Pangéran Purbaya

Pangéran Purbaya (utawi Purubaya) inggih punika tokoh sujarah ingkang sanget gadhah rahsya.[1] Asma Purbaya/Purubaya bisa ngrujuk marang tigang tiyang inggih punika: Pangèran Purbaya saking Kasultanan Mataram, Pangéran Purbaya saking Kasultanan Banten, lan Pangèran Purbaya saking Kasunanan Kartasura.

Pasareyan Pangéran Purbaya (Mataram) besut

Pangéran Purbaya miturut carita ya iku salah sijining putrané Sultan Agung saka Mataram. Purbaya disarekake ing désa Kalisoka, Kacamatan Dhukuhwaru, Kabupatèn Tegal.[2] Komplek pesareyan Pangéran Purbaya kapérang dadi 3 bale sing diwatesi nganggo pager bata. Bale utama (Bale angka 3) ya iku kuburan Pangéran Purbaya lan sisihané, makam Reksonegoro, kuburan Bupati Pemalang lan masjid kuburan sarta kuburan kerabat. Bale 2 dan 1 minangka pasaréan kerabat. Wewangunan mung cukup dibagi rong ruang ya iku ruang kuburan sing katutup témbok lan serambi kabuka sing muteri ruang pasaréan. Jirat kuburan iku saka jirat anyar lan bahané kagawé saka keramik ukuran dawa 2 x 1 m dhuwur 30 cm. Kijing sing kagawé saka kayu jati wektu iki kaanané wis kropos. Kijing iku lumebu kategori kijing tipe Demak-Troloyo.

Katrangan cekak besut

  • Nama : Kuburan Pangéran Purbaya
  • Lokasi : Désa Kalisoka Kec. Dukuhwaru Kab. Tegal
  • Bahan : Keramik
  • Ukuran : 1. Ha
  • Periodisasi : 1605
  • Kaanan : Apik
  • Status Kaduwenan: Désa (tanah wakaf)

Cathetan suku besut

  1. Abdul Muis. 1999. Surapati. cet. 11. Jakarta: Balai Pustaka]
  2. [1][pranala mati permanèn] (dipunundhuh tanggal 14 Mèi 2011)

Kapustakan besut

  • Abdul Muis. 1999. Surapati. cet. 11. Jakarta: Balai Pustaka
  • Babad Tanah Jawi, Mulai dari Nabi Adam Sampai Tahun 1647. (terj.). 2007. Yogyakarta: Narasi
  • M.C. Ricklefs. 1991. Sajarah Indonesia Modern (terj.). Yogyakarta: Gadjah Mada University Press
  • Moedjianto. 1987. Konsep Kekuasaan Jawa: Penerapannya olèh Raja-raja Mataram. Yogyakarta: Kanisius
  • Purwadi. 2007. Sajarah Raja-Raja Jawa. Yogyakarta: Media Ilmu