Kawin kuwi manunggalé wong loro dadi siji. Kawin iku mèmper kontrak manawa wong loro nduwé kekarepan kapéngin urip bebarengan. Kawin uga kerep diarani rabi utawa omah-omah. Bédané ing tembung rabi sing didhedhes iku lelaku kawin utawa kelonané kamangka ing tembung omah-omah sing didhedhes iku olèhé urip bebarengan utawa gegriya. Banjur upacara kawin iku diarani mantènan utawa nikah.

Ali-ali wong sing kawin

Ing kasus sing akèh dhéwé, saindhenging donya, kamanunggalan wong kawin iku antara sawijining wong lanang lan wong wadon.

Étimologi besut

Tembung kawin ing basa Jawa kajupuk saka basa Parsi kawin sing ing jaman saiki dipocapaké minangka kabin (کابین).[1][2] Nanging ing basa Parsi tegesé iku mas kawin, dudu aktivitas wong kontrak sosial.

Iktisar besut

Ana sawatara alesan genéya wong kawin, racaké alesané salah sawijiné sing kapacak ing ngisor iki:

  • Kapéngin nduwé kulawarga sing diakoni kanthi absah.
  • Kapéngin ndarbèni anak sing bisa diwènèhi bandha warisan
  • Kapéngin proklamasi rasa katresnané kanthi resmi
  • Kapéngin olèh kawarganagaran sawijining nagara

Hak-hak besut

Kawinan iku marahi sawatara hak-hak lan kawajiban. Contoné:

  • Hak nemoni bojo ing kunjara utawa griya sakit
  • Hak kanggo mutusi sawijining prakara manawa si bojo ora bisa nglakoni mangkono
  • Wong kawin loro-loroné nduwé tanggung jawab kabèh kawajiban lan kudu nyauri kabèh utang sing digawé siji-sijiné sowang-sowang

Perkara wigati wong kawin iku uga olèhé kelonan. Manawa ora bisa kelonan, prakara iki bisa nggawé kawinané dijabel.

Wujud besut

Wong kawinan iku racaké namung karo wong siji. Sanadyan mangkono, ing Sénégal, 47% kawinan iku wong lanang karo akèh wong wadon.[3] Manawa wong nduwé bojo akèh, prakara iki diarani poligami. Manawa wong lanang kusus diarani poligini, manawa wong wadon nduwé bojo akèh, prakara iki diarani poliandri.

Kawinan padha jinis besut

Ing sawatara nagara, wong sing padha jinis uga bisa kawin kanthi resmi. Contoné ing Walanda, wong lanang padha karo wong lanang utawa wong wadon padha karo wong wadon.[4] Ing Tanah Jawa utawa Indonésia prakara mangkéné durung bisa.[5] Ing Suriname prakara iki uga durung bisa.[6]

Agama besut

Saliyané pérangan hukum, sajeroning kawin iku kerepé uga ana pérangan spiritualitas.

Réferènsi besut

  1. [Pers. kaawiin of kaabiin], K.N. huwelijk, huwelijks-verbindtenis vóór den priester [Sd. Ml. id.]; ook kawin en gewoonlijk srikawin of mas kawin, huwelijkspand, een stuk geld (gewoonlijk twee realen zilver) of goed, dat bij de bevestiging van het huwelijk door den priester door den bruidegom aan de bruid gegeven, of als een wettige schuld erkend wordt, en dat zij behoudt, of hij aan haar betalen moed, wanneer hij zich van haar scheiden wil. gantung kawin, opschorting van het huwelijk, wanneer na de bevestiging van het huwelijk door den priester de bijeenkomst van den bruidegom met de bruid nog eenigen tijd uitgesteld wordt. -ngawin, trouwen.(Roorda 1847)
  2. http://parsi.wiki/dehkhodaworddetail-0c47fb77add54febaa3f401747e28fb4-fa.html[pranala mati permanèn]
  3. http://www.findarticles.com/p/articles/mi_qn4196/is_20040502/ai_n10968614
  4. Burgerlijk wetboek Artikel 30
  5. http://www.nytimes.com/2016/08/20/world/asia/indonesia-gay-rights-dede-oetomo.html?_r=0
  6. http://dagbladdewest.com/2015/06/11/gros-surinamers-verwerpt-same-sex-marriage/