Perenjak Jawa
Perenjak jawa yang masih mudha
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Aves
Ordho: Passeriformes
Famili: Cisticolidae
Génus: Prinia
Spésies: P. familiaris
Jeneng binomial
Prinia familiaris
Horsfield, 1821

Prenjak Jawa utawi ingkang kaloka ugi kanthi nama ciblek inggih punika sawijining jinis manuk ngoceh saking suku Cisticolidae (ing kathah buku taksih dipunlebetaken ing suku Sylviidae). Wonten ing basa Inggris manuk punika misuwur minangka bar-winged Prinia, ngrujuk saking kalih garis pethak ing saben suwiwinipun. Nama ilmiahipun inggih punika Prinia familiaris Horsfield, 1821.

Morfologi besut

Manuk alit, kanthi dawa total (kaukur saking pucuk cucuk dumugi ing buntutipun) antawis 13 cm. Sapérangan agedng sisih inggilipun awerni coklat ijo-zaitun. Tenggorokan saha dhadha pethak, weteng saha bokong radi kekuning-kuningan. Pérangan dhadha lan paha radi klawu. Ciri khasipun suwiwi kanthi kalih garis pethak, sarta buntut dawa kanthi pucukipun awerni cemeng lan pethak.

Cucukipun dawa lan lancip, sisih inggil awerni cemeng saha sisih andhap awerni kuning. Suku alit awerni coklat semu abrit.

Kebiasaan lan panyebaran besut

Manuk ingkang regeng lan lincah, ingkang asring kapanggih ing papan-papan ingkang kabikak utawi laladan semak ing taman, pekarangan, pinggir sawah, alas sékundhèr, dumugi hutan bakau. Ugi asring katingal ing pakebonan teh. Kalih utawi tiga manuk, utawi saged langkung kathah, asring katingal oyak-oyakan sawatawis pados tetedhan ing antawising semak-semak sinambi ngocéh cwuit-cwuit-cwuit.. ciblek-ciblek-ciblek-ciblek.. ! Buntut ingkang tipis dipunéwahaken minggah nalika ngocéh.

Pados mangsa ingkang wujud manéka gegremet lan uler, prenjak jawa pados mangsa wiwit saking nginggil lemah dumugi tajuk wit-witan. Manuk punika damel sarangipun ing sesuketan utawi semak-semak ingkang inggilipun dumugi 1,5 m saking lemah. Sarang kanthi wujud bal alit dipunanyam saking sesuketan lan serat tetuwuhan.

Prenjak jawa minangka manuk endemik (nyebaripun winates) ing wewengkon Sumatra, Jawa lan Bali. Ing Sumatra asring dumugi 900 m ing nginggil laut, déné ing Jawa lan Bali limrahipun dumugi 1.500 m saking nginggil laut.

Anceman besut

Sadèrèngipun taun 1990-an, manuk punika pikantuk dipunsebut boten gadhah aji ékonomi, saéngga kathah dipunbebasaken kados déné manuk gréja lan manuk pipit. Sipatipun ingkang gampil adhaptasi saha boten ajrih kaliyan manungsa njalari populasi manuk punika lumayan inggil ing papan-papan ingkang cocog.

Sabibaripun taun-taun punika, manuk punika wiwit kathah dipunburu manungsa saperlu dipundagangaken mliginipun ing tlatah Jawa. Punapa déné manuk punika taksih gampil kapanggih ing wilyaha pakebonan lan gadhah keistimewaan gampil jinak. Sipat jinakipun damel dados gampil dipuncekel kanthi dipunpikat, inggih punika nganggem pambiyantu piranti kaca ing salebeting kandhang. Manuk gampil ketarik kaliyan byanganipun piyambak badhé kajebak ing kandhang.

Bahan Waosan besut

  • MacKinnon, J., K. Phillipps, B. van Balen. 2000. Burung-burung di Sumatera, Jawa, Bali dan Kalimantan. LIPI dan BirdLife IP. Bogor.

Cathetan suku besut

ITIS Database, Dipunundhuh tanggal 8 Dhésèmber 2012