Kuñjarakarna iku sawijining tèks gancaran Jawa Kuna sing nyritakaké raseksa Kunjarakarna kang kepéngin ngruwat dadi manungsa. Dhèwèké banjur ngadhep Bathara Wairocana, pangulune Dhyani Buda. Sang Bathara akon Kunjarakarna supaya nonton dhisik kaanan neraka. Ing kono raseksa mau dikatonaké déning Bathara Yamadipati kang nontonake sakabèhing pasiksan.

Naskah nipah Kuñjarakarna sing saiki disimpen ing pabukon Univèrsitas Leiden lan nduwé jeneng Codex Orientalis 2266, kaca 1 verso.

Pungkasané Kunjarakarna ngadhep Wairocana lan nampa piwulang. Sabanjuré bisa dadi manungsa kang éndah ing rupa.

Ringkesan besut

Sawijining dina, Kuñjarakarna agentur tapa ing gunung Mahameru supaya ing kalairan sabanjuré bisa tumitis dadi manungsa sing rupané bagus. Mula dhèwèké mara sowan marang Wairocana utawi sang Buda.

Banjur dhèwèké olèh niliki neraka, papané bathara Yama. Ing kono dhèwèké olèh kabar yèn kancané, sang Purnawijaya bakal tilar donya ing wektu pirang dina manèh lan arwahé bakal dipilara lan disiksa ing neraka.

Banjur Kunjarakarna mara ngadhep Wairocana lan nyuwun dispènsasi. Wusanané dhèwèké pareng ngandhani Purnawijaya bab iki. Purnawijaya kagèt yèn diajak mèlu ndheleng neraka. Banjur dhèwèké bali menyang bumi lan pamitan karo bojoné.

Wusanané dhèwèké tilar donya tenan, nanging mung disiksa sepuluh dina waé lan ora atusan taun. Banjur dhèwèké olèh bali menyang bumi manèh. Carita iki bubar karo adegan sang Kunjarakarna yasa tapa karo Purnawijaya ing imbangé gunung Mahameru.

Piwulang carita: sok sapa sing ngrungokaké lan ngerti prakara dharma, dhèwèké bakal slamet.

Conto tèks carita besut

Jawa Kuna[1] Jarwa
tan asuwé ring awan, Ora suwé ing dalan
dhateng ta ya ring bumipata<l>a, hana ta ya srijati dumilah sadakala lonya sêndriya, sêndriya ngaranya, sôlih ing mata tumingal, hana ta babahan kapanggiha denira sang Kuñjarakarna, inebnya tambaga, lereganya salaka, tuwin ku<ñ>cinya mas, banjur teka ta ya ing Bumi Patala[2]. Banjur ana ta uwit srijati sing murub terus. Kandhelé saindriya. Tegesé saindriya itu sapandhelengé mata. Saliyané iku sang Kuñjarakarna weruh ana lawang, panèlé saka tembaga, lorogané saka pirak lan kunciné saka emas.
ta<m>bak lalénya w<e>si, ikang hawan sad<e>pa saroh lonya, temboké saka wesi, dalané ambané sadhepa lan saroh
inurap rinata-rata ginomaya ring tahining le<m>bu kanya, diurapi lan diratan-ratani tinja sapi perawan wadon
tinaneman ta ya handong bang, kayu puring, kayu masedhang asinang, winoran asep dupa, mrabuk arum ambunika sinawuran kembang ura, pinujan kembang pupungon, diwèhi tuwuhan andong abang, puring lan wit-witan sing nedheng akembang wangi. Ambuné iki awor asep dupa, wangi mrebuk lan disawuri kembang ura. Kembang-kembang sing lagi mekar dicaosaké dadi sajèn pupujan,
ya ta matanyan maruhun-ruhunan ikang watek papa kabèh winalingnya mulané wong sing dosa padha mara disik-disikan. Kabèh pikirané padha salah,
dalan maring swarga ri hidhepnya dikira dalané menyang sorga.

Cathetan pada besut

  1. Tèks dijupuk saka Van der Molen (1983:148). Pasang aksara tèks iku éjaan kritis.
  2. Bumi ngisor utawa neraka

Buda Mahayana besut

Kitab iki ngandhut piwulang Buda Mahayana. Piwulang iki tinatah ing relief ing Candhi Jago. Durung ana ahli sing bisa mesthèkaké sapa kang ngarang carita iki.

Umur besut

Sawetara ahli filologi nanggepi umur kitab iki kanthi béda. Kern ngira yèn kitab iki saka Jawa Kulon lan saka abad kaping 14. Déné Pigeud nganggep yèn Kunjarakarna iki luwih enom tinimbang abad iku. Déné Zoetmulder nganggep yèn naskah iki saka jaman Majapait.

Pratélan pustaka besut

  • Kodhe basa ora trep. (ing basa Walanda) J.H.C. Kern, 1901, Kuñjarakarna, Amsterdam
  • Kodhe basa ora trep. (ing basa Walanda) W. van der Molen, 1983, Javaanse tekstkritiek, Leiden:KITLV. VKI 102

Uga delengen besut