Papirus utawa Papyrus (jeneng ilmiah: Cyperus papyrus) ya iku jinising tuwuhan banyu kang kaloka minangka bahan kanggo gawé kertas ing jaman \bkuna\b. Tuwuhan iki lumrahé ditemoni ing pinggir lan lembah Kali Nil. Udakara 3500 SM, bangsa Mesir Kuna wis nggunakaké papirus. Nalika iku gawé kertas saka kulit-kulit tipis utawa kulit-kulit alus papirus, sadurungé kertas (kaya kang wis kaloka saiki) tinemu.

Tuwuhan papirus Cyperus papyrus ing Kew Gardens, London

Ciri-ciri fisik lan kagunan besut

Sacara fisik, godhong wit iki mèmper rambut rembyakan. Pangé thukul dawane 3-5 mèter, kanthi wujud wajik kanthi bersilangan. Ing saubengé dhasar pang mau thukul gegodhongan mawa serat èndhèk.

Karakter wit papirus alus banget, tanpa bonggol-bonggol lan eri kang anuju ing golongan kembang gedhé, nyaman, lan dhapuré rumbai. Jaréné amarga owahing géografis ing tlatah kali Nil lan ngrembakané panggunan kulit kéwan minangka média kanggo nulis, papirus ing Mesir ora manèh ngrembaka kanthi subur. Pananduran dadi angèl lan populasi papirus mudhun. Nanging kanthi mangkono, saiki papirus wis akèh thukul ing pnggiring tlaga cilik lan kali-kali ing Afrika.

Miturut Dr. Kamaluddin al-Batanuni, guru besar ékologi, tuwuhan papirus urip ana ing tlatah lembap lan teles. Godhong-godhongé dawa, dhuwur, lan kaya kulit. Dhawané ngancik 1,5 mèter lan godhong-godhongé tuwuhan iki akèh kanggo gawé klasa.

Ing wewengkon jazirah Arab, nalika mangsané Muhammad, tuwuhan iki saliyané kanggo gawé klasar, uga kanggo nulis Al Qur'an lan bahan usada tradhisional. Minangka bahan kanggo nulis, papirus diolah nganti kaya kertas, lumrahé ukurané 10×20 cm nganti 10×30 cm utawa punjul 10×50 cm. Nanging, ana kepingan kang dijait nganti ngasilaké lembar papirus kang dawané 12 nganti 30 mèter.

Papirus ing agama Islam besut

Papirus kaloka minangka sawijining obat; ing agama Islam kacathet ing Hadits kang diriwayataké déning Imam Bukhari lan Imam Muslim, adhadhasar informasi saka Abu Hazm yèn dhèwèke krungu Sahl bin Sa'd As Sa'idi takon ngenani obat kang kanggo nambani tatuné Muhammad nalika Perang Uhud. Mula saka iku panjenengané ngendika: "Pasuryané tatu, waja sèrine pecah lan helm ing mustakané remuk. Fatimah az-Zahra ngresiki getihé, lan Ali bin Abi Thalib nyuntakake banyu nganggo perisai. Nalika Fatimah ngerti yèn banyuné ora bisa nahan getih kajaba sansaya akèh, mula dhèwèké njupuk sawijining klasa, banjur diobong nganti dadi awu, lan banjur nemplèkaké ing tatuné mau, banjur getih mau mandheg anggoné mili".

Al Kahal bin Tharkan njlèntrèhake hadits iki. Jaréné, klasa kang dimaksud ing hadits mau ya iku klasa kang digawé saka papirus. Nalika iku klasa kerep digawé saka tuwuhan iki. Awu kang asalé saka papirus duwé prabawa kang apik nalika ngempet getih amarga ngandhut zat panggawé garing kang kuwat lan ora nyengat. Awu iki yèn dibarengaké karo cuka banjur disebulaké ing jero irungé wong kang mimisen, bakal bisa mampetaké mimisen mau.

Saliyané iku, kaya di kang dituturaké déning Abdul Mun'im Q ing bukuné At-Tadawy bil Qur'an (Pangobatan ing Al-Qur'an), ing jeroné tuwuhan iki kaandhut uyah mineral kanthi kadhar kang gedhé; zat ikil kang bakal dadi awu sawisé godhong-godhonge diobong. Awu iki alus banget nganti ngancik drajat kang gedhé lan ukuran awuné bisa mancik ukuran glepung perekat kang bisa ngempet pendarahan candhaké. Iki kang nambah ambané lumahé. Ing antarané khasiat paling wigati saka lumahing iki ya iku sifaté kang gampang nyerap. Tegesé, dhèwèké nglumpukaké lumahé unsur-unsur liya saka kaanan kang apa anané. Mula saka iku, ngobong tuwuhan iki bakal ngasilaké awu kang stèril lan duwé khasiat kanggo ngresiki tatu lan madhèkaké pendarahan, uga bakal minangka panutup lan pambalut kang nyegah mlebuné mikroba lan jisim-jisim renik liyané.

Karakteristik médhia papirus iki pancèn kaloka déning akèh bangsa. Ing India, tuladhané, lenga mentah kang kagawé saka papirus akèh kanggo nglancaraké uyuh. Luwih saka iku, kulit kembangé kanggo pambalut tatu lan obat tumrap jaringan kang urip.