Jathilan iku jogèdan tradhisional Jawa sing pemainé utawa panariné migunakaké jaran képang. Jogèd iki ana unsur magisé amarga panariné bisa ana sing mendem. Jogèd iki digelar kanthi iringan manéka piranti musik gamelan kaya ta: kendhang, saron lan gong. Jeneng jogèd iki béda-béda ing sawatara panggonan. Ing tlatah Banyumas diarani 'ebeg', ing sawatara panggonan ing Jawa Tengah diarani 'jaran képang'. Jogèd jathilan iki bisa madeg dhéwé lan bisa uga wujud gabungan karo jogèd liya kaya déné réyog lan barongan. Sadurungé jogèd iki biyasa diwiwiti nganggo tetabuhan gamelan wujud: kendhang, bendhé lan kecer[1], sarta lawakan utawa dhagelan Penthul (Bancak) lan Tembem (Doyok). Ing sèsi pungkasan kerep ana penari sing nganti ngancik trance (kaya kesurupan).[2] Saliyané kanggo hiburan, jogèd jathilan uga biyasa dianggo prosèsi ritual budaya mistis kaya déné tradhisi tolak bala ing pèrèng Gunung Merapi[3]

Jathilan

Panari besut

Panari jathilan disandhangi warna-warna. Ana raja, prajurit, buta, anoman, barongan, lan penthul. Raja lan prajurit migunakaké jaran képang. Anoman ing jathilan ora mung wujud kethèk putih nanging ana uga sing ijo lan abang. kejaba iku penari uga ana sing nganngo properti wujud pecut utawa cethen.

Réferènsi besut

  1. "Dinas Pariwisata Kabupaten Klaten". Diarsip saka sing asli ing 2007-05-28. Dibukak ing 2011-08-01.
  2. Situs Ki Demag
  3. Antaranews.com:Kirab Jatilan Tradisi Tolak Bala Petani Merapi
  • Brosur saka badan Pariwisata DIY

Pirsana uga besut

Pranala njaba besut