Kucing kuwuk[1]
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Mammalia
Ordho: Carnivora
Famili: Felidae
Génus: Prionailurus
Spésies: P. bengalensis
Jeneng binomial
Prionailurus bengalensis
(Kerr, 1792)
Persebaran kucing kuwuk

Kucing kuwuk utawa blacan (Prionailurus bengalensis) ya iku kucing alasan cilik Asia Kidul lan Wétan. Awit taun 2002, dhèwèké terdaftar sajeroning spésies Risiko Rendah déning IUCN sebab dèwèké terdistribusi kanthi amba, nanging terancam déning ilangé habitat lan perburuan ing pira-pira pérangan persebaran. Subspesies kucing kuwuk ana 12, ang béda kanthi amba sajeroning penampilan.[2]

Jeneng basa Inggris kucing kuwuk, ya iku leopard cèt, déwéke asalé saka bintik-bintik kaya macan tutul kang ing kabèh subspesies kucing kuwuk, nanging sebenere gayutan spésies kanti macan tutul adoh.

Karakteristik besut

Kucing kuwuk ukurane kaya kucing domestik, nanging deweké luwih ramping kanti sikil dawa lan selaput kang jelas antarané driji sikil. Ndas cilik dhèwèké ditandai kanti dua garis-garis peteng kang nonjol, lan moncong putih kang cendak lan sempit dhèwèké. Ana rong garis-garis, kang pertama garis peteng kang dawa saka mata marang kuping, lan garis-garis putih cilik saka mata marang irung. Bagiyan mburi kuping rodok dawa, bunder, ireng lan putih ing tengah. Awak lan suthang ditandai kanti bintik-bintik ireng kanti ukuran lan warna kang béda, lan ngi sakdawané geger ana 2 nganti 4 baris bintik-bintik dawa. Ukuran buntut ya iku setengah ukuran ndas lan awak dhèwèké lan bintik-bintik kanti pira-pira cincin ireng kang ora jelas cepak pucuk warnané ireng. Warna wulu bintik-bintik dhèwèké ya iku kuning kecoklatan kanti dhadha lan weteng putih. Nanging sajeroning sapérangan dhèwèké, ukuran lan warna bintik dhèwèké variasi banget sarta sajeroning ukuran lan bobot awak kang awalé dianggap minangka Spesies kang béda. Warna wulu ing populasi pérangan kidul ya iku coklat kekuniangn, nanging klawu pérak pucat ing salah siji populasi kidul. Tanda ireng bisa katon, utawa mbentuk garis pedot-pedot, tergantung marang subspesies. Ing tropicka, bobot kucing kuwuk 0.55 to 3.8 kg (1.2 to 8.4 lb), duwé dawa saka ndas nganti awak 38.8 to 66 cm (15.3 to 26.0 in) kanti dawa buntut 17.2 to 31 cm (6.8 to 12.2 in). Di Cina utara lan Siberia, bobot dhèwèké nganti 7.1 kg (16 lb), lan duwé dawa awak nganti ndas nganti 75 cm (30 in); umumnya, dhèwèké menambah bobot awak sadurungé mangsa dingin lan dadi luwih gering nganti mangsa semi.[3] Tinggi bahu sakiwa-tengené 41 cm (16 in).

Distribusi lan habitat besut

Kucing kuwuk ya iku kucing cilik Asia kang duwé distribusi kang paling amba. Persebaran dhèwèké nyebar saka wewengkon Amur ing Timur Jauh Ruslan nganti marang Ujung Koréa, China, Indochina, Subkontinen India, marang kulon kulon ing wewengkon kidul Pakistan, lan lan marang lor ing Filipina lan KapuloanSunda ing Indonesia. dhèwèké tinemu di kawasan agrikultural kang digunakaké luwih milih habitat alas. Déweké urip ing alas udan tropis abadi lan perkebunan ing nduuwur lumah sagara, ing alas peluruh subtropis lan alas konifer beriklim selang ing sikil bukit Himalaya ing keduwuran punjul 1000m.[3] Pada 2009, seekor kucing kuwuk terjebak déning kodhak jebakan ing Taman Nasional Makalu-Barun, ing ketinggian 3254m.

Cathetan sikil besut

  1. Wozencraft, W. C. (2005). "Order Carnivora". Ing Wilson, D. E.; Reeder, D. M. (èd.). Mammal Species of the World: A Taxonomic and Geographic Reference (édhisi ka-3). Johns Hopkins University Press. kc. 542. ISBN 978-0-8018-8221-0. OCLC 62265494.
  2. a b Sanderson, J., Sunarto, S., Wilting, A., Driscoll, C., Lorica, R., Ross, J., Hearn, A., Mujkherjee, S., Ahmed Khan, J., Habib, B., Grassman, L. (2008). "Prionailurus bengalensis". IUCN Red List of Threatened Species. Version 2010.4. International Union for Conservation of Nature.{{cite web}}: CS1 maint: uses authors parameter (link)
  3. a b Sunquist, M., Sunquist, F. (2002). Wild cats of the World. Chicago: University of Chicago Press. kc. 225–232. ISBN 0-226-77999-8.{{cite book}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)

Pranala njaba besut