Faisal saka Arab Saudi

Faisal bin 'Abd al 'Aziz Al Sa'ud (1906-25 Maret 1975) (basa Arab: فيصل بن عبدالعزيز آل سعود) ya iku Raja Arab Saudi kang njabat wiwit taun 1964 nganti tekan taun 1975.[1][2] Raja Faisal lair ana ing Riyadh lan anak nomer papat saka Raja Abdul Aziz Al Saud.[1] Raja Faisal mrentah sekumpulan laskar lan sukses menang pertempuran ing Hijaz.[1][3] Amarga saka iku, dhèwèké dilantik dadi Gubernur Hijaz ana ing taun sawisé.[3] Sawisé Arab Saudi didegake, dhèwèké diwènèhi kalungguhan Mantri Luar Negeri Arab Saudi nalika taun 1932.[3] Sawisé resolusi PBB ngenani pemecahan Palestina lan ngadegaké Israèl, Pangeran Faisal (durung dadi ratu) ndesek bapaké kanggo mutusaké gayutan karo Amérika Sarékat, nanging desekane iku ditolak.[3] Sawisé ana skandal keuangan Raja Saud, Pangeran Faisal dilantik dadi pamaréntah sawatara.[3] Nalika tanggal 2 November 1964, dhèwèké dilantik dadi ratu sawisé Raja Saud diusir saka Arab Saudi menyang Yunani.[2] Raja Faisal nindakaké akèh reformasi nalika njabat dadi ratu, ing antarané ya iku ngolahake bocah wadon kanggo sekolah, télévisi, lsp..[2] Usahane iku éntuk tantangan saka akèh pihak amarga prakara-prakara iki dianggep bertentangan karo Islam.[2] Dhèwèké banjur ngrasa kuciwa banget nalika Israèl menang Perang Enem dina kang kadadéan nalika taun 1967.[1] Nalika taun 1973, Raja Faisal miwiti sawijining program kang duwé ancas kanggo majukake kakuwatan wadya Arab Saudi.[2] Nalika tanggal 17 Oktober 1973, dhèwèké ngèndegaké ekspor lenga Arab Saudi menyang nagara Amérika Sarékat kang njalari rega lenga ana ing Amérika Sarékat mundhak dhuwur banget.[2] Perkara iki dilakokake kanggo ndesek Amérika Sarékat kanggo neken Israèl supaya metu saka wewengkon Palestina.[1][2]

Prince Faisal (circa 1941)

Cathetan suku besut