Kawin peksa iku sajinising wujud rerabèn manawa salah sijining péhak iku kudu kawin tanpa sarujuk utawa mènèhi idin. Kawin peksa béda karo rerabèn kang digathokaké. Ing kéné péhak kang arep rabi wis mènèhi idin njaluk tulung wong tuwané utawa péhak katelu (contoné Mak Comblang) nggolèkaké pasangan.

Kritik marang tradisi kawin peksa antaraning Bangsa Azerbaijan saka kalawarti satiris Molla Nasraddin awal abad kaping 20.
Pawiwawahan tan saimbang, siji lukisan abad kaping 20 déning seniman Ruslan, Pukirev. Lukisan iki nyritakaké rerabèn kang digathokaké, ing ngendi ana kenya enom dikon rabi tanpa awaké kepéngin.

Kawin peksa isih dipraktèkaké ing sawatara kabudayan saindhenging donya, mligi ing Asia Kidul lan Afrika. Kawin peksa bisa dianggep siji wujud batur tukon.

PBB nduwé panemu yèn kawin peksa iku siji wujud palècèhan hak dhasar manungsa, awit praktèk iki nglanggar prinsip kabébasan lan swatantra siji individu. Déklarasi Sajagad Hak-Hak Dhasar Manungsa nyatakaké manawa siji wong wadon nduwé hak kanggo milih bojoné dhéwé lan miwiti omah-omah kanthi bébas, amarga prakara iki dadi punjering urip lan pakurmatané lan kapadhan drajating minangka siji manungsa. Gréja Katulik Roma nyatakaké manawa kawin peksa iku mènèhi dhasar kanggo njabel mantènan iki - awit siji mantènan supaya bisa absah iku kudu disetujoni rong péhak kanthi bébas. Konvènsi Tambahan ing Pangluwaran Batur Tukon uga nglarang mantènan tanpa hak nulak kapénginané wong tuwa, kulawarga utawa wong liya lan kanggo cegah praktèk kaya mengkéné nuntuk umur minimun kanggo mantènan.

Kawin peksa ing Purwakarta, Jawa Kulon besut

Ing Purwakarta, Jawa Kulon ana kontrovèrsi kawin peksa. Manawa ana pasangan bocah enom kekencan ngliwati tabuh 21.00, banjur karo pamaréntah daérah dipeksa kon kawin.[1][2]

Réferènsi besut

Uga delengen besut

  • Sayembara, bisa diarani kosok baliné kawin peksa ing budaya kuna

Pranala njaba besut