Rakai Garung iku raja Karajan Mataram Kuna saka Wangsa Sanjaya. Rakai iki nerusaké Rakai Warak sing nyekel kuwasa ing taun 828 nganti 847. Jeneng Rakai Garung disebutkan ing Prasasti Wanua Tengah III, karan sadurungé Rakai Pikatan. Prasasti paling lawas sing naté tinemu katulis Rakai Garung ya iku Prasasti Pengging kanthi angka taun 819.

Manut de Casparis, Rakai Garung iki padha karo Dang Karayân Partâpan Pu Plâr sing katulis ing Prasasti Gandasuli.[1] Ing prasasti iku, Dang Karayân karo sisihané, Pu Plâr, nggiyaraké upacara sima. Jeneng Pu Plâr dhéwé tinemu ing naskah Prasasti Karangtengah, bebarengan karo Pramodhawardhani lan Samaratungga. Putri Pramodhawardhani dianggep padha karo Sri Kaluhunnan. Mula, pètungané de Casparis ya iku Pramodhawardhani iku mantuné Rakai Garung amarga dhaup karo Rakai Pikatan.

Kanthi dhasar prasasti Kedhu, désa Guntur iku lumebu ing laladan wihara Garung lan lumebu ing wewengkoné Patapan. Kanthi lelandhesan iku, De Casparis nganggep yèn Rakai patapan iku padha karo Rakai Garung sing mau ing Prasasti Mantyasih, sinebut sadurungé Rakai Pikatan. Mula saka iku banjur dirunut yèn Pu Palar (Pu Plâr) iku sadurungé isih dadi bawahé Samaratungga. Putrané, Rakai Pikatan Pu Manuku dhaup karo Pramodhawardhani sing marisi karajan Mataram Kuna.

Béda manèh karo pamikirané Slamet Muljana sing nganggep Rakai Garung iku ura padha karo Dang Karayân Partâpan Pu Plâr.[2] Alesané, Dang Karayân mau mung duwé gelar haji (raja cilik utawa panggedhé), dudu maharaja. Jeneng Dang Karayân uga ora tinemu ing silsilah raja ing Prasasti Poh Pitu. Dadi, sing dimaksud Rakai Garung iki, déning Slamet, padha karo Samaratungga.

Rujukan besut

  1. The Javanese Candhi: Function and Meaning, R. Soekmono, EJ Bril. 1995
  2. Sriwijaya. Slamet Muljana. LKiS. 2006


Didhisiki déning:
Rakai Warak
{{{jabatan}}}
828—847
Diganti déning:
Rakai Pikatan