Dhanyang iku roh sing manggon ing gunung, sumber, désa, angin, utawa bukit. Danyang dipracaya déning wong Jawa manggon ing pundèn. Akèh wong kang pracaya danyang iku bisa dijaluki pitulungan. Pahala kanggo danyang ya iku slametan. Danyang dudu ruh sing nganggu nanging malah ngayomi masarakat dhusun. Danyang iku asliné ruh leluhur saka désa kang wis sèda. Leluhur iki wong kang sepisanan mapan ing sawijining dhusun.[1]

Slametan dadi srana nyenyuwun pitulungan marang dhanyang

Sajarah besut

Dhanyang désa, nalika isih urip, tekan ana ing sawijining dhaèrah kang isih wujud alas. Dhanyang iki mau banjur laku babad alas lan ngadegaké désa.[2] Dhanyang uga kang dadi lurah utawa kepala désa kang sepisanan. Dhèwèké duwé kuwasa marisake lemah lan apa waé sing ana ing désa iku tumrap anak putuné.[2]

Cathetan sikil besut

  1. Suwardi Endraswara (2005). Buku Pinter Budaya Jawa. Yogyakarta: Gelombang Pasang. kc. 77,80. ISBN 979-98385-8-4.
  2. a b Clifford Geertz (1983). Abangan, Santri, Priyayi dalam Masarakat Jawa. Jakarta: Pustaka Jaya. kc. 32-33.