Jalaluddin Rumi

Maulana Jalaluddin Rumi Muhammad bin Hasin al Khattabi al-Bakri (Jalaluddin Rumi) misuwur kanthi asma Rumi inggih punika salah satunggalipun penyair sufi ingkang miyos taun 604 Hijriah, utawi 30 September 1207 ing Balkh, Afganistan.[1] Rumi gadhah asma jangkep Jalaluddin Muhammad bin Muhammad al-Balkhi al-Qunuwi.[1] Panjenenganipun punika putranipun Bahauddin Walad, satunggalipun ulama lan mistikus ingkang misuwur, ingkang dipunurak saking Kota Balkh nalika Rumi yuswanipun taksih 12 taun.[1] Panjenenganipun lan kulawarganipun dipunurak amargi bènten pamanggihan kaliyan Sultan.[1]

Rumi

Jalaluddin Rumi punika boten namung penyair nanging ugi satunggalipun tokoh sufi ingkang gadhah pangaribawa (prabawa) ageng ing wekdal jamanipun.[1] Rumi ugi dados guru nomer satunggal Thariqat Maulawiyah, satunggalipun tarekat ing Turki lan wewengkon sakiwatengenipun.[1] Tarekat punika gadhah pangaribawa ingkang ageng tumraping Pura Turki Utsmani lan kalangan seniman.[1]

Pranala njawi besut

Cathetan suku besut

  1. a b c d e f g Hendrawan, Iwan. (2009). Mengenal Penyair Dunia dan Indonesia. Jakarta Barat: Musi Perkasa Utama PT