Plasmid ya iku DNA ekstrakromosomal kang bisa ngreplikasi kanthi autonom lan bisa tinemu ing sèl hidup.[1] siji sèl bisa tinemu punjul siji plasmid kanthi ukuran kang béda- béda nanging kabèh plasmid ora ngode fungsi kang wigati kanggo pertumbuhan sèl mau.[1] Lumrahé plasmid ngodekake gen-gen kang diperlokake supaya tahan ing kaanan kang kurang nguntungake mla ye lingkungan normal manèh, DNA plasmid bisa dibuwang.[1]

Plasmid ing baktèri.

Struktur plasmid besut

Plasmid duwé struktur sirkuler, nanging ana plasmid linear kang bisa tinemu ing mikroorganisme tinamtu, kaya ta Borrelia burgdorferi lan Streptomyces.[2] Plasmid tinemu ing wujud DNA utas ganda kang kasusun dadi superkoil utawa kumparan terpilin.[3] Anane Struktur superkoil amarga enzim topoisomerase gawé sapérangan DNA utas ganda pedhot (ora kaiket) nalika replikasi plasmid.[3] Struktur superkoil bakal njalari DNA plasmid ana ing konformasi kang diarani lingkaran katutup kovalen atau covalently closed circular (ccc), nanging yèn loro utas DNA pedhot, plasmid bakal balik ing kaanan normal (ora terpilin) lan konformasi diarani open circuler (oc).[3] Panemone plasmid wis kawiwitan taun 1887, nalika Robert Koch mublikasikake panalitene ngenani baktèri Bacillus anthracis minangka penyebab lelara antraks.[4]

Cathetan suku besut

  1. a b c Royston C. Clowes (1972). "Molecular Structure of Bacterial Plasmids" (PDF). Bacteriological Reviews. 36 (3): 361–405. {{cite journal}}: Unknown parameter |month= ignored (pitulung)
  2. Hinnebusch J, Barbour AG (1991). "Linear plasmids of Borrelia burgdorferi have a telomeric structure and sequence similar to those of a eukaryotic virus" (PDF). J Bacteriol. 173 (22): 7233–7239. {{cite journal}}: Unknown parameter |month= ignored (pitulung)
  3. a b c (Inggris)Brown, Terry A. (2010). Gene Cloning and DNA Analysis: An Introduction. Wiley-Blackwell. ISBN 978-1-4051-8173-0. Hal. 35-36
  4. (Inggris)Gregory Phillips G, Funnell BE (2004). Plasmid biology. Washington: ASM Press. ISBN 978-1-55581-265-2. Hal.1-6