhang. Bab akhiring riwayate satriya kurawa kang omongane kerep dadi guyon iki, nalika perang Batarayuda mati déning tangane arjuna ngamuk punggung sawisé Abimanyu dirancap rame-rame déning Kurawa kalebu Citraksa. Tandange Arjuna Ngedab-edapi, lan Citraksa akhire mati kataman karise Arjuna.

Uga delengen besut