Parté Komunis Indonésia

parti pulitik ing Indhi Walanda

Parté Kuminis Indhonésia (PKI) iku parté pulitik ing Indhonésia kang duwé idéologi kuminis lan diadegaké ing taun 1921 ing kutha Semarang. Sajeroning sajarah, PKI wis tau ngraman marang papréntahan kolonial Walanda ing taun 1926, ndhalangi pemberontakan PKI Madiun ing taun 1948 lan dianggep ndhalangi pemberontakan G30S ing taun 1965.

Parté Komunis Indonésia

Sajarah besut

Kuminisme ing Indhonésia kawanuhaké déning wong nasionalis radhikal saka Landa H.F.J.M. Sneevliet kang teka ing tlatah Indonésia sapreludadi pégawai kantor dhagang ing Semarang ing taun 1913. Ora patia cetha tujuané teka, nanging dhèwèké bisa ndeleng yèn Indonésia bisa dadi tlatah suburé Kuminisme. Ing wulan Mèi 1914 H.F.J.M Sneevliet karo kanca-kancané J.A Bransterder, H.W. Dekker,P. Bergsma lan A. Baars nyengkuyung ambangun kelompok ISDV (Indische Social Dhémokratische Vereeniging) ing Semarang. Kelompok Marsix pertama ing Asia Tenggara. Ing wulan Oktober, ing taun iku uga nggawé médhia massa, arané MEDIA BEBAS duwé éditor Bergsma, Sneevliet lan A. Baars.[1].

Ing taun 1917 Sneevliet lan kanca-kancané wis duwé prabawa kang kuat [2]. Anggota-anggotané ISDV disusupaké ing kelompong kondhang Sarékat Islam. Anggoné nyusupaké anggota ing Sarékat Islam saya suwé sang saya gedhé nganti Sarékat Islam pecah, lan dipérang dari rong kelompok, diarani Sarékat Islam Merah lan Sarékat Islam Putih. Anggotané Sarékat Islam Putih ya iku saka angggota Sarékat Islam kang isih saktujuan ora kacampur karo paham Kuminis. Kelompok Sarékat Islam kang wis kacampur karo paham Kuminis, mecah dadi Sarékat Islam Merah. Pangarsaning Komitèrn taun 1923 Tan Malaka nglaporaké yèn Perserikatan Kuminis ing Hindia Walanda wis nganti kuwasani 20 sèksi ing Sarèkat Islam lan diandharaké yèn saka 100.000 anggota Si, ana 30.000 anggota kang aktip dadi anggota Kuminis. Jalaran anggotane komhnis saya radhikal, ora saithik wong kang dadi kuminis ditangkapi déning pamarintah Hindia Belandha. Ing taun 1923, Darsono anggota anyar Kuminis mandhégani panggabungan anggota Kuminis. Saya suwé PKI kasil nyebarake kuminisme ing tlatah Indonésia. Kejaba ngunu, PKI uga durung bisa ngontrol kadisiplinan uga ideologiné para anggotané. Panindakan kejem déning papréntahan Landa marang aksi-aksi Sarékat Rakyat njalari dianakaké Kongrès PKI ing wulan Désèmber 1924 ing Kotagedé, Yogyakarta. Ing kongrès iku diputusaké nglebur Sarékat Rakyat ing PKI.[2] Taun 1924 diresmiaké ngedhegaké Parté Kuminis Indhonésia.[3]

Gejolak Parté Kuminis Indonésia (PKI) besut

Ing taun 1926, PKI kasil nganakake gejolaking masarakat ing peranganing papan. Gejolaking masarakat kabèh diatasai déning Pamarintah Hindia Belandha.Akeh tokoh kuminis lan nasionalis dikunjara, malah ana sing dibuwak ing Digul Tanah Merah, Irian Jaya, nanging tokoh kuminis Alimin lan Muso bisa lumayu ing nagari manca. Ing taun 1935 Komintern ngirim manèh wong tokoh kuminis ing Hindia Belandha, ya iku Muso. Karo bantuan saka Djoko Sudjono, Pamuji lan Achmad Sumadi, Muso nganakake kagiyatan bawah tangan. Tekan gagalé gejolak rakyat nglawan pamarintah Hindia Belandha ing taun 1923-1927, kagiyatan PKI ora katon manèh. Kagiatan-kagiyatan PKI wiwit kanton manèèh ing taun 1947, nalika Kuminisme Internasional ngewènèhi dhoktrin Zhdanov. Kaya mangkono, ing taun-taun Proklamasi Kamardhékan Indonésia. Ing taun 1948, Kuminis Internasional nekaké Muso lan Suripno banjur nganakaké pamberotakan ing laladan Madiun taun 1948 [2].

Cathetan suku besut

  1. Soergiarso Soerojo, (1988), Siapa Menabur angin akan Menuai Badai (G30S/PKI dan Apa Peran Bung Karno), Halm: 3
  2. a b c Tim Penulis, Gerakan 30 September Pemberontakan Parté Kuminis Indonésia (1994), Halm: 8 Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "buku2" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda
  3. Nasution, Abdul Muluk (1981). Pemberontakan Sarikat Rakyat Silungkang, Sumatera Barat, 1926-1927: pengalaman perjuangan dalam merintis kemerdekaan (ing basa Indonesia). Mutiara.

Referensi umum besut

  • Brands, H. W. "The limits of Manipulation: How the United States didn't topple Sukarno." Journal of American History 76.3 (1989): 785–808. online
  • Crouch, Harold (1978). The Army and Politics in Indonesia. Ithaca, New York: Cornell University Press. ISBN 0-8014-1155-6.
  • Mortimer, Rex (1974). Indonesian Communism Under Sukarno: Ideology and Politics, 1959-1965. Ithaca, New York: Cornell University Press. ISBN 0-8014-0825-3.
  • Ricklefs, M.C. (1982). A History of Modern Indonesia. London: MacMillan. ISBN 0-333-24380-3.
  • Sinaga, Edward Djanner (1960). Communism and the Communist Party in Indonesia (MA Thesis). George Washington University School of Government.
  • Roosa, John (2006). Pretext for Mass Murder, The September 30th Movement & Suharto's Coup D'état. Madison, Wisconsin: University of Wisconsin Press. ISBN 978-0-299-22034-1.

Wacan liyane besut

  • Hindley, Donald. The Communist Party of Indonesia, 1951–1963 (U of California Press, 1966).
  • Jochen Hippler, Nasr Hamid Abu Zaid, Amr Hamzawy: Krieg, Repression, Terrorismus. Politische Gewalt und Zivilisation in westlichen und muslimischen Gesellschaften. ifa, Stuttgart 2006, S. 55-58 (Review)
  • Hunter, Helen-Louise, (2007) Sukarno and the Indonesian coup : the untold story Westport, Conn. : Praeger Security International. PSI reports (Westport, Conn.)ISBN 9780275974381 (hbk.)ISBN 0275974383 (hbk.)
  • J.L. Holzgrefe / Robert O. Keohane: Humanitarian Intervention: Ethical, Legal and Political Dilemmas. Cambridge (2003). ISBN 0-521-52928-X, S. 47
  • Mark Levene u. Penny Roberts: The Massacre in History. (1999). ISBN 1-57181-935-5, S. 247-251
  • Phromkhet, T. (2020). D.N. Aidit: Dipa Nusantara Aidit Kap Phak Khō̜mmiunit ʻIndōnīsīa [D.N. Aidit: Dipa Nusantara Aidit and the Communist Party of Indonesia]. Bangkok: Illuminations Editions. (in Thai) ISBN 9786168215173
  • Robert Cribb, 'The Indonesian communist tradition', in C.P. Mackerras and N.J. Knight, eds, Marxism in Asia (London: Croom Helm, 1985), pp. 251–272 [1] Archived 2020-08-01 at the Wayback Machine..
  • Robinson, Geoffrey B. (2018). The Killing Season: A History of the Indonesian Massacres, 1965-66. Princeton University Press. ISBN 9781400888863.