Otto Heinrich Warburg

Otto Heinrich Warburg (1883-1970) inggih punika salah satunggaling ilmuwan (biokimiawan) Jerman ingkang menangaken Bebungah Nobel Fisiologi utawi Kedhokteran ing taun 1931 saking panaliténipun babagan "pernapasan sel".[1]

Otto Heinrich Warburg
Otto Heinrich Warburg
Lair(1883-10-08)8 Oktober 1883
Freiburg, Baden, Germany
PatiAgustus 1, 1970(1970-08-01) (umur 86)
Berlin, West Germany
BangsaGerman
Alma materUniversity of Berlin
University of Heidelberg
Kondhang ingPathogenesis of cancer
BebungahIron Cross 1st class (1918)
Penghargaan Nobel dalam Fisiologi atau Kedhokteran (1931)
Pour le Mérite (Civil Class) (1952)
Karièr ngèlmiah
BabaganCell biology
InstitutionsKaiser Wilhelm Institute for Biology
Juru pamrayogya dhoktoralEmil Fischer
Ludolf von Krehl
Otto Warburg

Sabibaripun pikantuk gelar dhoktor wonten ing ngèlmu kimia wonten ing Universitas Berlin (1906) lan wonten ing ngèlmu kadhokteran wonten ing Heidelberg (1911), Warburg dados tokoh ingkang misuwur ing institut Berlin-Dahlem. Piyambakipun pisanan dados kawéntar amargi karyanipun babagan metabolisme manéka jinis ova ing Stasiun Biologi Laut wonten ing laladan Napoli.

Panalitén Warburg dipunwiwiti ing awal 1920-an. Nalika ngamati prosès konsumsi oksigèn déning sel-sel saking organisme gesang, piyambakipun nepangaken cara migunakaken manometri (pengukuran éwah-éwahaning tekanan gas) saperlu nyinaoni tingkat ing pundi pérangan-pérangan jaringan gesang ingkang mrelukaken oksigèn. Pamadosanipun babagan unsur pokok sel ingkang gegayutan wonten ing konsumsi oksigèn njalari piyambakipun ngidentifikasi peranan sitokrom, sakelompok enzim ing pundi kelompok heme ingkang gadhah momotan besi ngiket oksigèn molekuler, kados ingkang kadadosan wonten ing hemoglobin pigmen getih.[2]

Nalika taun 1932 Warburg sampun kasil "mengisolasi" ingkang kapisanan saking punapa ingkang dipunsebut enzim-enzim kuning, utawi flavoprotein, ingkang gadhah peran sarta wonten ing reaksi -reaksi dehidrogenasi wonten ing salebeting sel. Piyambakipun manggihaken bilih enzim-enzim punika ébah wonten gayutanipun kaliyan komponèn nonprotein (sapunika dipunsebut koenzim), flavin adenin dinukleotida. Nalika taun 1935 piyambakipun manggihaken bilih nikotinamid mbentuk pérangan koenzim sanèsipun, ingkang sapunika dipunsebut nikotinamida adenin dinukleotida, ingkang ugi kagayut wonten ing dehidrogenasi biologis.[2]

Warburg ugi nliti fotosintesis lan minangka tiyang ingkang kapisanan ingkang ngamati bilih perkembangan sel-sel ingkang ganas mrelukaken jumlah oksigèn ingkang langkung sakedhik tinimbang sel ingkang normal.

Bebungah Nobel taun 1931 ingkang dipuntampi inggih punika pengakuan tumrap panaliténipun babagan enzim pernapasan. Saking taun 1931 piyambakipun njabat minangka kepala Institut Max Planck kanggé Fisiologi Sel wonten ing Berlin.[3]

Nalika taun 1944 piyambakipun dipuntawari Bebungah Nobel kaping kalih, nanging amargi piyambakipun satunggaling tiyang Yahudi, dipuncegah nampi bebungah punika déning rezim Hitler. Nanging rezim punika boten wantun nahan amargi prestise internasionalipun.

Cathetan suku besut

Pranala njaba besut